Doing the Impossible, swallowing the sword, cutting through fear | Dan Meyer | TEDxMaastricht
-
0:08 - 0:10Matur suwun.
-
0:16 - 0:21Riyén wonten Maharaja ing India kang
ndamel titah ing dinten ambal warsanipun -
0:21 - 0:24yèn sekabèhé temenggung kedah mbekta
hadhiah kanggé sang raja. -
0:24 - 0:28Wonten kang mbekta sutra,
wonten kang mbekta pedhang mewah, -
0:28 - 0:29wonten kang mbekta emas.
-
0:29 - 0:33Ing pungkasanipun barisan wonten
tiyang sepuh kang keriput sanget -
0:33 - 0:37mlampah saking désanipun ing kathah dinten
langkung segara. -
0:37 - 0:41Nalika mlampah, putranipun raja tanglet,
"Hadhiah apa sing sampéyan gawa?" -
0:41 - 0:45Tiyang sepuh punika alon-alon mbukak
tanganipun nuduhaken -
0:45 - 0:50kerang kang bagus sanget, kaliyan
lengkung ungu lan kuning, abang lan biru. -
0:50 - 0:51Putranipun raja dhawuh,
-
0:51 - 0:54"Hadhiah iku ora cocok kanggo Raja!
Hadhiah apa iku?" -
0:55 - 0:57Tiyang sepuh punika ningali
putranipun raja lan sanjang, -
0:58 - 1:01"Mlampah kang dangu...bagéan
saking hadhiah." -
1:01 - 1:03(Ngguyu)
-
1:03 - 1:06Ing sadhéla, kula badhé nyukani
panjenengan sekaliyan hadhiah, -
1:06 - 1:08hadhiah kang kula percayani
hadhiah kang manfaat. -
1:08 - 1:10Nanging sadèrèngé, kula bekta panjenengan
-
1:10 - 1:12dhateng lampah kula.
-
1:12 - 1:14Kados penjenengan,
-
1:14 - 1:15kula lair minangka bocah cilik.
-
1:15 - 1:17Wonten pinten panjenengan kang lair
minangka bocah cilik? -
1:17 - 1:19Lair enom?
-
1:19 - 1:20Kira-kira setengahipun... Oke...
-
1:21 - 1:22(Ngguyu)
-
1:22 - 1:25Lan sisanipun napa?
Lahir minangka diwasa? -
1:25 - 1:28Kula kepéngin panggih ibu panjenengan!
-
1:28 - 1:29Niku mustail!
-
1:31 - 1:35Nalika cilik, kula kasengsem kalih
nglakoni kang mustail. -
1:36 - 1:39Dinten niki niku dinten ingkang kula
tunggu-tunggu, -
1:39 - 1:41krana dinten niki niku dinten
kula badhé nyobi -
1:41 - 1:44nindakaké kang mustail ing ngajengipun
penjenengan, -
1:44 - 1:45ing TEDxMaastricht mriki.
-
1:46 - 1:48Kula badhé mulai
-
1:49 - 1:51kalih nuduhaké pungkasanipun:
-
1:51 - 1:53kula badhé mbuktèkaken
-
1:53 - 1:55yèn ingkang mustail niku
mboten mustail. -
1:55 - 1:58Kula badhé mungkasi kaliyan nyukani
panjenengan hadhiah kang manfaat: -
1:58 - 2:01Kula badhé nuduhaké yèn panjenengan saget
nglakoni kang mustail. -
2:03 - 2:05Ing usaha kula nglakoni kang mustail,
kula nemoaken yèn -
2:05 - 2:08ana kalih perkara ingkang sami
ing antarané manungsa sedaya. -
2:08 - 2:10Manungsa sedaya gadhah ajrih,
-
2:10 - 2:12lan manungsa sedaya gadhah impèn.
-
2:13 - 2:18Ing usaha kula nglakoni kang mustail,
kula nemoaken tigang perkawis -
2:18 - 2:20kang sampun kula lakoni taunan
ingkang nyebabaké -
2:20 - 2:23kula nglakoni perkawis kang mustail:
-
2:24 - 2:27Dodgeball, utawi panjenengan
arani "Trefbal", -
2:27 - 2:28Superman,
-
2:28 - 2:29lan Nyamuk.
-
2:29 - 2:31Menika tiga tembung kunci.
-
2:31 - 2:34Saniki panjenengan ngertos alasan
kula nglakoni kang mustail. -
2:34 - 2:36Kula badhé mbekta panjenengan dhateng
lelungan kula, -
2:36 - 2:39saking ajrih marang impèn,
-
2:39 - 2:41saking tembung marang pedhang,
-
2:41 - 2:43saking Dodgeball
-
2:43 - 2:44marang Superman
-
2:44 - 2:45marang Nyamuk.
-
2:46 - 2:47Kula pèngin nuduhaken
-
2:47 - 2:50caranipun nindakaken ingkang mustail.
-
2:52 - 2:554 Oktober 2007.
-
2:56 - 2:58Ati kula ndhredheg,
jengku kula gemeter -
2:58 - 2:59nalika minggah panggung
-
2:59 - 3:01ing Teater Sanders
-
3:01 - 3:03Universitas Harvard damel nampi
-
3:03 - 3:06Hadhiah Nobel Ig 2007 ing Obat-obatan
-
3:06 - 3:09kanggé riset medis ingkang kula
tulis sareng -
3:09 - 3:10kaléh judhul "Ngulu Pedhang...
-
3:10 - 3:12... lan Efek Sampingipun".
-
3:12 - 3:13(Ngguyu)
-
3:14 - 3:18Menika diterbitaken ing jurnal alit,
kula dhèreng naté waos sadèréngé, -
3:18 - 3:20British Medical Journal.
-
3:21 - 3:25Damel kula, menika wau impèn mustail
kang dados kasunyatan, -
3:25 - 3:28kejutan kang mboten dinyana damel
tiyang kados kula, -
3:28 - 3:31pakurmatan kang mboten badhé
kula supéaken. -
3:31 - 3:35Tapi, menika wau sanès bagèan kang
paling kula ilingi. -
3:36 - 3:384 Oktober 1967,
-
3:38 - 3:40laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niki
-
3:41 - 3:43ngalami ajrih ingkang sanget.
-
3:43 - 3:46Nalika dhèwèké nyiapaken
minggah panggung, -
3:46 - 3:47manahipun ndhredheg,
-
3:48 - 3:49jengkunipun gemeter.
-
3:50 - 3:52Dhèwèké badhé mbukak lambénipun,
-
3:56 - 3:58mboten wonten tembung ingkang medal.
-
3:58 - 4:00Dhèwèké gemeteran ing luh.
-
4:01 - 4:02Lumpuh ing panik,
-
4:02 - 4:04mbeku ing ajrih.
-
4:04 - 4:06Laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niki
-
4:06 - 4:08ngalami ajrih ingkang sanget.
-
4:09 - 4:10Dhèwèké ajrih marang peteng,
-
4:11 - 4:12ajrih marang panggèn inggil,
-
4:12 - 4:13ajrih marang laba-laba lan ula.
-
4:13 - 4:15Wonten kang ajrih kaliyan laba-laba
lan ula? -
4:15 - 4:17Nggih, wonten sawetara..
-
4:17 - 4:19Dhèwèké ajrih marang toya lan hiu..
-
4:19 - 4:22Ajrih marang dokter, suster lan
dokter waja, -
4:22 - 4:25lan dom lan bor lan barang kang cetha.
-
4:25 - 4:27Nanging dhèwèké paling ajrih
marang -
4:27 - 4:28tiyang.
-
4:29 - 4:32Laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niku
-
4:32 - 4:33kula.
-
4:33 - 4:36Kula ajrih marang kegagalan lan penolakan,
-
4:37 - 4:40mboten percaya diri,
kompleks inferioritas, -
4:40 - 4:43lan perkara ingkang wektu niku dèrèng
dipuntepangi: -
4:43 - 4:45gangguan kecemasan sosial.
-
4:45 - 4:49Amarga ajrih, perundung nggodha
lan nggebagi kula. -
4:49 - 4:52Sedaya nggujeng lan ngèjèk kula,
mboten ngajak kula dolanan -
4:52 - 4:54rusa kutub.
-
4:55 - 4:58Wonten setunggal dolanan ingkang kula
diangsalaken tumut... -
4:58 - 4:59Dodgeball -
-
5:00 - 5:01kula sanès pandolan kang saé.
-
5:02 - 5:04Perundung punika nimbali nami kula,
-
5:04 - 5:06nalika ndongak, wonten bal abrit
-
5:06 - 5:08nubruk wajah kula enggal pisan
-
5:08 - 5:10bam, bam, bam!
-
5:11 - 5:13kula émut ndinten-dinten mlampah
wangsul saking sekolah, -
5:13 - 5:18wajah kula abrit lan perih,
kuping kula abrit lan mbrenginging. -
5:18 - 5:21Paningal kula panas kaliyan luh,
-
5:21 - 5:24lan gunemané perundung punika
mbakar kuping kula. -
5:24 - 5:25Lan sintena kang criyos,
-
5:25 - 5:29"Tongkat lan watu saget nugelaken balung
kula tapi guneman mboten saget natoni" -
5:29 - 5:30Menika mboten leres.
-
5:30 - 5:32Guneman saget ngiris kados lading.
-
5:32 - 5:34Guneman saget nyuduk kados pedhang.
-
5:34 - 5:36Guneman saget natoni kang jero
-
5:36 - 5:38ngantos mboten saget dipriksani.
-
5:38 - 5:41Kula gadhah ajrih.
Lan guneman niku musuh bebuyutan kula. -
5:41 - 5:42Taksih.
-
5:43 - 5:45Tapi kula nggih gadhah impèn.
-
5:45 - 5:48Nalika dugi griya,
kula slimuraken kaliyan komik Superman -
5:48 - 5:50kula maos komik Superman
-
5:50 - 5:53ing awangan kula, kula péngén dados
pahlawan super kados Superman. -
5:53 - 5:56Kula péngén merjuangaken
ingkang leres lan adhil, -
5:56 - 5:59merangi tiyang ala lan séla kripton,
-
5:59 - 6:03miber keliling dunya mbiantu lan
nlyametaken tiyang lintu. -
6:03 - 6:06Kula ugi kesengsem kaliyan barang
kang nyata. -
6:06 - 6:09Kula maos Guiness Book of World Records
lan buku Ripley's Believe it or Not. -
6:09 - 6:13Wonten kang nate maos Guinness
Book of World Records utawi Ripley's ? -
6:13 - 6:14Kula remen buku niku wau!
-
6:14 - 6:16Kula ningali tiyang nyata nindakaké
barang nyata. -
6:16 - 6:18Kula péngin nindakaké punika.
-
6:18 - 6:19Menawi perundung niku nglarang
kula -
6:19 - 6:21dolanan kaliyan dhèwèké,
-
6:21 - 6:23kula péngin nindakaké sihir nyata,
barang nyata, -
6:23 - 6:27nindakaké samukawis kang linangkung,
perundung mboten saget tindakaken. -
6:27 - 6:29Kula péngin sumerep tujuan gesang kula,
-
6:29 - 6:31menawi gesang kula gadhah jarwa,
-
6:31 - 6:33kula péngin nindakaké samukawis kang
linangkung damel ngéwahi dunya; -
6:33 - 6:37kula péngin mbuktèkaken menawi kang
mustail niku mboten mustail. -
6:38 - 6:4010 taun saksampunipun -
-
6:40 - 6:43Seminggu sakdèrèngé ambal warsa 21
kula. -
6:43 - 6:47Wonten kalih kedadosan ing sedinten kang
badhé ngéwahi gesang kula. -
6:47 - 6:49Wektu niku kula gesang ing Tamil Nadu,
India Kidul -
6:50 - 6:51Kula wektu niku misionaris,
-
6:51 - 6:53lan mentor kula,
réncang kula tanglet, -
6:53 - 6:55"Sampéyan duwé Throme, Daniel?"
-
6:55 - 6:57Kula tanglet, "Thromes?
Apa iku Thromes?" -
6:57 - 7:00Dhèwèké sanjang, "Thromes iku tujuan urip
sing gedhé. -
7:00 - 7:05kombinasi antara impèn lan tujuan,
yèn sampéyan iso -
7:05 - 7:07nglakoni apa waé, lunga
nyang endi waé, -
7:07 - 7:08dadi sapa waé sing kokpéngini,
-
7:08 - 7:10arep lunga nyang endi sampéyan?
arep nglakoni apa sampéyan? -
7:10 - 7:11arep dadi sapa sampéyan?
-
7:11 - 7:14Kula sanjang,"Aku ora iso! aku wediyan!
Aku wedi karo apa waé!" -
7:14 - 7:18Ing dalu niku kula bekta gelaran kula
dateng atap bungalow, -
7:18 - 7:19lintang dados atapipun,
-
7:19 - 7:22lan ningali lawa mangsa nyamuk.
-
7:22 - 7:26Kula namung mikiraken thromes,
impèn lan tujuan kula, -
7:26 - 7:28lan para perundung kaliyan dodgeball.
-
7:29 - 7:31Ing sawetara jam, lajeng kula tangi.
-
7:31 - 7:34Manah kula dheg-dhegan,
jengku kula gemeter. -
7:34 - 7:36Tapi niki sanès amargi ajrih.
-
7:36 - 7:38Badan kula kejang.
-
7:38 - 7:40Ing gangsal dinten
-
7:40 - 7:44kula bola-bali sadhar lan mboten, ing
ranjang kematian merjuangaken gesang kula. -
7:44 - 7:48Utek kula panas 40 derajat demam malaria.
-
7:48 - 7:52Saben sadhar, kula namung mikiraken
thromes. -
7:52 - 7:54Ing manah kula,
"Apa sing takpéngini karo uripku?" -
7:54 - 7:56Akhiripun, sedalu sadèrèngé
ambal warsa 21 kula, -
7:56 - 7:58nalika sedanten gamblang,
-
7:58 - 8:00kula sadhar:
-
8:00 - 8:02kula sadhar menawi nyamuk alit niku,
-
8:03 - 8:05Anopheles Stephensi,
-
8:05 - 8:07nyamuk alit niku
-
8:07 - 8:08kang antebipun kirang saking
5 mikrogram -
8:08 - 8:10kirang saking antebipun uyah,
-
8:10 - 8:13menawi nyamuk menika saget ngalahaken
tiyang 170 pon, 80 kilo, -
8:13 - 8:15kula sadhar menika wau
séla kripton kula. -
8:15 - 8:17Lajeng kula sadhar,
sanès, sanès nyamuké, -
8:17 - 8:19tapi parasit alit ing dalem nyamukipun,
-
8:19 - 8:23Plasmodium Falciparum, kang mejahi
langkung saking seyuta tiyang setaun. -
8:24 - 8:26Lajeng kula sadhar
Sanès niku, tapi langkung alit, -
8:26 - 8:29kula ngraos menika wau
langkung ageng. -
8:29 - 8:30Kula sadhar,
-
8:30 - 8:31ajrih menika séla kripton kula,
-
8:31 - 8:32parasit kula,
-
8:32 - 8:35kang sampun nglumpuhaken kula
salebetipun gesang kula. -
8:35 - 8:38Baya lan ajrih niku bènten.
-
8:38 - 8:40Baya menika nyata.
-
8:40 - 8:42Ajrih menika pilihan.
-
8:42 - 8:44Lan kula sadhar kula gadhah pilihan:
-
8:44 - 8:48kula saget gesang ing ajrih,
lan séda ing kewurungan dalu niku, -
8:49 - 8:52utawi kula saget ngilangaken ajrih kula,
lan kula saget -
8:52 - 8:56mujudaken pangimpèn kula,
wantun nglampahi gesang kula. -
8:57 - 9:00Nalika panjenengan wonten ing
ranjang kematian -
9:00 - 9:04lan ngadhepi pejah, punika saget ndamel
panjenengan kersa nglampahi gesang. -
9:04 - 9:07Kula sadhar tiyang saget pejah,
mboten sedanten saget gesang saéstu. -
9:08 - 9:10Ing sekarat, kita saget gesang.
-
9:10 - 9:12Nalika sinau damel pejah,
-
9:12 - 9:13panjenengan sinau damel gesang.
-
9:13 - 9:15Kula mutusaken menawi kula
badhé ngéwahi -
9:15 - 9:16cariyos kula dalu niku.
-
9:17 - 9:18Kula mboten kersa pejah.
-
9:18 - 9:20Dados kula ndonga,
-
9:20 - 9:22"Gusti, menawi kula taksih gesang
ngantos ambal warsa 21, -
9:22 - 9:25kula mboten péngin ajrih ngatur
gesang kula malih. -
9:25 - 9:27Kula badhé ngilangaken ajrih,
-
9:27 - 9:30kula badhé mujudaken pangimpèn kula,
-
9:30 - 9:31kula kersa ngéwahi sikap kula,
-
9:31 - 9:34nindakaken samubarang kang linangkung
ing gesang, -
9:34 - 9:36kula kersa nemoaken tujuan gesang kula,
-
9:36 - 9:39lan mangertosi menawi kang mustail
niku mboten mustail." -
9:39 - 9:43Kula mboten badhé nyriosi menawi kula
slamet dalu niku, pados mangertos piyambak -
9:43 - 9:44(Ngguyu)
-
9:44 - 9:47Nanging dalu punika kula ndamel daftar
10 Thromes awal kula: -
9:47 - 9:50Kula péngin nyambangi benua utama
-
9:50 - 9:52nyambangi 7 Keajaiban Dunia
-
9:52 - 9:53sinau kathah basa,
-
9:53 - 9:55gesang ing pulau kang terpencil,
-
9:55 - 9:56gesang ing kapal ing seganten,
-
9:56 - 9:59gesang kaliyan suku Indian
ing Amazon, -
9:59 - 10:01minggah ngantos puncak gunung
paling inggil ing Swedia, -
10:01 - 10:03ningali Gunung Everest nalika
srengéngé mlethèk, -
10:03 - 10:05nyambut damel ing bisnis musik
ing Nashville, -
10:05 - 10:07kula péngin nyambut damel
kaliyan sirkus, -
10:07 - 10:09lan mlumpat saking pesawat.
-
10:09 - 10:12Langkung saking kalih dasa tahun,
kula wujudaken throme kula. -
10:12 - 10:15Saben kula kasil nindakaken
setunggal throme, -
10:15 - 10:18kula tambahi 5 utawi 10 malih,
daftar kula tambah ageng. -
10:19 - 10:23Ing pitung taun saklajengipun, kula gesang
ing pulau alit ing Bahamas -
10:23 - 10:25ing pitung taun
-
10:25 - 10:27ing gubuk,
-
10:29 - 10:34numbak ulam hiu lan pari damel tedhan,
namung kula ing pulau punika, -
10:34 - 10:36nganggé cawat,
-
10:37 - 10:39lan kula sinau nglangi kaliyan hiu.
-
10:39 - 10:41Saking ngrika, kula pindhah dhateng Mexico,
-
10:41 - 10:45lajeng dhateng basin Kali Amazon
ing Ekuador, -
10:45 - 10:48Pujo Pongo Ekuador,
gesang kaliyan suku ing ngrika, -
10:48 - 10:52sekedhik baka sekedhik kula dados
percaya dhiri amargi throme kula. -
10:52 - 10:55Kula pindhah dhateng bisnis musik
ing Nashville, lajeng Swedia, -
10:55 - 10:58pindhah dhateng Stockholm,
nyambut damel ing bisnis musik, -
10:58 - 11:02kula ugi minggah puncak redi Kebnekaise
tebih ing inggilé Lingkaran Arktik. -
11:03 - 11:05Kula sinau dados badhut,
-
11:05 - 11:06lan sulap bola,
-
11:06 - 11:07lan mlampah kaliyan égrang,
-
11:07 - 11:10sepédhahan roda setunggal,
mangan geni lan beling. -
11:10 - 11:14Ing 1997 kula mireng namung wonten kirang
saking kalihwelas penelan pedhang -
11:14 - 11:15kula sanjang, "aku kudu iso
ngulu pedhang!" -
11:15 - 11:18Kula kepanggih penelan pedhang,
lan kula nedha tips. -
11:18 - 11:20Piyambaké sanjang, "Tak wènèhi 2 tips:
-
11:20 - 11:22Nomer 1: Iki bahaya banget,
-
11:22 - 11:24Akèh sing mati saka nglakoni iki.
-
11:24 - 11:25Nomer 2:
-
11:25 - 11:26Aja dicoba!"
-
11:26 - 11:28(Ngguyu)
-
11:28 - 11:30Dados kula tambahaken menika
ing daftar throme. -
11:30 - 11:33Kula latihan kaping 10 ngantos 12
sedinten, saben dinten -
11:34 - 11:35ing sekawan taun.
-
11:35 - 11:37Saniki kula itung-itung...
-
11:37 - 11:404 x 365 [x 12]
-
11:40 - 11:43kinten-kinten 13.000 cobèn kang gagal
-
11:43 - 11:45sadèrèngé kasil ngulu pedhang
ing 2001. -
11:46 - 11:48Wektu niku kula ndamel
setunggal throme -
11:48 - 11:51supados dados ahli penelan pedhang
ing dunya. -
11:51 - 11:54Kula waos sedaya buku , majalah,
artikel koran, -
11:54 - 11:58sedaya laporan medis,
kula sinau fisiologi, anatomi, -
11:58 - 12:00kula diskusi kaliyan dokter lan suster,
-
12:00 - 12:02ngempalaken sedaya penelan pedhang
-
12:02 - 12:04ing dalem Sword Swallowers Association
International, -
12:04 - 12:06lan nindakaken 2 taun penelitian medis
-
12:06 - 12:09ing Ngulu Pedhang lan Efek Sampingipun
-
12:09 - 12:11kang diterbitaken ing
British Medical Journal. -
12:11 - 12:12(Ngguyu)
-
12:12 - 12:13Matur suwun.
-
12:13 - 12:18(Keplok)
-
12:18 - 12:22Kula angsal sawetara kaweruh
babagan ngulu pedhang. -
12:22 - 12:25Kula yakin jenengan dèrèng naté pikiraken,
tapi pasti mikiraken samantun niki. -
12:25 - 12:29Kala wangsul mangké, lan ngiris steak
panjenengan kaliyan lading -
12:29 - 12:32utawi pedhang, utawi "bestek",
panjenengan badhé mikiraken niki... -
12:34 - 12:37Ngulu pedhang menika
diwiwiti ing India - -
12:37 - 12:40panggénan kula ningali ngulu pedhang
pertama kali kala kula 21 taun - -
12:40 - 12:42kinten-kinten 4000 tahun kepengker,
2000 SM. -
12:42 - 12:46Salebetipun langkung saking 150 taun,
penelan pedhang digunakaken -
12:46 - 12:47ing bidhang sains lan obat-obatan
-
12:47 - 12:51kanggé mbiantu ngembangaken
endoskop kaku ing 1868 -
12:51 - 12:54déning Dr. Adolf Kussmaul
ing Freiburg Germany. -
12:54 - 12:57Ing 1906, electrokardiogram ing Wales,
-
12:57 - 13:00kanggé nyinauni penyakit babagan
ngulu lan pencernaan, -
13:00 - 13:02bronkoskop lan sajinisipun.
-
13:02 - 13:04Tapi salebetipun langkung
saking 150 taun, -
13:04 - 13:08wonten atusan cidra lan
puluhan pejah... -
13:08 - 13:15Menika endoskop kaku kang dikembangaken
déning Dr. Adolf Kussmaul. -
13:15 - 13:19Nanging kita nemoaken menawa wonten
29 pejah ing salebetipun 150 taun niki -
13:19 - 13:22kalebet penelan pedhang ing London niki
kang nujleb manahipun kaliyan pedhang. -
13:23 - 13:25Ugi wonten 3 ngantos 8
-
13:25 - 13:28cidro saking ngulu pedhang
kang serius saben taun. -
13:28 - 13:30Kula sumerep amargi kula ditelpon.
-
13:30 - 13:31Kula nembé ditelpon ping kalih,
-
13:31 - 13:34setunggal saking Swedia lan saking
Orlando minggu kepengker, -
13:34 - 13:37penelan pedhang kang opnam
ing omah sakit amargi cidro. -
13:37 - 13:39Dados niki bahaya sanget.
-
13:39 - 13:42Perkawis lintuné kang kula pahami
menawi ngulu pedhang mbutuhaken -
13:42 - 13:44saking 2 ngantos 10 taun damel nyinauni
caranipun ngulu pedhang -
13:44 - 13:46damel kathah tiyang.
-
13:46 - 13:48Tapi perkawis kang paling linangkung
nggéh menika -
13:48 - 13:51caranipun penelan pedhang nyobi
nindakaken perkawis kang mustail. -
13:51 - 13:53Kula badhé nyukani penjenengan
wados alit: -
13:54 - 13:58Ampun fokus kaliyan 99.9%
kang mustail. -
13:58 - 14:02Fokus kaliyan .1% kang mungkin, lan sinau
caranipun ndamel mungkin perkawis menika. -
14:03 - 14:06Kula badhé mbekta panjenengan ing dalem
manahipun penelan pedhang. -
14:06 - 14:09Supados saget ngulu pedhang, dibutuhaken
meditasi "pikiran atas materi", -
14:09 - 14:12konsentrasi tingkat inggil,
akurasi kang sampurna kanggé -
14:12 - 14:16ngasingaken organ badhan internal lan
ngilangaken refleks otomatis badhan -
14:16 - 14:20langkung sinopsis otak kang kiat,
langkung memori otot kang diulang-ulang -
14:20 - 14:24déning latian langkung saking
kaping 1.000. -
14:24 - 14:28Kula badhé mbekta panjenengan ing dalem
badhanipun penelan pedhang. -
14:28 - 14:30Supados saget ngulu pedhang,
-
14:30 - 14:32kula kedah nyelipaken pedhang langkung
ilat kula, -
14:32 - 14:35nahan refleks mutah ing
kerongkongan serviks, -
14:35 - 14:38bélok 90 drajat mandhapi epiglotis,
-
14:38 - 14:41langkung cricopharyngeal
sfingter esofagus inggil, -
14:41 - 14:43nahan refleks perystalsis,
-
14:43 - 14:44nyelipaken pedhang dhateng
rongga dhadha -
14:44 - 14:46ing antawisipun paru-paru.
-
14:46 - 14:48Ing titik niki,
-
14:48 - 14:50kula kedah nekan dhateng samping
jantung kula. -
14:50 - 14:52Menawi ditingali kaliyan titi,
-
14:52 - 14:54saged ditingali jantung kula berdenyut
kaliyan pedhang -
14:54 - 14:56amargi pedhangipun nyèndhèn jantung
-
14:56 - 14:59dipisahaken kaliyan kinten-kinten wolung
inci jaringan esophageal. -
14:59 - 15:01Niki sanès perkawis kang saged
di damel-damel. -
15:01 - 15:03Langkung pedhangipun kedah diselipaken
langkung tosan dhadha, -
15:03 - 15:06langkung sfingter esofagus andhap,
mandhap dhateng lambung, -
15:06 - 15:09nahan refleks mutah ing lambung
ngantos duodenum. -
15:09 - 15:10Gampang.
-
15:10 - 15:11(Ngguyu)
-
15:11 - 15:13Menawi kula lanjutaken,
-
15:13 - 15:18ngantos tuba falopi kula.
(Basa Landa) Eileiders! -
15:18 - 15:21Mangké panjenengan saged tanglet
garwanipun piyambak... -
15:22 - 15:24Tiyang tanglet kula,
-
15:24 - 15:27"Kedah kendel sanget supados saget
ngadhepi risiko ing gesang -
15:27 - 15:29nekan jantung, lan
ngulu pedhang..." -
15:29 - 15:30Mboten. Kang mbetahaken kekendelan
-
15:30 - 15:33yaiku damel ajrih, lingsem, kera,
lan lemah niku -
15:33 - 15:36ngadhepi kegagalan lan penolakan,
-
15:36 - 15:37mbikak manahipun,
-
15:37 - 15:38lan ngulu egonipun
-
15:38 - 15:41lan jumeneng ing mriki, ing ajengipun
tiyang asing -
15:41 - 15:44nyriosaken babagan ajrih
lan pangimpèn piyambakipun, -
15:44 - 15:48kaliyan risiko mutah,
ing artosan literal lan figuratif. -
15:48 - 15:49Matur suwun.
-
15:49 - 15:54(Keplok)
-
15:54 - 15:56Kang linangkung saèstu yaniku
-
15:56 - 15:59kula tansah kersa nindakaken
perkawis kang linangkung -
15:59 - 16:00lan saniki kula saget.
-
16:00 - 16:03Nanging perkawis kang linangkung saèstu
sanès saget ngulu -
16:03 - 16:05pedhang 21 ing setunggal wektu,
-
16:08 - 16:10utawi 20 kaki ing lebet toya ing tangki
kebak 88 hiu lan iwak pari -
16:10 - 16:12damel Ripley's Believe It or Not,
-
16:14 - 16:18utawi dipanasaken ngantos 1500 drajat
damel Stan Lee's Superhumans -
16:18 - 16:19dados "Manungsa Baja"
-
16:20 - 16:22lan menika bentèr sanget!
-
16:22 - 16:25Utawi narik montor kaliyan pedhang
damel Ripley's, -
16:25 - 16:26utawi Guinness,
-
16:26 - 16:29utawi mlebet finalipun
America's Got Talent, -
16:29 - 16:32utawi menangaken Ig Nobel Prize
in Medicine 2007. -
16:32 - 16:34Sanès, menika sanès perkawis
kang linangkung saèstu. -
16:34 - 16:36Menika kang tiyang lintu manahaken.
Sanès. Sanès menika. -
16:36 - 16:38Perkawis kang linangkung saèstu
-
16:38 - 16:41yaniku Tuhan saget mendhet laré ajrih,
lingsem, kera, lan lemah niku -
16:41 - 16:42kang ajrih kaliyan papan inggil,
-
16:42 - 16:44kang ajrih kaliyan toya lan hiu,
-
16:44 - 16:46lan dokter lan suster
lan dom lan barang kang landhep -
16:46 - 16:48lan criyos dhateng tiyang
-
16:48 - 16:50lan saniki Tuhan ndamel kula miber
kliling dunya -
16:50 - 16:51kang inggilipun 30.000 kaki
-
16:51 - 16:54ngulu barang kang landhep, ing lebetipun
toya ing tangki hiu, -
16:54 - 16:57lan criyos kaliyan dokter lan suster
lan hadirin kados panjenengan. -
16:57 - 17:00Punika perkawis kang linangkung saèstu
damel kula. -
17:00 - 17:01Kula tansah kersa nindakaken
perkawis kang mustail - -
17:01 - 17:02Matur suwun.
-
17:02 - 17:04(Keplok)
-
17:04 - 17:05Matur suwun.
-
17:06 - 17:09(Keplok)
-
17:10 - 17:13Kula tansah kersa nindakaken perkawis
mustail, saniki kula saged. -
17:13 - 17:16Kula kersa nindakaken perkawis linangkung
ing gesang lan ngéwahi dunya, -
17:16 - 17:17saniki kula saged.
-
17:17 - 17:20Kula tansah kersa miber kliling dunya
mbiantu -
17:20 - 17:21lan nylametaken tiyang,
saniki kula saget. -
17:21 - 17:23Panjenengan sumerep?
-
17:23 - 17:26Taksih wonten sisa pangimpènipun
laré alit menika -
17:26 - 17:27tebih ing lebet.
-
17:30 - 17:36(Ngguyu) (Keplok)
-
17:37 - 17:40Kula tansah kersa nemoaken
tujuan gesang kula, -
17:40 - 17:42lan saniki sampun kula temoaken.
-
17:42 - 17:43Punapa menika?
-
17:43 - 17:46Sanès kaliyan pedhang, sanès manahanipun
tiyang, utawi kekiyatan kula. -
17:46 - 17:49Nanging slaeresipun pangapesanipun kula,
tembung. -
17:49 - 17:51Tujuan gesang kula yaniku damel
ngéwahi dunya -
17:51 - 17:52déning ngilangaken ajrih,
-
17:52 - 17:55setunggal pedhang ing sawekdal,
setunggal tembung ing sawekdal, -
17:55 - 17:57setunggal lading ing sawekdal,
setunggal gesang ing sawekdal, -
17:58 - 18:00damel nginspirasi tiyang dados
pahlawan super -
18:00 - 18:02lan nindakaken kang mustail
ing gesangipun. -
18:02 - 18:05Tujuan kula yaniku damel mbiantu
tiyang nemoaken tujuanipun. -
18:05 - 18:06Menawi panjenengan?
-
18:06 - 18:07Napa tujuan panjenengan?
-
18:07 - 18:09Konjuk punapa panjenengan diciptaaken?
-
18:09 - 18:12Kula percados kita sedanten
pahlawan super. -
18:12 - 18:14Napa kekiyatan super panjenengan?
-
18:15 - 18:18Saking kinten-kinten 7 miliar tiyang
ing dunya, -
18:18 - 18:20wonten kirang saking sawetara lusin
penelan pedhang -
18:20 - 18:22ing dunya saniki,
-
18:22 - 18:23nanging namung wonten setunggal
panjenengan. -
18:23 - 18:24Panjenengan menika unik.
-
18:24 - 18:26Punapa crita panjenengan?
-
18:26 - 18:28Punapa kang ndamel panjenengan
bènten? -
18:28 - 18:29Mangga dicriosaken,
-
18:29 - 18:32senaosa suwara panjenengan
lirih lan gemeter. -
18:32 - 18:33Punapa throme panjenengan?
-
18:33 - 18:36Bilih saget nindakaken napa mawon, dados
sinten mawon, tindhak teng pundi mawon -
18:36 - 18:37Badhé nindakaken napa?
badhé tindhak teng pundi? -
18:37 - 18:38Badhé nindakaken napa?
-
18:38 - 18:40Kersa nindakaken napa kaliyan
gesang panjennegan? -
18:40 - 18:42Napa pangimpèn ageng panjenengan?
-
18:42 - 18:44Nalika taksih alit?
monggo dimanahaken. -
18:44 - 18:46Sanés niki, kan?
-
18:46 - 18:48Napa pangimpèn paling liar
-
18:48 - 18:50kang panjenengan pikir anèh
lan mbebayani? -
18:50 - 18:54Niki ndamel pangimpèn panjenengan
mboten anèh, kan? -
18:55 - 18:57Napa pedhang panjenengan?
-
18:57 - 18:59Sedanten gadhah pedhang,
-
18:59 - 19:01pedhang bertepi kalih,
ajrih lan pangimpèn. -
19:01 - 19:04Monggo diulu pedhangipun,
punapa mawon. -
19:04 - 19:06Monggo ditumuti pangimpènipun,
para hadhirin, -
19:06 - 19:09mboten naté telat dados sinten mawon
kang panjenengan kersani. -
19:10 - 19:13Damel perundung kaliyan dodgeball,
laré kang mikir -
19:13 - 19:15menawi kula mboten naté nindakaken
kang mustail, -
19:15 - 19:18Kula badhé matur:
-
19:18 - 19:19Matur suwun.
-
19:19 - 19:22Amargi tanpa tiyang awon,
mboten wonten pahlawan super. -
19:23 - 19:27Ing mriki kula kersa mbuktèkaken
kang mustail mboten mustail. -
19:28 - 19:32Niki sanget mbebayani,
lan saget mejahi kula. -
19:32 - 19:34Mangga disekécaaken.
-
19:34 - 19:35(Ngguyu)
-
19:36 - 19:39Kula badhé mbetahaken
bantuan panjenengan. -
19:47 - 19:48Hadhirin: Kalih, tiga.
-
19:48 - 19:52Dan Meyer: Mboten. Kula mbetahaken
panjenengan damel ngétang, oke? -
19:52 - 19:53(Ngguyu)
-
19:53 - 19:56Bilih sumerap tembungipun? Mangga
ngétang kalih kula. Siap? -
19:56 - 19:57Setunggal.
-
19:57 - 19:58Kalih.
-
19:58 - 19:59Tiga.
-
19:59 - 20:01Sanès, niku 2, nanging panjenengan paham.
-
20:07 - 20:08Hadhirin: Setunggal.
-
20:08 - 20:09Kalih.
-
20:09 - 20:10Tiga.
-
20:11 - 20:13(Megap)
-
20:14 - 20:16(Keplok)
-
20:16 - 20:17DM: Inggih!
-
20:17 - 20:23(Keplok) (Sorak)
-
20:23 - 20:25Matur suwun sanget.
-
20:25 - 20:29Matur suwun, matur suwun, matur suwun.
Saking lebetipun manah kula. -
20:29 - 20:31Saleresipun, matur suwun saking
lebetipun madharan kula. -
20:32 - 20:35Kula dugi mriki damel nindakaken
kang mustail, saniki kula sampun. -
20:35 - 20:38Nanging menika mboten mustail.
Kula nindakaken menika saben dinten. -
20:38 - 20:43Kang mustail yaniku damel laré ajrih,
lingsem, kera, lan lemah niku ngadhepi ajrih -
20:43 - 20:45damel jumeneng ing panggung TEDx mriki,
-
20:45 - 20:47lan damel ngéwahi dunya,
satembung ing sawekdal, -
20:47 - 20:49sapedhang ing sawekdal,
sagesang ing sawekdal. -
20:49 - 20:52Bilih kula saget ndamel panjenengan
manah ing cara enggal lan percados -
20:52 - 20:54kang mustail mboten mustail,
-
20:54 - 20:58ugi saget ndamel sadhar, bilih panjenengan
saget nindakaken kang mustail, -
20:58 - 21:01Pandamelan kula sampun mantun,
lan panjenengan nembé miwiti. -
21:01 - 21:04Mangga terus nyupéna,
Mangga terus percados. -
21:05 - 21:06Matur suwun sampun percados kula
-
21:06 - 21:08lan dados bagéan pangimpèn kula.
-
21:08 - 21:10Menika hadhiah kula:
-
21:10 - 21:11Perkawis kang mustail mboten...
-
21:11 - 21:13Hadhirin: Mustail.
-
21:13 - 21:15Mlampah kang dangu bagéanipun hadhiah.
-
21:15 - 21:20(Keplok)
-
21:20 - 21:21Matur suwun.
-
21:21 - 21:25(Keplok)
-
21:26 - 21:28(Sorak)
-
21:28 - 21:30Host: Matur suwun, Dan Meyer, wow!
- Title:
- Doing the Impossible, swallowing the sword, cutting through fear | Dan Meyer | TEDxMaastricht
- Description:
-
Did you ever want to become a superhero, do the impossible and change the world?
As humans, we’re hard-wired for fear – to flee, fight or freeze in the face of danger. But can we learn to face our fears and overcome failure to do the impossible? Dan Meyer believes no matter how extreme our fears or how wild our dreams, we each have the potential to overcome our fears to become superheroes, do the impossible and change the world.
Director of a humanitarian aid agency in Kazakhstan, Meyer shares how he overcame a childhood of extreme fears, social anxiety disorder and bullying to do superhuman feats, become a finalist on America's Got Talent, win the 2007 Ig Nobel Prize in Medicine at Harvard, and become a 40x world record holder and world’s leading expert in one of the world's oldest and most dangerous arts - sword swallowing - and passionate about inspiring people to do the impossible in THEIR lives.
In this surprising and revealing TED talk, Meyer takes the audience on his journey from extreme fears to feats, wimp to world record holder, loser to Ig Nobel Prize winner and quitter to finalist on America's Got Talent. He reveals secrets behind the ancient art and science of sword swallowing, and describes his quest to cut through fear to overcome failure and the limitations of the human body to perform superhuman feats, do the impossible and change the world. He reveals tips on how YOU can do the impossible in YOUR life, and in a surprising ending, he attempts to do the impossible right before your eyes.
Dan Meyer @Halfdan
http://cuttingedgeinnertainment.comTEDxMaastricht:
http://tedxmaastricht.nlThis talk was given at a TEDx event using the TED conference format but independently organized by a local community. Learn more at http://ted.com/tedx
- Video Language:
- English
- Duration:
- 21:39