Matur suwun. Riyén wonten Maharaja ing India kang ndamel titah ing dinten ambal warsanipun yèn sekabèhé temenggung kedah mbekta hadhiah kanggé sang raja. Wonten kang mbekta sutra, wonten kang mbekta pedhang mewah, wonten kang mbekta emas. Ing pungkasanipun barisan wonten tiyang sepuh kang keriput sanget mlampah saking désanipun ing kathah dinten langkung segara. Nalika mlampah, putranipun raja tanglet, "Hadhiah apa sing sampéyan gawa?" Tiyang sepuh punika alon-alon mbukak tanganipun nuduhaken kerang kang bagus sanget, kaliyan lengkung ungu lan kuning, abang lan biru. Putranipun raja dhawuh, "Hadhiah iku ora cocok kanggo Raja! Hadhiah apa iku?" Tiyang sepuh punika ningali putranipun raja lan sanjang, "Mlampah kang dangu...bagéan saking hadhiah." (Ngguyu) Ing sadhéla, kula badhé nyukani panjenengan sekaliyan hadhiah, hadhiah kang kula percayani hadhiah kang manfaat. Nanging sadèrèngé, kula bekta panjenengan dhateng lampah kula. Kados penjenengan, kula lair minangka bocah cilik. Wonten pinten panjenengan kang lair minangka bocah cilik? Lair enom? Kira-kira setengahipun... Oke... (Ngguyu) Lan sisanipun napa? Lahir minangka diwasa? Kula kepéngin panggih ibu panjenengan! Niku mustail! Nalika cilik, kula kasengsem kalih nglakoni kang mustail. Dinten niki niku dinten ingkang kula tunggu-tunggu, krana dinten niki niku dinten kula badhé nyobi nindakaké kang mustail ing ngajengipun penjenengan, ing TEDxMaastricht mriki. Kula badhé mulai kalih nuduhaké pungkasanipun: kula badhé mbuktèkaken yèn ingkang mustail niku mboten mustail. Kula badhé mungkasi kaliyan nyukani panjenengan hadhiah kang manfaat: Kula badhé nuduhaké yèn panjenengan saget nglakoni kang mustail. Ing usaha kula nglakoni kang mustail, kula nemoaken yèn ana kalih perkara ingkang sami ing antarané manungsa sedaya. Manungsa sedaya gadhah ajrih, lan manungsa sedaya gadhah impèn. Ing usaha kula nglakoni kang mustail, kula nemoaken tigang perkawis kang sampun kula lakoni taunan ingkang nyebabaké kula nglakoni perkawis kang mustail: Dodgeball, utawi panjenengan arani "Trefbal", Superman, lan Nyamuk. Menika tiga tembung kunci. Saniki panjenengan ngertos alasan kula nglakoni kang mustail. Kula badhé mbekta panjenengan dhateng lelungan kula, saking ajrih marang impèn, saking tembung marang pedhang, saking Dodgeball marang Superman marang Nyamuk. Kula pèngin nuduhaken caranipun nindakaken ingkang mustail. 4 Oktober 2007. Ati kula ndhredheg, jengku kula gemeter nalika minggah panggung ing Teater Sanders Universitas Harvard damel nampi Hadhiah Nobel Ig 2007 ing Obat-obatan kanggé riset medis ingkang kula tulis sareng kaléh judhul "Ngulu Pedhang... ... lan Efek Sampingipun". (Ngguyu) Menika diterbitaken ing jurnal alit, kula dhèreng naté waos sadèréngé, British Medical Journal. Damel kula, menika wau impèn mustail kang dados kasunyatan, kejutan kang mboten dinyana damel tiyang kados kula, pakurmatan kang mboten badhé kula supéaken. Tapi, menika wau sanès bagèan kang paling kula ilingi. 4 Oktober 1967, laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niki ngalami ajrih ingkang sanget. Nalika dhèwèké nyiapaken minggah panggung, manahipun ndhredheg, jengkunipun gemeter. Dhèwèké badhé mbukak lambénipun, mboten wonten tembung ingkang medal. Dhèwèké gemeteran ing luh. Lumpuh ing panik, mbeku ing ajrih. Laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niki ngalami ajrih ingkang sanget. Dhèwèké ajrih marang peteng, ajrih marang panggèn inggil, ajrih marang laba-laba lan ula. Wonten kang ajrih kaliyan laba-laba lan ula? Nggih, wonten sawetara.. Dhèwèké ajrih marang toya lan hiu.. Ajrih marang dokter, suster lan dokter waja, lan dom lan bor lan barang kang cetha. Nanging dhèwèké paling ajrih marang tiyang. Laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niku kula. Kula ajrih marang kegagalan lan penolakan, mboten percaya diri, kompleks inferioritas, lan perkara ingkang wektu niku dèrèng dipuntepangi: gangguan kecemasan sosial. Amarga ajrih, perundung nggodha lan nggebagi kula. Sedaya nggujeng lan ngèjèk kula, mboten ngajak kula dolanan rusa kutub. Wonten setunggal dolanan ingkang kula diangsalaken tumut... Dodgeball - kula sanès pandolan kang saé. Perundung punika nimbali nami kula, nalika ndongak, wonten bal abrit nubruk wajah kula enggal pisan bam, bam, bam! kula émut ndinten-dinten mlampah wangsul saking sekolah, wajah kula abrit lan perih, kuping kula abrit lan mbrenginging. Paningal kula panas kaliyan luh, lan gunemané perundung punika mbakar kuping kula. Lan sintena kang criyos, "Tongkat lan watu saget nugelaken balung kula tapi guneman mboten saget natoni" Menika mboten leres. Guneman saget ngiris kados lading. Guneman saget nyuduk kados pedhang. Guneman saget natoni kang jero ngantos mboten saget dipriksani. Kula gadhah ajrih. Lan guneman niku musuh bebuyutan kula. Taksih. Tapi kula nggih gadhah impèn. Nalika dugi griya, kula slimuraken kaliyan komik Superman kula maos komik Superman ing awangan kula, kula péngén dados pahlawan super kados Superman. Kula péngén merjuangaken ingkang leres lan adhil, merangi tiyang ala lan séla kripton, miber keliling dunya mbiantu lan nlyametaken tiyang lintu. Kula ugi kesengsem kaliyan barang kang nyata. Kula maos Guiness Book of World Records lan buku Ripley's Believe it or Not. Wonten kang nate maos Guinness Book of World Records utawi Ripley's ? Kula remen buku niku wau! Kula ningali tiyang nyata nindakaké barang nyata. Kula péngin nindakaké punika. Menawi perundung niku nglarang kula dolanan kaliyan dhèwèké, kula péngin nindakaké sihir nyata, barang nyata, nindakaké samukawis kang linangkung, perundung mboten saget tindakaken. Kula péngin sumerep tujuan gesang kula, menawi gesang kula gadhah jarwa, kula péngin nindakaké samukawis kang linangkung damel ngéwahi dunya; kula péngin mbuktèkaken menawi kang mustail niku mboten mustail. 10 taun saksampunipun - Seminggu sakdèrèngé ambal warsa 21 kula. Wonten kalih kedadosan ing sedinten kang badhé ngéwahi gesang kula. Wektu niku kula gesang ing Tamil Nadu, India Kidul Kula wektu niku misionaris, lan mentor kula, réncang kula tanglet, "Sampéyan duwé Throme, Daniel?" Kula tanglet, "Thromes? Apa iku Thromes?" Dhèwèké sanjang, "Thromes iku tujuan urip sing gedhé. kombinasi antara impèn lan tujuan, yèn sampéyan iso nglakoni apa waé, lunga nyang endi waé, dadi sapa waé sing kokpéngini, arep lunga nyang endi sampéyan? arep nglakoni apa sampéyan? arep dadi sapa sampéyan? Kula sanjang,"Aku ora iso! aku wediyan! Aku wedi karo apa waé!" Ing dalu niku kula bekta gelaran kula dateng atap bungalow, lintang dados atapipun, lan ningali lawa mangsa nyamuk. Kula namung mikiraken thromes, impèn lan tujuan kula, lan para perundung kaliyan dodgeball. Ing sawetara jam, lajeng kula tangi. Manah kula dheg-dhegan, jengku kula gemeter. Tapi niki sanès amargi ajrih. Badan kula kejang. Ing gangsal dinten kula bola-bali sadhar lan mboten, ing ranjang kematian merjuangaken gesang kula. Utek kula panas 40 derajat demam malaria. Saben sadhar, kula namung mikiraken thromes. Ing manah kula, "Apa sing takpéngini karo uripku?" Akhiripun, sedalu sadèrèngé ambal warsa 21 kula, nalika sedanten gamblang, kula sadhar: kula sadhar menawi nyamuk alit niku, Anopheles Stephensi, nyamuk alit niku kang antebipun kirang saking 5 mikrogram kirang saking antebipun uyah, menawi nyamuk menika saget ngalahaken tiyang 170 pon, 80 kilo, kula sadhar menika wau séla kripton kula. Lajeng kula sadhar, sanès, sanès nyamuké, tapi parasit alit ing dalem nyamukipun, Plasmodium Falciparum, kang mejahi langkung saking seyuta tiyang setaun. Lajeng kula sadhar Sanès niku, tapi langkung alit, kula ngraos menika wau langkung ageng. Kula sadhar, ajrih menika séla kripton kula, parasit kula, kang sampun nglumpuhaken kula salebetipun gesang kula. Baya lan ajrih niku bènten. Baya menika nyata. Ajrih menika pilihan. Lan kula sadhar kula gadhah pilihan: kula saget gesang ing ajrih, lan séda ing kewurungan dalu niku, utawi kula saget ngilangaken ajrih kula, lan kula saget mujudaken pangimpèn kula, wantun nglampahi gesang kula. Nalika panjenengan wonten ing ranjang kematian lan ngadhepi pejah, punika saget ndamel panjenengan kersa nglampahi gesang. Kula sadhar tiyang saget pejah, mboten sedanten saget gesang saéstu. Ing sekarat, kita saget gesang. Nalika sinau damel pejah, panjenengan sinau damel gesang. Kula mutusaken menawi kula badhé ngéwahi cariyos kula dalu niku. Kula mboten kersa pejah. Dados kula ndonga, "Gusti, menawi kula taksih gesang ngantos ambal warsa 21, kula mboten péngin ajrih ngatur gesang kula malih. Kula badhé ngilangaken ajrih, kula badhé mujudaken pangimpèn kula, kula kersa ngéwahi sikap kula, nindakaken samubarang kang linangkung ing gesang, kula kersa nemoaken tujuan gesang kula, lan mangertosi menawi kang mustail niku mboten mustail." Kula mboten badhé nyriosi menawi kula slamet dalu niku, pados mangertos piyambak (Ngguyu) Nanging dalu punika kula ndamel daftar 10 Thromes awal kula: Kula péngin nyambangi benua utama nyambangi 7 Keajaiban Dunia sinau kathah basa, gesang ing pulau kang terpencil, gesang ing kapal ing seganten, gesang kaliyan suku Indian ing Amazon, minggah ngantos puncak gunung paling inggil ing Swedia, ningali Gunung Everest nalika srengéngé mlethèk, nyambut damel ing bisnis musik ing Nashville, kula péngin nyambut damel kaliyan sirkus, lan mlumpat saking pesawat. Langkung saking kalih dasa tahun, kula wujudaken throme kula. Saben kula kasil nindakaken setunggal throme, kula tambahi 5 utawi 10 malih, daftar kula tambah ageng. Ing pitung taun saklajengipun, kula gesang ing pulau alit ing Bahamas ing pitung taun ing gubuk, numbak ulam hiu lan pari damel tedhan, namung kula ing pulau punika, nganggé cawat, lan kula sinau nglangi kaliyan hiu. Saking ngrika, kula pindhah dhateng Mexico, lajeng dhateng basin Kali Amazon ing Ekuador, Pujo Pongo Ekuador, gesang kaliyan suku ing ngrika, sekedhik baka sekedhik kula dados percaya dhiri amargi throme kula. Kula pindhah dhateng bisnis musik ing Nashville, lajeng Swedia, pindhah dhateng Stockholm, nyambut damel ing bisnis musik, kula ugi minggah puncak redi Kebnekaise tebih ing inggilé Lingkaran Arktik. Kula sinau dados badhut, lan sulap bola, lan mlampah kaliyan égrang, sepédhahan roda setunggal, mangan geni lan beling. Ing 1997 kula mireng namung wonten kirang saking kalihwelas penelan pedhang kula sanjang, "aku kudu iso ngulu pedhang!" Kula kepanggih penelan pedhang, lan kula nedha tips. Piyambaké sanjang, "Tak wènèhi 2 tips: Nomer 1: Iki bahaya banget, Akèh sing mati saka nglakoni iki. Nomer 2: Aja dicoba!" (Ngguyu) Dados kula tambahaken menika ing daftar throme. Kula latihan kaping 10 ngantos 12 sedinten, saben dinten ing sekawan taun. Saniki kula itung-itung... 4 x 365 [x 12] kinten-kinten 13.000 cobèn kang gagal sadèrèngé kasil ngulu pedhang ing 2001. Wektu niku kula ndamel setunggal throme supados dados ahli penelan pedhang ing dunya. Kula waos sedaya buku , majalah, artikel koran, sedaya laporan medis, kula sinau fisiologi, anatomi, kula diskusi kaliyan dokter lan suster, ngempalaken sedaya penelan pedhang ing dalem Sword Swallowers Association International, lan nindakaken 2 taun penelitian medis ing Ngulu Pedhang lan Efek Sampingipun kang diterbitaken ing British Medical Journal. (Ngguyu) Matur suwun. (Keplok) Kula angsal sawetara kaweruh babagan ngulu pedhang. Kula yakin jenengan dèrèng naté pikiraken, tapi pasti mikiraken samantun niki. Kala wangsul mangké, lan ngiris steak panjenengan kaliyan lading utawi pedhang, utawi "bestek", panjenengan badhé mikiraken niki... Ngulu pedhang menika diwiwiti ing India - panggénan kula ningali ngulu pedhang pertama kali kala kula 21 taun - kinten-kinten 4000 tahun kepengker, 2000 SM. Salebetipun langkung saking 150 taun, penelan pedhang digunakaken ing bidhang sains lan obat-obatan kanggé mbiantu ngembangaken endoskop kaku ing 1868 déning Dr. Adolf Kussmaul ing Freiburg Germany. Ing 1906, electrokardiogram ing Wales, kanggé nyinauni penyakit babagan ngulu lan pencernaan, bronkoskop lan sajinisipun. Tapi salebetipun langkung saking 150 taun, wonten atusan cidra lan puluhan pejah... Menika endoskop kaku kang dikembangaken déning Dr. Adolf Kussmaul. Nanging kita nemoaken menawa wonten 29 pejah ing salebetipun 150 taun niki kalebet penelan pedhang ing London niki kang nujleb manahipun kaliyan pedhang. Ugi wonten 3 ngantos 8 cidro saking ngulu pedhang kang serius saben taun. Kula sumerep amargi kula ditelpon. Kula nembé ditelpon ping kalih, setunggal saking Swedia lan saking Orlando minggu kepengker, penelan pedhang kang opnam ing omah sakit amargi cidro. Dados niki bahaya sanget. Perkawis lintuné kang kula pahami menawi ngulu pedhang mbutuhaken saking 2 ngantos 10 taun damel nyinauni caranipun ngulu pedhang damel kathah tiyang. Tapi perkawis kang paling linangkung nggéh menika caranipun penelan pedhang nyobi nindakaken perkawis kang mustail. Kula badhé nyukani penjenengan wados alit: Ampun fokus kaliyan 99.9% kang mustail. Fokus kaliyan .1% kang mungkin, lan sinau caranipun ndamel mungkin perkawis menika. Kula badhé mbekta panjenengan ing dalem manahipun penelan pedhang. Supados saget ngulu pedhang, dibutuhaken meditasi "pikiran atas materi", konsentrasi tingkat inggil, akurasi kang sampurna kanggé ngasingaken organ badhan internal lan ngilangaken refleks otomatis badhan langkung sinopsis otak kang kiat, langkung memori otot kang diulang-ulang déning latian langkung saking kaping 1.000. Kula badhé mbekta panjenengan ing dalem badhanipun penelan pedhang. Supados saget ngulu pedhang, kula kedah nyelipaken pedhang langkung ilat kula, nahan refleks mutah ing kerongkongan serviks, bélok 90 drajat mandhapi epiglotis, langkung cricopharyngeal sfingter esofagus inggil, nahan refleks perystalsis, nyelipaken pedhang dhateng rongga dhadha ing antawisipun paru-paru. Ing titik niki, kula kedah nekan dhateng samping jantung kula. Menawi ditingali kaliyan titi, saged ditingali jantung kula berdenyut kaliyan pedhang amargi pedhangipun nyèndhèn jantung dipisahaken kaliyan kinten-kinten wolung inci jaringan esophageal. Niki sanès perkawis kang saged di damel-damel. Langkung pedhangipun kedah diselipaken langkung tosan dhadha, langkung sfingter esofagus andhap, mandhap dhateng lambung, nahan refleks mutah ing lambung ngantos duodenum. Gampang. (Ngguyu) Menawi kula lanjutaken, ngantos tuba falopi kula. (Basa Landa) Eileiders! Mangké panjenengan saged tanglet garwanipun piyambak... Tiyang tanglet kula, "Kedah kendel sanget supados saget ngadhepi risiko ing gesang nekan jantung, lan ngulu pedhang..." Mboten. Kang mbetahaken kekendelan yaiku damel ajrih, lingsem, kera, lan lemah niku ngadhepi kegagalan lan penolakan, mbikak manahipun, lan ngulu egonipun lan jumeneng ing mriki, ing ajengipun tiyang asing nyriosaken babagan ajrih lan pangimpèn piyambakipun, kaliyan risiko mutah, ing artosan literal lan figuratif. Matur suwun. (Keplok) Kang linangkung saèstu yaniku kula tansah kersa nindakaken perkawis kang linangkung lan saniki kula saget. Nanging perkawis kang linangkung saèstu sanès saget ngulu pedhang 21 ing setunggal wektu, utawi 20 kaki ing lebet toya ing tangki kebak 88 hiu lan iwak pari damel Ripley's Believe It or Not, utawi dipanasaken ngantos 1500 drajat damel Stan Lee's Superhumans dados "Manungsa Baja" lan menika bentèr sanget! Utawi narik montor kaliyan pedhang damel Ripley's, utawi Guinness, utawi mlebet finalipun America's Got Talent, utawi menangaken Ig Nobel Prize in Medicine 2007. Sanès, menika sanès perkawis kang linangkung saèstu. Menika kang tiyang lintu manahaken. Sanès. Sanès menika. Perkawis kang linangkung saèstu yaniku Tuhan saget mendhet laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niku kang ajrih kaliyan papan inggil, kang ajrih kaliyan toya lan hiu, lan dokter lan suster lan dom lan barang kang landhep lan criyos dhateng tiyang lan saniki Tuhan ndamel kula miber kliling dunya kang inggilipun 30.000 kaki ngulu barang kang landhep, ing lebetipun toya ing tangki hiu, lan criyos kaliyan dokter lan suster lan hadirin kados panjenengan. Punika perkawis kang linangkung saèstu damel kula. Kula tansah kersa nindakaken perkawis kang mustail - Matur suwun. (Keplok) Matur suwun. (Keplok) Kula tansah kersa nindakaken perkawis mustail, saniki kula saged. Kula kersa nindakaken perkawis linangkung ing gesang lan ngéwahi dunya, saniki kula saged. Kula tansah kersa miber kliling dunya mbiantu lan nylametaken tiyang, saniki kula saget. Panjenengan sumerep? Taksih wonten sisa pangimpènipun laré alit menika tebih ing lebet. (Ngguyu) (Keplok) Kula tansah kersa nemoaken tujuan gesang kula, lan saniki sampun kula temoaken. Punapa menika? Sanès kaliyan pedhang, sanès manahanipun tiyang, utawi kekiyatan kula. Nanging slaeresipun pangapesanipun kula, tembung. Tujuan gesang kula yaniku damel ngéwahi dunya déning ngilangaken ajrih, setunggal pedhang ing sawekdal, setunggal tembung ing sawekdal, setunggal lading ing sawekdal, setunggal gesang ing sawekdal, damel nginspirasi tiyang dados pahlawan super lan nindakaken kang mustail ing gesangipun. Tujuan kula yaniku damel mbiantu tiyang nemoaken tujuanipun. Menawi panjenengan? Napa tujuan panjenengan? Konjuk punapa panjenengan diciptaaken? Kula percados kita sedanten pahlawan super. Napa kekiyatan super panjenengan? Saking kinten-kinten 7 miliar tiyang ing dunya, wonten kirang saking sawetara lusin penelan pedhang ing dunya saniki, nanging namung wonten setunggal panjenengan. Panjenengan menika unik. Punapa crita panjenengan? Punapa kang ndamel panjenengan bènten? Mangga dicriosaken, senaosa suwara panjenengan lirih lan gemeter. Punapa throme panjenengan? Bilih saget nindakaken napa mawon, dados sinten mawon, tindhak teng pundi mawon Badhé nindakaken napa? badhé tindhak teng pundi? Badhé nindakaken napa? Kersa nindakaken napa kaliyan gesang panjennegan? Napa pangimpèn ageng panjenengan? Nalika taksih alit? monggo dimanahaken. Sanés niki, kan? Napa pangimpèn paling liar kang panjenengan pikir anèh lan mbebayani? Niki ndamel pangimpèn panjenengan mboten anèh, kan? Napa pedhang panjenengan? Sedanten gadhah pedhang, pedhang bertepi kalih, ajrih lan pangimpèn. Monggo diulu pedhangipun, punapa mawon. Monggo ditumuti pangimpènipun, para hadhirin, mboten naté telat dados sinten mawon kang panjenengan kersani. Damel perundung kaliyan dodgeball, laré kang mikir menawi kula mboten naté nindakaken kang mustail, Kula badhé matur: Matur suwun. Amargi tanpa tiyang awon, mboten wonten pahlawan super. Ing mriki kula kersa mbuktèkaken kang mustail mboten mustail. Niki sanget mbebayani, lan saget mejahi kula. Mangga disekécaaken. (Ngguyu) Kula badhé mbetahaken bantuan panjenengan. Hadhirin: Kalih, tiga. Dan Meyer: Mboten. Kula mbetahaken panjenengan damel ngétang, oke? (Ngguyu) Bilih sumerap tembungipun? Mangga ngétang kalih kula. Siap? Setunggal. Kalih. Tiga. Sanès, niku 2, nanging panjenengan paham. Hadhirin: Setunggal. Kalih. Tiga. (Megap) (Keplok) DM: Inggih! (Keplok) (Sorak) Matur suwun sanget. Matur suwun, matur suwun, matur suwun. Saking lebetipun manah kula. Saleresipun, matur suwun saking lebetipun madharan kula. Kula dugi mriki damel nindakaken kang mustail, saniki kula sampun. Nanging menika mboten mustail. Kula nindakaken menika saben dinten. Kang mustail yaniku damel laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niku ngadhepi ajrih damel jumeneng ing panggung TEDx mriki, lan damel ngéwahi dunya, satembung ing sawekdal, sapedhang ing sawekdal, sagesang ing sawekdal. Bilih kula saget ndamel panjenengan manah ing cara enggal lan percados kang mustail mboten mustail, ugi saget ndamel sadhar, bilih panjenengan saget nindakaken kang mustail, Pandamelan kula sampun mantun, lan panjenengan nembé miwiti. Mangga terus nyupéna, Mangga terus percados. Matur suwun sampun percados kula lan dados bagéan pangimpèn kula. Menika hadhiah kula: Perkawis kang mustail mboten... Hadhirin: Mustail. Mlampah kang dangu bagéanipun hadhiah. (Keplok) Matur suwun. (Keplok) (Sorak) Host: Matur suwun, Dan Meyer, wow!