WEBVTT 00:00:08.380 --> 00:00:09.561 Matur suwun. 00:00:16.270 --> 00:00:21.200 Riyén wonten Maharaja ing India kang ndamel titah ing dinten ambal warsanipun 00:00:21.200 --> 00:00:24.200 yèn sekabèhé temenggung kedah mbekta hadhiah kanggé sang raja. 00:00:24.400 --> 00:00:28.330 Wonten kang mbekta sutra, wonten kang mbekta pedhang mewah, 00:00:28.330 --> 00:00:29.490 wonten kang mbekta emas. 00:00:29.490 --> 00:00:32.659 Ing pungkasanipun barisan wonten tiyang sepuh kang keriput sanget 00:00:32.659 --> 00:00:36.630 mlampah saking désanipun ing kathah dinten langkung segara. 00:00:36.630 --> 00:00:41.150 Nalika mlampah, putranipun raja tanglet, "Hadhiah apa sing sampéyan gawa?" 00:00:41.457 --> 00:00:44.750 Tiyang sepuh punika alon-alon mbukak tanganipun nuduhaken 00:00:44.750 --> 00:00:49.600 kerang kang bagus sanget, kaliyan lengkung ungu lan kuning, abang lan biru. 00:00:50.160 --> 00:00:51.380 Putranipun raja dhawuh, 00:00:51.460 --> 00:00:54.400 "Hadhiah iku ora cocok kanggo Raja! Hadhiah apa iku?" 00:00:54.600 --> 00:00:57.400 Tiyang sepuh punika ningali putranipun raja lan sanjang, 00:00:57.590 --> 00:01:00.750 "Mlampah kang dangu...bagéan saking hadhiah." 00:01:01.060 --> 00:01:02.560 (Ngguyu) 00:01:02.900 --> 00:01:05.970 Ing sadhéla, kula badhé nyukani panjenengan sekaliyan hadhiah, 00:01:05.970 --> 00:01:08.270 hadhiah kang kula percayani hadhiah kang manfaat. 00:01:08.290 --> 00:01:10.050 Nanging sadèrèngé, kula bekta panjenengan 00:01:10.050 --> 00:01:11.960 dhateng lampah kula. 00:01:12.160 --> 00:01:13.740 Kados penjenengan, 00:01:13.740 --> 00:01:15.320 kula lair minangka bocah cilik. 00:01:15.320 --> 00:01:17.460 Wonten pinten panjenengan kang lair minangka bocah cilik? 00:01:17.460 --> 00:01:18.510 Lair enom? 00:01:18.740 --> 00:01:20.500 Kira-kira setengahipun... Oke... 00:01:20.570 --> 00:01:21.590 (Ngguyu) 00:01:21.820 --> 00:01:24.910 Lan sisanipun napa? Lahir minangka diwasa? 00:01:25.060 --> 00:01:27.640 Kula kepéngin panggih ibu panjenengan! 00:01:27.820 --> 00:01:29.460 Niku mustail! 00:01:30.560 --> 00:01:34.740 Nalika cilik, kula kasengsem kalih nglakoni kang mustail. 00:01:35.620 --> 00:01:38.880 Dinten niki niku dinten ingkang kula tunggu-tunggu, 00:01:38.880 --> 00:01:41.000 krana dinten niki niku dinten kula badhé nyobi 00:01:41.020 --> 00:01:43.620 nindakaké kang mustail ing ngajengipun penjenengan, 00:01:43.620 --> 00:01:45.460 ing TEDxMaastricht mriki. 00:01:45.800 --> 00:01:48.160 Kula badhé mulai 00:01:48.760 --> 00:01:50.880 kalih nuduhaké pungkasanipun: 00:01:51.220 --> 00:01:52.640 kula badhé mbuktèkaken 00:01:52.640 --> 00:01:54.940 yèn ingkang mustail niku mboten mustail. 00:01:55.300 --> 00:01:58.210 Kula badhé mungkasi kaliyan nyukani panjenengan hadhiah kang manfaat: 00:01:58.210 --> 00:02:01.350 Kula badhé nuduhaké yèn panjenengan saget nglakoni kang mustail. 00:02:02.660 --> 00:02:05.420 Ing usaha kula nglakoni kang mustail, kula nemoaken yèn 00:02:05.420 --> 00:02:08.229 ana kalih perkara ingkang sami ing antarané manungsa sedaya. 00:02:08.229 --> 00:02:09.870 Manungsa sedaya gadhah ajrih, 00:02:09.870 --> 00:02:11.640 lan manungsa sedaya gadhah impèn. 00:02:12.900 --> 00:02:17.560 Ing usaha kula nglakoni kang mustail, kula nemoaken tigang perkawis 00:02:17.560 --> 00:02:20.100 kang sampun kula lakoni taunan ingkang nyebabaké 00:02:20.110 --> 00:02:23.290 kula nglakoni perkawis kang mustail: 00:02:24.200 --> 00:02:26.900 Dodgeball, utawi panjenengan arani "Trefbal", 00:02:27.290 --> 00:02:28.360 Superman, 00:02:28.460 --> 00:02:29.460 lan Nyamuk. 00:02:29.460 --> 00:02:30.810 Menika tiga tembung kunci. 00:02:30.810 --> 00:02:33.500 Saniki panjenengan ngertos alasan kula nglakoni kang mustail. 00:02:33.610 --> 00:02:36.220 Kula badhé mbekta panjenengan dhateng lelungan kula, 00:02:36.320 --> 00:02:38.680 saking ajrih marang impèn, 00:02:38.740 --> 00:02:40.980 saking tembung marang pedhang, 00:02:41.160 --> 00:02:42.740 saking Dodgeball 00:02:42.850 --> 00:02:44.020 marang Superman 00:02:44.020 --> 00:02:45.340 marang Nyamuk. 00:02:45.800 --> 00:02:47.360 Kula pèngin nuduhaken 00:02:47.360 --> 00:02:49.900 caranipun nindakaken ingkang mustail. 00:02:52.480 --> 00:02:54.934 4 Oktober 2007. 00:02:55.840 --> 00:02:58.120 Ati kula ndhredheg, jengku kula gemeter 00:02:58.120 --> 00:02:59.340 nalika minggah panggung 00:02:59.340 --> 00:03:00.930 ing Teater Sanders 00:03:01.040 --> 00:03:03.240 Universitas Harvard damel nampi 00:03:03.240 --> 00:03:06.160 Hadhiah Nobel Ig 2007 ing Obat-obatan 00:03:06.160 --> 00:03:08.660 kanggé riset medis ingkang kula tulis sareng 00:03:08.660 --> 00:03:10.270 kaléh judhul "Ngulu Pedhang... 00:03:10.420 --> 00:03:11.740 ... lan Efek Sampingipun". 00:03:11.870 --> 00:03:13.275 (Ngguyu) 00:03:13.840 --> 00:03:17.880 Menika diterbitaken ing jurnal alit, kula dhèreng naté waos sadèréngé, 00:03:18.460 --> 00:03:20.419 British Medical Journal. 00:03:21.360 --> 00:03:24.740 Damel kula, menika wau impèn mustail kang dados kasunyatan, 00:03:24.900 --> 00:03:28.120 kejutan kang mboten dinyana damel tiyang kados kula, 00:03:28.130 --> 00:03:31.459 pakurmatan kang mboten badhé kula supéaken. 00:03:31.459 --> 00:03:34.539 Tapi, menika wau sanès bagèan kang paling kula ilingi. 00:03:35.540 --> 00:03:37.640 4 Oktober 1967, 00:03:38.020 --> 00:03:40.260 laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niki 00:03:41.100 --> 00:03:43.120 ngalami ajrih ingkang sanget. 00:03:43.460 --> 00:03:45.579 Nalika dhèwèké nyiapaken minggah panggung, 00:03:45.579 --> 00:03:47.234 manahipun ndhredheg, 00:03:47.500 --> 00:03:49.162 jengkunipun gemeter. 00:03:49.780 --> 00:03:52.120 Dhèwèké badhé mbukak lambénipun, 00:03:56.490 --> 00:03:58.130 mboten wonten tembung ingkang medal. 00:03:58.130 --> 00:04:00.040 Dhèwèké gemeteran ing luh. 00:04:00.630 --> 00:04:02.360 Lumpuh ing panik, 00:04:02.360 --> 00:04:03.760 mbeku ing ajrih. 00:04:03.960 --> 00:04:06.130 Laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niki 00:04:06.130 --> 00:04:08.142 ngalami ajrih ingkang sanget. 00:04:08.649 --> 00:04:10.330 Dhèwèké ajrih marang peteng, 00:04:10.520 --> 00:04:11.640 ajrih marang panggèn inggil, 00:04:11.640 --> 00:04:13.040 ajrih marang laba-laba lan ula. 00:04:13.040 --> 00:04:15.140 Wonten kang ajrih kaliyan laba-laba lan ula? 00:04:15.280 --> 00:04:16.660 Nggih, wonten sawetara.. 00:04:16.660 --> 00:04:19.079 Dhèwèké ajrih marang toya lan hiu.. 00:04:19.079 --> 00:04:21.939 Ajrih marang dokter, suster lan dokter waja, 00:04:21.939 --> 00:04:24.680 lan dom lan bor lan barang kang cetha. 00:04:24.680 --> 00:04:27.380 Nanging dhèwèké paling ajrih marang 00:04:27.470 --> 00:04:28.470 tiyang. 00:04:29.380 --> 00:04:31.530 Laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niku 00:04:31.540 --> 00:04:32.570 kula. 00:04:33.320 --> 00:04:35.997 Kula ajrih marang kegagalan lan penolakan, 00:04:37.300 --> 00:04:39.520 mboten percaya diri, kompleks inferioritas, 00:04:39.520 --> 00:04:42.840 lan perkara ingkang wektu niku dèrèng dipuntepangi: 00:04:42.840 --> 00:04:44.660 gangguan kecemasan sosial. 00:04:44.955 --> 00:04:48.610 Amarga ajrih, perundung nggodha lan nggebagi kula. 00:04:48.610 --> 00:04:52.240 Sedaya nggujeng lan ngèjèk kula, mboten ngajak kula dolanan 00:04:52.300 --> 00:04:54.260 rusa kutub. 00:04:55.020 --> 00:04:58.056 Wonten setunggal dolanan ingkang kula diangsalaken tumut... 00:04:58.100 --> 00:04:59.427 Dodgeball - 00:04:59.500 --> 00:05:01.443 kula sanès pandolan kang saé. 00:05:01.760 --> 00:05:03.500 Perundung punika nimbali nami kula, 00:05:03.500 --> 00:05:05.970 nalika ndongak, wonten bal abrit 00:05:05.970 --> 00:05:08.200 nubruk wajah kula enggal pisan 00:05:08.210 --> 00:05:09.950 bam, bam, bam! 00:05:10.580 --> 00:05:13.220 kula émut ndinten-dinten mlampah wangsul saking sekolah, 00:05:13.300 --> 00:05:18.180 wajah kula abrit lan perih, kuping kula abrit lan mbrenginging. 00:05:18.180 --> 00:05:21.140 Paningal kula panas kaliyan luh, 00:05:21.180 --> 00:05:23.515 lan gunemané perundung punika mbakar kuping kula. 00:05:23.740 --> 00:05:25.000 Lan sintena kang criyos, 00:05:25.020 --> 00:05:28.660 "Tongkat lan watu saget nugelaken balung kula tapi guneman mboten saget natoni" 00:05:28.880 --> 00:05:30.131 Menika mboten leres. 00:05:30.310 --> 00:05:31.980 Guneman saget ngiris kados lading. 00:05:31.980 --> 00:05:34.030 Guneman saget nyuduk kados pedhang. 00:05:34.210 --> 00:05:36.040 Guneman saget natoni kang jero 00:05:36.040 --> 00:05:37.780 ngantos mboten saget dipriksani. 00:05:38.150 --> 00:05:41.070 Kula gadhah ajrih. Lan guneman niku musuh bebuyutan kula. 00:05:41.260 --> 00:05:42.491 Taksih. 00:05:43.355 --> 00:05:45.300 Tapi kula nggih gadhah impèn. 00:05:45.300 --> 00:05:47.980 Nalika dugi griya, kula slimuraken kaliyan komik Superman 00:05:47.980 --> 00:05:49.774 kula maos komik Superman 00:05:49.774 --> 00:05:53.440 ing awangan kula, kula péngén dados pahlawan super kados Superman. 00:05:53.480 --> 00:05:56.240 Kula péngén merjuangaken ingkang leres lan adhil, 00:05:56.240 --> 00:05:58.680 merangi tiyang ala lan séla kripton, 00:05:58.680 --> 00:06:02.895 miber keliling dunya mbiantu lan nlyametaken tiyang lintu. 00:06:03.400 --> 00:06:05.850 Kula ugi kesengsem kaliyan barang kang nyata. 00:06:05.860 --> 00:06:09.460 Kula maos Guiness Book of World Records lan buku Ripley's Believe it or Not. 00:06:09.460 --> 00:06:13.080 Wonten kang nate maos Guinness Book of World Records utawi Ripley's ? 00:06:13.100 --> 00:06:14.390 Kula remen buku niku wau! 00:06:14.390 --> 00:06:16.270 Kula ningali tiyang nyata nindakaké barang nyata. 00:06:16.270 --> 00:06:17.790 Kula péngin nindakaké punika. 00:06:17.790 --> 00:06:19.330 Menawi perundung niku nglarang kula 00:06:19.330 --> 00:06:21.030 dolanan kaliyan dhèwèké, 00:06:21.030 --> 00:06:23.335 kula péngin nindakaké sihir nyata, barang nyata, 00:06:23.335 --> 00:06:26.659 nindakaké samukawis kang linangkung, perundung mboten saget tindakaken. 00:06:26.659 --> 00:06:28.609 Kula péngin sumerep tujuan gesang kula, 00:06:28.609 --> 00:06:30.729 menawi gesang kula gadhah jarwa, 00:06:30.729 --> 00:06:33.320 kula péngin nindakaké samukawis kang linangkung damel ngéwahi dunya; 00:06:33.320 --> 00:06:36.960 kula péngin mbuktèkaken menawi kang mustail niku mboten mustail. 00:06:38.340 --> 00:06:40.240 10 taun saksampunipun - 00:06:40.240 --> 00:06:42.706 Seminggu sakdèrèngé ambal warsa 21 kula. 00:06:42.819 --> 00:06:46.799 Wonten kalih kedadosan ing sedinten kang badhé ngéwahi gesang kula. 00:06:47.040 --> 00:06:49.391 Wektu niku kula gesang ing Tamil Nadu, India Kidul 00:06:49.540 --> 00:06:51.020 Kula wektu niku misionaris, 00:06:51.020 --> 00:06:53.090 lan mentor kula, réncang kula tanglet, 00:06:53.090 --> 00:06:54.720 "Sampéyan duwé Throme, Daniel?" 00:06:54.720 --> 00:06:57.440 Kula tanglet, "Thromes? Apa iku Thromes?" 00:06:57.440 --> 00:07:00.490 Dhèwèké sanjang, "Thromes iku tujuan urip sing gedhé. 00:07:00.490 --> 00:07:04.630 kombinasi antara impèn lan tujuan, yèn sampéyan iso 00:07:04.630 --> 00:07:07.240 nglakoni apa waé, lunga nyang endi waé, 00:07:07.240 --> 00:07:08.479 dadi sapa waé sing kokpéngini, 00:07:08.479 --> 00:07:10.356 arep lunga nyang endi sampéyan? arep nglakoni apa sampéyan? 00:07:10.356 --> 00:07:11.280 arep dadi sapa sampéyan? 00:07:11.280 --> 00:07:14.500 Kula sanjang,"Aku ora iso! aku wediyan! Aku wedi karo apa waé!" 00:07:14.500 --> 00:07:17.800 Ing dalu niku kula bekta gelaran kula dateng atap bungalow, 00:07:17.810 --> 00:07:19.259 lintang dados atapipun, 00:07:19.259 --> 00:07:21.869 lan ningali lawa mangsa nyamuk. 00:07:21.869 --> 00:07:26.200 Kula namung mikiraken thromes, impèn lan tujuan kula, 00:07:26.200 --> 00:07:28.360 lan para perundung kaliyan dodgeball. 00:07:28.760 --> 00:07:30.730 Ing sawetara jam, lajeng kula tangi. 00:07:31.220 --> 00:07:33.940 Manah kula dheg-dhegan, jengku kula gemeter. 00:07:34.080 --> 00:07:36.020 Tapi niki sanès amargi ajrih. 00:07:36.420 --> 00:07:38.395 Badan kula kejang. 00:07:38.500 --> 00:07:40.180 Ing gangsal dinten 00:07:40.330 --> 00:07:44.199 kula bola-bali sadhar lan mboten, ing ranjang kematian merjuangaken gesang kula. 00:07:44.199 --> 00:07:48.239 Utek kula panas 40 derajat demam malaria. 00:07:48.390 --> 00:07:51.600 Saben sadhar, kula namung mikiraken thromes. 00:07:51.600 --> 00:07:53.820 Ing manah kula, "Apa sing takpéngini karo uripku?" 00:07:53.950 --> 00:07:56.380 Akhiripun, sedalu sadèrèngé ambal warsa 21 kula, 00:07:56.380 --> 00:07:58.030 nalika sedanten gamblang, 00:07:58.030 --> 00:07:59.639 kula sadhar: 00:07:59.639 --> 00:08:02.100 kula sadhar menawi nyamuk alit niku, 00:08:02.620 --> 00:08:05.020 Anopheles Stephensi, 00:08:05.280 --> 00:08:06.610 nyamuk alit niku 00:08:06.610 --> 00:08:08.390 kang antebipun kirang saking 5 mikrogram 00:08:08.390 --> 00:08:09.810 kirang saking antebipun uyah, 00:08:09.810 --> 00:08:12.780 menawi nyamuk menika saget ngalahaken tiyang 170 pon, 80 kilo, 00:08:12.780 --> 00:08:14.860 kula sadhar menika wau séla kripton kula. 00:08:14.860 --> 00:08:17.150 Lajeng kula sadhar, sanès, sanès nyamuké, 00:08:17.150 --> 00:08:19.480 tapi parasit alit ing dalem nyamukipun, 00:08:19.480 --> 00:08:23.160 Plasmodium Falciparum, kang mejahi langkung saking seyuta tiyang setaun. 00:08:23.509 --> 00:08:25.999 Lajeng kula sadhar Sanès niku, tapi langkung alit, 00:08:25.999 --> 00:08:28.550 kula ngraos menika wau langkung ageng. 00:08:28.550 --> 00:08:29.640 Kula sadhar, 00:08:29.640 --> 00:08:31.270 ajrih menika séla kripton kula, 00:08:31.270 --> 00:08:32.140 parasit kula, 00:08:32.140 --> 00:08:34.990 kang sampun nglumpuhaken kula salebetipun gesang kula. 00:08:35.200 --> 00:08:38.080 Baya lan ajrih niku bènten. 00:08:38.109 --> 00:08:39.698 Baya menika nyata. 00:08:39.990 --> 00:08:42.010 Ajrih menika pilihan. 00:08:42.080 --> 00:08:44.309 Lan kula sadhar kula gadhah pilihan: 00:08:44.309 --> 00:08:48.180 kula saget gesang ing ajrih, lan séda ing kewurungan dalu niku, 00:08:49.070 --> 00:08:52.080 utawi kula saget ngilangaken ajrih kula, lan kula saget 00:08:52.080 --> 00:08:56.060 mujudaken pangimpèn kula, wantun nglampahi gesang kula. 00:08:56.680 --> 00:08:59.560 Nalika panjenengan wonten ing ranjang kematian 00:08:59.560 --> 00:09:04.080 lan ngadhepi pejah, punika saget ndamel panjenengan kersa nglampahi gesang. 00:09:04.180 --> 00:09:07.140 Kula sadhar tiyang saget pejah, mboten sedanten saget gesang saéstu. 00:09:08.040 --> 00:09:09.890 Ing sekarat, kita saget gesang. 00:09:09.890 --> 00:09:11.580 Nalika sinau damel pejah, 00:09:11.580 --> 00:09:13.070 panjenengan sinau damel gesang. 00:09:13.070 --> 00:09:15.140 Kula mutusaken menawi kula badhé ngéwahi 00:09:15.140 --> 00:09:16.420 cariyos kula dalu niku. 00:09:16.915 --> 00:09:18.230 Kula mboten kersa pejah. 00:09:18.230 --> 00:09:20.010 Dados kula ndonga, 00:09:20.010 --> 00:09:22.230 "Gusti, menawi kula taksih gesang ngantos ambal warsa 21, 00:09:22.230 --> 00:09:24.544 kula mboten péngin ajrih ngatur gesang kula malih. 00:09:24.670 --> 00:09:26.520 Kula badhé ngilangaken ajrih, 00:09:26.520 --> 00:09:29.530 kula badhé mujudaken pangimpèn kula, 00:09:29.530 --> 00:09:31.270 kula kersa ngéwahi sikap kula, 00:09:31.270 --> 00:09:33.540 nindakaken samubarang kang linangkung ing gesang, 00:09:33.540 --> 00:09:35.550 kula kersa nemoaken tujuan gesang kula, 00:09:35.550 --> 00:09:38.632 lan mangertosi menawi kang mustail niku mboten mustail." 00:09:38.780 --> 00:09:42.820 Kula mboten badhé nyriosi menawi kula slamet dalu niku, pados mangertos piyambak 00:09:42.850 --> 00:09:43.978 (Ngguyu) 00:09:43.978 --> 00:09:47.100 Nanging dalu punika kula ndamel daftar 10 Thromes awal kula: 00:09:47.100 --> 00:09:50.210 Kula péngin nyambangi benua utama 00:09:50.210 --> 00:09:51.820 nyambangi 7 Keajaiban Dunia 00:09:51.820 --> 00:09:53.410 sinau kathah basa, 00:09:53.410 --> 00:09:54.940 gesang ing pulau kang terpencil, 00:09:54.940 --> 00:09:56.480 gesang ing kapal ing seganten, 00:09:56.480 --> 00:09:58.650 gesang kaliyan suku Indian ing Amazon, 00:09:58.650 --> 00:10:01.210 minggah ngantos puncak gunung paling inggil ing Swedia, 00:10:01.210 --> 00:10:03.180 ningali Gunung Everest nalika srengéngé mlethèk, 00:10:03.190 --> 00:10:05.390 nyambut damel ing bisnis musik ing Nashville, 00:10:05.400 --> 00:10:07.060 kula péngin nyambut damel kaliyan sirkus, 00:10:07.080 --> 00:10:09.120 lan mlumpat saking pesawat. 00:10:09.120 --> 00:10:12.380 Langkung saking kalih dasa tahun, kula wujudaken throme kula. 00:10:12.410 --> 00:10:14.650 Saben kula kasil nindakaken setunggal throme, 00:10:14.650 --> 00:10:18.190 kula tambahi 5 utawi 10 malih, daftar kula tambah ageng. 00:10:18.800 --> 00:10:23.280 Ing pitung taun saklajengipun, kula gesang ing pulau alit ing Bahamas 00:10:23.320 --> 00:10:25.360 ing pitung taun 00:10:25.370 --> 00:10:27.274 ing gubuk, 00:10:29.480 --> 00:10:33.820 numbak ulam hiu lan pari damel tedhan, namung kula ing pulau punika, 00:10:33.820 --> 00:10:36.249 nganggé cawat, 00:10:36.680 --> 00:10:39.160 lan kula sinau nglangi kaliyan hiu. 00:10:39.160 --> 00:10:40.980 Saking ngrika, kula pindhah dhateng Mexico, 00:10:40.980 --> 00:10:45.000 lajeng dhateng basin Kali Amazon ing Ekuador, 00:10:45.241 --> 00:10:48.100 Pujo Pongo Ekuador, gesang kaliyan suku ing ngrika, 00:10:48.100 --> 00:10:52.180 sekedhik baka sekedhik kula dados percaya dhiri amargi throme kula. 00:10:52.180 --> 00:10:55.100 Kula pindhah dhateng bisnis musik ing Nashville, lajeng Swedia, 00:10:55.110 --> 00:10:57.870 pindhah dhateng Stockholm, nyambut damel ing bisnis musik, 00:10:57.870 --> 00:11:01.920 kula ugi minggah puncak redi Kebnekaise tebih ing inggilé Lingkaran Arktik. 00:11:03.300 --> 00:11:04.750 Kula sinau dados badhut, 00:11:04.750 --> 00:11:05.860 lan sulap bola, 00:11:05.860 --> 00:11:07.480 lan mlampah kaliyan égrang, 00:11:07.480 --> 00:11:10.440 sepédhahan roda setunggal, mangan geni lan beling. 00:11:10.450 --> 00:11:13.620 Ing 1997 kula mireng namung wonten kirang saking kalihwelas penelan pedhang 00:11:13.620 --> 00:11:15.410 kula sanjang, "aku kudu iso ngulu pedhang!" 00:11:15.420 --> 00:11:18.290 Kula kepanggih penelan pedhang, lan kula nedha tips. 00:11:18.290 --> 00:11:20.190 Piyambaké sanjang, "Tak wènèhi 2 tips: 00:11:20.190 --> 00:11:21.926 Nomer 1: Iki bahaya banget, 00:11:21.926 --> 00:11:23.948 Akèh sing mati saka nglakoni iki. 00:11:23.948 --> 00:11:24.953 Nomer 2: 00:11:24.953 --> 00:11:26.206 Aja dicoba!" 00:11:26.206 --> 00:11:27.520 (Ngguyu) 00:11:27.540 --> 00:11:29.540 Dados kula tambahaken menika ing daftar throme. 00:11:30.440 --> 00:11:33.320 Kula latihan kaping 10 ngantos 12 sedinten, saben dinten 00:11:33.660 --> 00:11:35.160 ing sekawan taun. 00:11:35.209 --> 00:11:36.709 Saniki kula itung-itung... 00:11:36.709 --> 00:11:40.020 4 x 365 [x 12] 00:11:40.020 --> 00:11:42.660 kinten-kinten 13.000 cobèn kang gagal 00:11:42.660 --> 00:11:45.420 sadèrèngé kasil ngulu pedhang ing 2001. 00:11:46.002 --> 00:11:47.630 Wektu niku kula ndamel setunggal throme 00:11:47.630 --> 00:11:50.940 supados dados ahli penelan pedhang ing dunya. 00:11:50.970 --> 00:11:53.820 Kula waos sedaya buku , majalah, artikel koran, 00:11:53.820 --> 00:11:57.670 sedaya laporan medis, kula sinau fisiologi, anatomi, 00:11:57.676 --> 00:11:59.719 kula diskusi kaliyan dokter lan suster, 00:11:59.719 --> 00:12:01.760 ngempalaken sedaya penelan pedhang 00:12:01.760 --> 00:12:04.250 ing dalem Sword Swallowers Association International, 00:12:04.250 --> 00:12:06.450 lan nindakaken 2 taun penelitian medis 00:12:06.450 --> 00:12:08.580 ing Ngulu Pedhang lan Efek Sampingipun 00:12:08.580 --> 00:12:10.980 kang diterbitaken ing British Medical Journal. 00:12:10.980 --> 00:12:11.840 (Ngguyu) 00:12:11.840 --> 00:12:12.940 Matur suwun. 00:12:12.960 --> 00:12:17.748 (Keplok) 00:12:18.200 --> 00:12:21.570 Kula angsal sawetara kaweruh babagan ngulu pedhang. 00:12:21.571 --> 00:12:25.260 Kula yakin jenengan dèrèng naté pikiraken, tapi pasti mikiraken samantun niki. 00:12:25.260 --> 00:12:28.550 Kala wangsul mangké, lan ngiris steak panjenengan kaliyan lading 00:12:28.550 --> 00:12:31.759 utawi pedhang, utawi "bestek", panjenengan badhé mikiraken niki... 00:12:34.257 --> 00:12:36.589 Ngulu pedhang menika diwiwiti ing India - 00:12:36.589 --> 00:12:39.889 panggénan kula ningali ngulu pedhang pertama kali kala kula 21 taun - 00:12:39.889 --> 00:12:42.290 kinten-kinten 4000 tahun kepengker, 2000 SM. 00:12:42.290 --> 00:12:45.580 Salebetipun langkung saking 150 taun, penelan pedhang digunakaken 00:12:45.590 --> 00:12:47.400 ing bidhang sains lan obat-obatan 00:12:47.480 --> 00:12:51.160 kanggé mbiantu ngembangaken endoskop kaku ing 1868 00:12:51.160 --> 00:12:53.820 déning Dr. Adolf Kussmaul ing Freiburg Germany. 00:12:53.880 --> 00:12:56.639 Ing 1906, electrokardiogram ing Wales, 00:12:56.639 --> 00:13:00.240 kanggé nyinauni penyakit babagan ngulu lan pencernaan, 00:13:00.240 --> 00:13:01.860 bronkoskop lan sajinisipun. 00:13:01.860 --> 00:13:03.840 Tapi salebetipun langkung saking 150 taun, 00:13:03.840 --> 00:13:07.860 wonten atusan cidra lan puluhan pejah... 00:13:07.880 --> 00:13:14.560 Menika endoskop kaku kang dikembangaken déning Dr. Adolf Kussmaul. 00:13:14.740 --> 00:13:18.679 Nanging kita nemoaken menawa wonten 29 pejah ing salebetipun 150 taun niki 00:13:18.679 --> 00:13:22.462 kalebet penelan pedhang ing London niki kang nujleb manahipun kaliyan pedhang. 00:13:23.142 --> 00:13:25.340 Ugi wonten 3 ngantos 8 00:13:25.340 --> 00:13:27.780 cidro saking ngulu pedhang kang serius saben taun. 00:13:27.780 --> 00:13:29.880 Kula sumerep amargi kula ditelpon. 00:13:29.880 --> 00:13:31.150 Kula nembé ditelpon ping kalih, 00:13:31.150 --> 00:13:34.320 setunggal saking Swedia lan saking Orlando minggu kepengker, 00:13:34.320 --> 00:13:37.019 penelan pedhang kang opnam ing omah sakit amargi cidro. 00:13:37.019 --> 00:13:38.769 Dados niki bahaya sanget. 00:13:38.769 --> 00:13:41.629 Perkawis lintuné kang kula pahami menawi ngulu pedhang mbutuhaken 00:13:41.629 --> 00:13:44.320 saking 2 ngantos 10 taun damel nyinauni caranipun ngulu pedhang 00:13:44.320 --> 00:13:45.610 damel kathah tiyang. 00:13:45.610 --> 00:13:48.020 Tapi perkawis kang paling linangkung nggéh menika 00:13:48.020 --> 00:13:51.360 caranipun penelan pedhang nyobi nindakaken perkawis kang mustail. 00:13:51.460 --> 00:13:53.460 Kula badhé nyukani penjenengan wados alit: 00:13:53.520 --> 00:13:57.580 Ampun fokus kaliyan 99.9% kang mustail. 00:13:57.580 --> 00:14:02.030 Fokus kaliyan .1% kang mungkin, lan sinau caranipun ndamel mungkin perkawis menika. 00:14:02.817 --> 00:14:06.140 Kula badhé mbekta panjenengan ing dalem manahipun penelan pedhang. 00:14:06.140 --> 00:14:09.479 Supados saget ngulu pedhang, dibutuhaken meditasi "pikiran atas materi", 00:14:09.479 --> 00:14:12.270 konsentrasi tingkat inggil, akurasi kang sampurna kanggé 00:14:12.270 --> 00:14:15.670 ngasingaken organ badhan internal lan ngilangaken refleks otomatis badhan 00:14:15.710 --> 00:14:20.370 langkung sinopsis otak kang kiat, langkung memori otot kang diulang-ulang 00:14:20.450 --> 00:14:23.720 déning latian langkung saking kaping 1.000. 00:14:24.020 --> 00:14:28.090 Kula badhé mbekta panjenengan ing dalem badhanipun penelan pedhang. 00:14:28.310 --> 00:14:30.130 Supados saget ngulu pedhang, 00:14:30.130 --> 00:14:32.250 kula kedah nyelipaken pedhang langkung ilat kula, 00:14:32.250 --> 00:14:34.780 nahan refleks mutah ing kerongkongan serviks, 00:14:34.780 --> 00:14:37.740 bélok 90 drajat mandhapi epiglotis, 00:14:38.240 --> 00:14:41.040 langkung cricopharyngeal sfingter esofagus inggil, 00:14:41.060 --> 00:14:42.600 nahan refleks perystalsis, 00:14:42.600 --> 00:14:44.380 nyelipaken pedhang dhateng rongga dhadha 00:14:44.380 --> 00:14:45.960 ing antawisipun paru-paru. 00:14:46.080 --> 00:14:48.349 Ing titik niki, 00:14:48.399 --> 00:14:50.389 kula kedah nekan dhateng samping jantung kula. 00:14:50.389 --> 00:14:51.720 Menawi ditingali kaliyan titi, 00:14:51.720 --> 00:14:53.860 saged ditingali jantung kula berdenyut kaliyan pedhang 00:14:53.860 --> 00:14:55.859 amargi pedhangipun nyèndhèn jantung 00:14:55.859 --> 00:14:58.809 dipisahaken kaliyan kinten-kinten wolung inci jaringan esophageal. 00:14:58.809 --> 00:15:00.580 Niki sanès perkawis kang saged di damel-damel. 00:15:00.580 --> 00:15:02.710 Langkung pedhangipun kedah diselipaken langkung tosan dhadha, 00:15:02.710 --> 00:15:05.540 langkung sfingter esofagus andhap, mandhap dhateng lambung, 00:15:05.540 --> 00:15:09.020 nahan refleks mutah ing lambung ngantos duodenum. 00:15:09.020 --> 00:15:09.750 Gampang. 00:15:09.750 --> 00:15:10.930 (Ngguyu) 00:15:10.930 --> 00:15:12.880 Menawi kula lanjutaken, 00:15:12.880 --> 00:15:17.720 ngantos tuba falopi kula. (Basa Landa) Eileiders! 00:15:17.720 --> 00:15:20.980 Mangké panjenengan saged tanglet garwanipun piyambak... 00:15:22.160 --> 00:15:23.900 Tiyang tanglet kula, 00:15:23.900 --> 00:15:26.740 "Kedah kendel sanget supados saget ngadhepi risiko ing gesang 00:15:26.740 --> 00:15:28.800 nekan jantung, lan ngulu pedhang..." 00:15:28.800 --> 00:15:30.500 Mboten. Kang mbetahaken kekendelan 00:15:30.500 --> 00:15:33.020 yaiku damel ajrih, lingsem, kera, lan lemah niku 00:15:33.080 --> 00:15:35.620 ngadhepi kegagalan lan penolakan, 00:15:35.620 --> 00:15:37.040 mbikak manahipun, 00:15:37.040 --> 00:15:38.240 lan ngulu egonipun 00:15:38.240 --> 00:15:41.060 lan jumeneng ing mriki, ing ajengipun tiyang asing 00:15:41.060 --> 00:15:43.670 nyriosaken babagan ajrih lan pangimpèn piyambakipun, 00:15:43.680 --> 00:15:47.580 kaliyan risiko mutah, ing artosan literal lan figuratif. 00:15:48.280 --> 00:15:49.450 Matur suwun. 00:15:49.450 --> 00:15:53.720 (Keplok) 00:15:53.850 --> 00:15:56.250 Kang linangkung saèstu yaniku 00:15:56.250 --> 00:15:58.650 kula tansah kersa nindakaken perkawis kang linangkung 00:15:58.650 --> 00:15:59.780 lan saniki kula saget. 00:15:59.780 --> 00:16:02.880 Nanging perkawis kang linangkung saèstu sanès saget ngulu 00:16:02.880 --> 00:16:05.170 pedhang 21 ing setunggal wektu, 00:16:07.640 --> 00:16:10.500 utawi 20 kaki ing lebet toya ing tangki kebak 88 hiu lan iwak pari 00:16:10.500 --> 00:16:12.307 damel Ripley's Believe It or Not, 00:16:13.840 --> 00:16:17.600 utawi dipanasaken ngantos 1500 drajat damel Stan Lee's Superhumans 00:16:17.610 --> 00:16:19.470 dados "Manungsa Baja" 00:16:19.520 --> 00:16:21.574 lan menika bentèr sanget! 00:16:22.460 --> 00:16:24.920 Utawi narik montor kaliyan pedhang damel Ripley's, 00:16:24.930 --> 00:16:26.290 utawi Guinness, 00:16:26.290 --> 00:16:28.760 utawi mlebet finalipun America's Got Talent, 00:16:28.820 --> 00:16:31.540 utawi menangaken Ig Nobel Prize in Medicine 2007. 00:16:31.550 --> 00:16:33.900 Sanès, menika sanès perkawis kang linangkung saèstu. 00:16:33.900 --> 00:16:36.350 Menika kang tiyang lintu manahaken. Sanès. Sanès menika. 00:16:36.350 --> 00:16:37.800 Perkawis kang linangkung saèstu 00:16:37.800 --> 00:16:40.660 yaniku Tuhan saget mendhet laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niku 00:16:40.660 --> 00:16:42.200 kang ajrih kaliyan papan inggil, 00:16:42.200 --> 00:16:43.890 kang ajrih kaliyan toya lan hiu, 00:16:43.890 --> 00:16:46.370 lan dokter lan suster lan dom lan barang kang landhep 00:16:46.370 --> 00:16:47.640 lan criyos dhateng tiyang 00:16:47.640 --> 00:16:49.800 lan saniki Tuhan ndamel kula miber kliling dunya 00:16:49.800 --> 00:16:51.320 kang inggilipun 30.000 kaki 00:16:51.320 --> 00:16:53.900 ngulu barang kang landhep, ing lebetipun toya ing tangki hiu, 00:16:53.900 --> 00:16:57.430 lan criyos kaliyan dokter lan suster lan hadirin kados panjenengan. 00:16:57.430 --> 00:16:59.580 Punika perkawis kang linangkung saèstu damel kula. 00:16:59.580 --> 00:17:01.450 Kula tansah kersa nindakaken perkawis kang mustail - 00:17:01.450 --> 00:17:02.380 Matur suwun. 00:17:02.380 --> 00:17:03.760 (Keplok) 00:17:03.760 --> 00:17:05.220 Matur suwun. 00:17:05.660 --> 00:17:09.040 (Keplok) 00:17:09.700 --> 00:17:12.569 Kula tansah kersa nindakaken perkawis mustail, saniki kula saged. 00:17:12.569 --> 00:17:15.858 Kula kersa nindakaken perkawis linangkung ing gesang lan ngéwahi dunya, 00:17:15.858 --> 00:17:16.898 saniki kula saged. 00:17:16.898 --> 00:17:19.819 Kula tansah kersa miber kliling dunya mbiantu 00:17:19.819 --> 00:17:21.378 lan nylametaken tiyang, saniki kula saget. 00:17:21.378 --> 00:17:22.720 Panjenengan sumerep? 00:17:22.720 --> 00:17:25.569 Taksih wonten sisa pangimpènipun laré alit menika 00:17:25.569 --> 00:17:27.290 tebih ing lebet. 00:17:30.320 --> 00:17:36.197 (Ngguyu) (Keplok) 00:17:37.000 --> 00:17:40.240 Kula tansah kersa nemoaken tujuan gesang kula, 00:17:40.270 --> 00:17:41.530 lan saniki sampun kula temoaken. 00:17:41.540 --> 00:17:42.920 Punapa menika? 00:17:42.920 --> 00:17:46.230 Sanès kaliyan pedhang, sanès manahanipun tiyang, utawi kekiyatan kula. 00:17:46.230 --> 00:17:48.510 Nanging slaeresipun pangapesanipun kula, tembung. 00:17:48.510 --> 00:17:51.090 Tujuan gesang kula yaniku damel ngéwahi dunya 00:17:51.090 --> 00:17:52.390 déning ngilangaken ajrih, 00:17:52.390 --> 00:17:54.910 setunggal pedhang ing sawekdal, setunggal tembung ing sawekdal, 00:17:55.070 --> 00:17:57.450 setunggal lading ing sawekdal, setunggal gesang ing sawekdal, 00:17:57.540 --> 00:17:59.700 damel nginspirasi tiyang dados pahlawan super 00:17:59.700 --> 00:18:01.860 lan nindakaken kang mustail ing gesangipun. 00:18:02.060 --> 00:18:04.680 Tujuan kula yaniku damel mbiantu tiyang nemoaken tujuanipun. 00:18:04.680 --> 00:18:05.680 Menawi panjenengan? 00:18:05.680 --> 00:18:06.960 Napa tujuan panjenengan? 00:18:06.960 --> 00:18:08.960 Konjuk punapa panjenengan diciptaaken? 00:18:09.260 --> 00:18:11.590 Kula percados kita sedanten pahlawan super. 00:18:12.160 --> 00:18:14.260 Napa kekiyatan super panjenengan? 00:18:14.560 --> 00:18:17.990 Saking kinten-kinten 7 miliar tiyang ing dunya, 00:18:17.990 --> 00:18:20.250 wonten kirang saking sawetara lusin penelan pedhang 00:18:20.250 --> 00:18:21.661 ing dunya saniki, 00:18:21.661 --> 00:18:22.940 nanging namung wonten setunggal panjenengan. 00:18:22.940 --> 00:18:24.070 Panjenengan menika unik. 00:18:24.070 --> 00:18:25.540 Punapa crita panjenengan? 00:18:25.540 --> 00:18:27.760 Punapa kang ndamel panjenengan bènten? 00:18:27.760 --> 00:18:29.180 Mangga dicriosaken, 00:18:29.180 --> 00:18:31.721 senaosa suwara panjenengan lirih lan gemeter. 00:18:31.900 --> 00:18:33.340 Punapa throme panjenengan? 00:18:33.340 --> 00:18:35.850 Bilih saget nindakaken napa mawon, dados sinten mawon, tindhak teng pundi mawon 00:18:35.850 --> 00:18:37.430 Badhé nindakaken napa? badhé tindhak teng pundi? 00:18:37.430 --> 00:18:38.480 Badhé nindakaken napa? 00:18:38.480 --> 00:18:40.340 Kersa nindakaken napa kaliyan gesang panjennegan? 00:18:40.340 --> 00:18:41.760 Napa pangimpèn ageng panjenengan? 00:18:41.760 --> 00:18:44.450 Nalika taksih alit? monggo dimanahaken. 00:18:44.450 --> 00:18:46.240 Sanés niki, kan? 00:18:46.483 --> 00:18:47.880 Napa pangimpèn paling liar 00:18:47.880 --> 00:18:50.450 kang panjenengan pikir anèh lan mbebayani? 00:18:50.450 --> 00:18:54.040 Niki ndamel pangimpèn panjenengan mboten anèh, kan? 00:18:55.370 --> 00:18:57.050 Napa pedhang panjenengan? 00:18:57.050 --> 00:18:58.650 Sedanten gadhah pedhang, 00:18:58.650 --> 00:19:00.600 pedhang bertepi kalih, ajrih lan pangimpèn. 00:19:00.600 --> 00:19:03.520 Monggo diulu pedhangipun, punapa mawon. 00:19:03.890 --> 00:19:05.870 Monggo ditumuti pangimpènipun, para hadhirin, 00:19:05.870 --> 00:19:08.900 mboten naté telat dados sinten mawon kang panjenengan kersani. 00:19:09.720 --> 00:19:12.920 Damel perundung kaliyan dodgeball, laré kang mikir 00:19:12.920 --> 00:19:14.916 menawi kula mboten naté nindakaken kang mustail, 00:19:15.060 --> 00:19:17.645 Kula badhé matur: 00:19:17.645 --> 00:19:18.841 Matur suwun. 00:19:18.940 --> 00:19:22.220 Amargi tanpa tiyang awon, mboten wonten pahlawan super. 00:19:23.020 --> 00:19:27.237 Ing mriki kula kersa mbuktèkaken kang mustail mboten mustail. 00:19:28.300 --> 00:19:32.310 Niki sanget mbebayani, lan saget mejahi kula. 00:19:32.340 --> 00:19:33.720 Mangga disekécaaken. 00:19:33.720 --> 00:19:35.260 (Ngguyu) 00:19:36.350 --> 00:19:38.700 Kula badhé mbetahaken bantuan panjenengan. 00:19:46.731 --> 00:19:48.405 Hadhirin: Kalih, tiga. 00:19:48.405 --> 00:19:52.100 Dan Meyer: Mboten. Kula mbetahaken panjenengan damel ngétang, oke? 00:19:52.100 --> 00:19:53.210 (Ngguyu) 00:19:53.210 --> 00:19:55.840 Bilih sumerap tembungipun? Mangga ngétang kalih kula. Siap? 00:19:55.870 --> 00:19:56.964 Setunggal. 00:19:56.964 --> 00:19:58.150 Kalih. 00:19:58.170 --> 00:19:58.980 Tiga. 00:19:58.980 --> 00:20:00.920 Sanès, niku 2, nanging panjenengan paham. 00:20:06.760 --> 00:20:07.780 Hadhirin: Setunggal. 00:20:07.840 --> 00:20:08.750 Kalih. 00:20:08.800 --> 00:20:10.010 Tiga. 00:20:11.260 --> 00:20:13.280 (Megap) 00:20:14.360 --> 00:20:15.940 (Keplok) 00:20:16.251 --> 00:20:17.450 DM: Inggih! 00:20:17.450 --> 00:20:23.100 (Keplok) (Sorak) 00:20:23.100 --> 00:20:24.820 Matur suwun sanget. 00:20:25.450 --> 00:20:28.800 Matur suwun, matur suwun, matur suwun. Saking lebetipun manah kula. 00:20:28.800 --> 00:20:31.290 Saleresipun, matur suwun saking lebetipun madharan kula. 00:20:31.880 --> 00:20:35.020 Kula dugi mriki damel nindakaken kang mustail, saniki kula sampun. 00:20:35.030 --> 00:20:37.730 Nanging menika mboten mustail. Kula nindakaken menika saben dinten. 00:20:37.800 --> 00:20:42.800 Kang mustail yaniku damel laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niku ngadhepi ajrih 00:20:42.840 --> 00:20:44.600 damel jumeneng ing panggung TEDx mriki, 00:20:44.600 --> 00:20:47.100 lan damel ngéwahi dunya, satembung ing sawekdal, 00:20:47.100 --> 00:20:49.080 sapedhang ing sawekdal, sagesang ing sawekdal. 00:20:49.080 --> 00:20:52.060 Bilih kula saget ndamel panjenengan manah ing cara enggal lan percados 00:20:52.060 --> 00:20:54.460 kang mustail mboten mustail, 00:20:54.460 --> 00:20:57.960 ugi saget ndamel sadhar, bilih panjenengan saget nindakaken kang mustail, 00:20:58.120 --> 00:21:01.020 Pandamelan kula sampun mantun, lan panjenengan nembé miwiti. 00:21:01.020 --> 00:21:04.100 Mangga terus nyupéna, Mangga terus percados. 00:21:04.820 --> 00:21:06.350 Matur suwun sampun percados kula 00:21:06.350 --> 00:21:08.250 lan dados bagéan pangimpèn kula. 00:21:08.250 --> 00:21:09.550 Menika hadhiah kula: 00:21:09.550 --> 00:21:11.486 Perkawis kang mustail mboten... 00:21:11.486 --> 00:21:12.920 Hadhirin: Mustail. 00:21:12.920 --> 00:21:14.920 Mlampah kang dangu bagéanipun hadhiah. 00:21:15.100 --> 00:21:19.560 (Keplok) 00:21:19.560 --> 00:21:21.020 Matur suwun. 00:21:21.060 --> 00:21:25.360 (Keplok) 00:21:25.580 --> 00:21:27.560 (Sorak) 00:21:27.780 --> 00:21:30.240 Host: Matur suwun, Dan Meyer, wow!