0:00:08.380,0:00:09.561 Matur suwun. 0:00:16.270,0:00:21.200 Riyén wonten Maharaja ing India kang[br]ndamel titah ing dinten ambal warsanipun 0:00:21.200,0:00:24.200 yèn sekabèhé temenggung kedah mbekta[br]hadhiah kanggé sang raja. 0:00:24.400,0:00:28.330 Wonten kang mbekta sutra,[br]wonten kang mbekta pedhang mewah, 0:00:28.330,0:00:29.490 wonten kang mbekta emas. 0:00:29.490,0:00:32.659 Ing pungkasanipun barisan wonten[br]tiyang sepuh kang keriput sanget 0:00:32.659,0:00:36.630 mlampah saking désanipun ing kathah dinten[br]langkung segara. 0:00:36.630,0:00:41.150 Nalika mlampah, putranipun raja tanglet,[br]"Hadhiah apa sing sampéyan gawa?" 0:00:41.457,0:00:44.750 Tiyang sepuh punika alon-alon mbukak[br]tanganipun nuduhaken 0:00:44.750,0:00:49.600 kerang kang bagus sanget, kaliyan[br]lengkung ungu lan kuning, abang lan biru. 0:00:50.160,0:00:51.380 Putranipun raja dhawuh, 0:00:51.460,0:00:54.400 "Hadhiah iku ora cocok kanggo Raja![br]Hadhiah apa iku?" 0:00:54.600,0:00:57.400 Tiyang sepuh punika ningali[br]putranipun raja lan sanjang, 0:00:57.590,0:01:00.750 "Mlampah kang dangu...bagéan[br]saking hadhiah." 0:01:01.060,0:01:02.560 (Ngguyu) 0:01:02.900,0:01:05.970 Ing sadhéla, kula badhé nyukani[br]panjenengan sekaliyan hadhiah, 0:01:05.970,0:01:08.270 hadhiah kang kula percayani[br]hadhiah kang manfaat. 0:01:08.290,0:01:10.050 Nanging sadèrèngé, kula bekta panjenengan 0:01:10.050,0:01:11.960 dhateng lampah kula. 0:01:12.160,0:01:13.740 Kados penjenengan, 0:01:13.740,0:01:15.320 kula lair minangka bocah cilik. 0:01:15.320,0:01:17.460 Wonten pinten panjenengan kang lair[br]minangka bocah cilik? 0:01:17.460,0:01:18.510 Lair enom? 0:01:18.740,0:01:20.500 Kira-kira setengahipun... Oke... 0:01:20.570,0:01:21.590 (Ngguyu) 0:01:21.820,0:01:24.910 Lan sisanipun napa?[br]Lahir minangka diwasa? 0:01:25.060,0:01:27.640 Kula kepéngin panggih ibu panjenengan! 0:01:27.820,0:01:29.460 Niku mustail! 0:01:30.560,0:01:34.740 Nalika cilik, kula kasengsem kalih[br]nglakoni kang mustail. 0:01:35.620,0:01:38.880 Dinten niki niku dinten ingkang kula[br]tunggu-tunggu, 0:01:38.880,0:01:41.000 krana dinten niki niku dinten[br]kula badhé nyobi 0:01:41.020,0:01:43.620 nindakaké kang mustail ing ngajengipun[br]penjenengan, 0:01:43.620,0:01:45.460 ing TEDxMaastricht mriki. 0:01:45.800,0:01:48.160 Kula badhé mulai 0:01:48.760,0:01:50.880 kalih nuduhaké pungkasanipun: 0:01:51.220,0:01:52.640 kula badhé mbuktèkaken 0:01:52.640,0:01:54.940 yèn ingkang mustail niku[br]mboten mustail. 0:01:55.300,0:01:58.210 Kula badhé mungkasi kaliyan nyukani[br]panjenengan hadhiah kang manfaat: 0:01:58.210,0:02:01.350 Kula badhé nuduhaké yèn panjenengan saget[br]nglakoni kang mustail. 0:02:02.660,0:02:05.420 Ing usaha kula nglakoni kang mustail,[br]kula nemoaken yèn 0:02:05.420,0:02:08.229 ana kalih perkara ingkang sami[br]ing antarané manungsa sedaya. 0:02:08.229,0:02:09.870 Manungsa sedaya gadhah ajrih, 0:02:09.870,0:02:11.640 lan manungsa sedaya gadhah impèn. 0:02:12.900,0:02:17.560 Ing usaha kula nglakoni kang mustail,[br]kula nemoaken tigang perkawis 0:02:17.560,0:02:20.100 kang sampun kula lakoni taunan[br]ingkang nyebabaké 0:02:20.110,0:02:23.290 kula nglakoni perkawis kang mustail: 0:02:24.200,0:02:26.900 Dodgeball, utawi panjenengan[br]arani "Trefbal", 0:02:27.290,0:02:28.360 Superman, 0:02:28.460,0:02:29.460 lan Nyamuk. 0:02:29.460,0:02:30.810 Menika tiga tembung kunci. 0:02:30.810,0:02:33.500 Saniki panjenengan ngertos alasan[br]kula nglakoni kang mustail. 0:02:33.610,0:02:36.220 Kula badhé mbekta panjenengan dhateng[br]lelungan kula, 0:02:36.320,0:02:38.680 saking ajrih marang impèn, 0:02:38.740,0:02:40.980 saking tembung marang pedhang, 0:02:41.160,0:02:42.740 saking Dodgeball 0:02:42.850,0:02:44.020 marang Superman 0:02:44.020,0:02:45.340 marang Nyamuk. 0:02:45.800,0:02:47.360 Kula pèngin nuduhaken 0:02:47.360,0:02:49.900 caranipun nindakaken ingkang mustail. 0:02:52.480,0:02:54.934 4 Oktober 2007. 0:02:55.840,0:02:58.120 Ati kula ndhredheg,[br]jengku kula gemeter 0:02:58.120,0:02:59.340 nalika minggah panggung 0:02:59.340,0:03:00.930 ing Teater Sanders 0:03:01.040,0:03:03.240 Universitas Harvard damel nampi 0:03:03.240,0:03:06.160 Hadhiah Nobel Ig 2007 ing Obat-obatan 0:03:06.160,0:03:08.660 kanggé riset medis ingkang kula[br]tulis sareng 0:03:08.660,0:03:10.270 kaléh judhul "Ngulu Pedhang... 0:03:10.420,0:03:11.740 ... lan Efek Sampingipun". 0:03:11.870,0:03:13.275 (Ngguyu) 0:03:13.840,0:03:17.880 Menika diterbitaken ing jurnal alit,[br]kula dhèreng naté waos sadèréngé, 0:03:18.460,0:03:20.419 British Medical Journal. 0:03:21.360,0:03:24.740 Damel kula, menika wau impèn mustail[br]kang dados kasunyatan, 0:03:24.900,0:03:28.120 kejutan kang mboten dinyana damel[br]tiyang kados kula, 0:03:28.130,0:03:31.459 pakurmatan kang mboten badhé[br]kula supéaken. 0:03:31.459,0:03:34.539 Tapi, menika wau sanès bagèan kang[br]paling kula ilingi. 0:03:35.540,0:03:37.640 4 Oktober 1967, 0:03:38.020,0:03:40.260 laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niki 0:03:41.100,0:03:43.120 ngalami ajrih ingkang sanget. 0:03:43.460,0:03:45.579 Nalika dhèwèké nyiapaken[br]minggah panggung, 0:03:45.579,0:03:47.234 manahipun ndhredheg, 0:03:47.500,0:03:49.162 jengkunipun gemeter. 0:03:49.780,0:03:52.120 Dhèwèké badhé mbukak lambénipun, 0:03:56.490,0:03:58.130 mboten wonten tembung ingkang medal. 0:03:58.130,0:04:00.040 Dhèwèké gemeteran ing luh. 0:04:00.630,0:04:02.360 Lumpuh ing panik, 0:04:02.360,0:04:03.760 mbeku ing ajrih. 0:04:03.960,0:04:06.130 Laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niki 0:04:06.130,0:04:08.142 ngalami ajrih ingkang sanget. 0:04:08.649,0:04:10.330 Dhèwèké ajrih marang peteng, 0:04:10.520,0:04:11.640 ajrih marang panggèn inggil, 0:04:11.640,0:04:13.040 ajrih marang laba-laba lan ula. 0:04:13.040,0:04:15.140 Wonten kang ajrih kaliyan laba-laba[br]lan ula? 0:04:15.280,0:04:16.660 Nggih, wonten sawetara.. 0:04:16.660,0:04:19.079 Dhèwèké ajrih marang toya lan hiu.. 0:04:19.079,0:04:21.939 Ajrih marang dokter, suster lan[br]dokter waja, 0:04:21.939,0:04:24.680 lan dom lan bor lan barang kang cetha. 0:04:24.680,0:04:27.380 Nanging dhèwèké paling ajrih[br]marang 0:04:27.470,0:04:28.470 tiyang. 0:04:29.380,0:04:31.530 Laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niku 0:04:31.540,0:04:32.570 kula. 0:04:33.320,0:04:35.997 Kula ajrih marang kegagalan lan penolakan, 0:04:37.300,0:04:39.520 mboten percaya diri,[br]kompleks inferioritas, 0:04:39.520,0:04:42.840 lan perkara ingkang wektu niku dèrèng[br]dipuntepangi: 0:04:42.840,0:04:44.660 gangguan kecemasan sosial. 0:04:44.955,0:04:48.610 Amarga ajrih, perundung nggodha[br]lan nggebagi kula. 0:04:48.610,0:04:52.240 Sedaya nggujeng lan ngèjèk kula,[br]mboten ngajak kula dolanan 0:04:52.300,0:04:54.260 rusa kutub. 0:04:55.020,0:04:58.056 Wonten setunggal dolanan ingkang kula[br]diangsalaken tumut... 0:04:58.100,0:04:59.427 Dodgeball - 0:04:59.500,0:05:01.443 kula sanès pandolan kang saé. 0:05:01.760,0:05:03.500 Perundung punika nimbali nami kula, 0:05:03.500,0:05:05.970 nalika ndongak, wonten bal abrit 0:05:05.970,0:05:08.200 nubruk wajah kula enggal pisan 0:05:08.210,0:05:09.950 bam, bam, bam! 0:05:10.580,0:05:13.220 kula émut ndinten-dinten mlampah[br]wangsul saking sekolah, 0:05:13.300,0:05:18.180 wajah kula abrit lan perih,[br]kuping kula abrit lan mbrenginging. 0:05:18.180,0:05:21.140 Paningal kula panas kaliyan luh, 0:05:21.180,0:05:23.515 lan gunemané perundung punika[br]mbakar kuping kula. 0:05:23.740,0:05:25.000 Lan sintena kang criyos, 0:05:25.020,0:05:28.660 "Tongkat lan watu saget nugelaken balung[br]kula tapi guneman mboten saget natoni" 0:05:28.880,0:05:30.131 Menika mboten leres. 0:05:30.310,0:05:31.980 Guneman saget ngiris kados lading. 0:05:31.980,0:05:34.030 Guneman saget nyuduk kados pedhang. 0:05:34.210,0:05:36.040 Guneman saget natoni kang jero 0:05:36.040,0:05:37.780 ngantos mboten saget dipriksani. 0:05:38.150,0:05:41.070 Kula gadhah ajrih.[br]Lan guneman niku musuh bebuyutan kula. 0:05:41.260,0:05:42.491 Taksih. 0:05:43.355,0:05:45.300 Tapi kula nggih gadhah impèn. 0:05:45.300,0:05:47.980 Nalika dugi griya,[br]kula slimuraken kaliyan komik Superman 0:05:47.980,0:05:49.774 kula maos komik Superman 0:05:49.774,0:05:53.440 ing awangan kula, kula péngén dados[br]pahlawan super kados Superman. 0:05:53.480,0:05:56.240 Kula péngén merjuangaken[br]ingkang leres lan adhil, 0:05:56.240,0:05:58.680 merangi tiyang ala lan séla kripton, 0:05:58.680,0:06:02.895 miber keliling dunya mbiantu lan[br]nlyametaken tiyang lintu. 0:06:03.400,0:06:05.850 Kula ugi kesengsem kaliyan barang[br]kang nyata. 0:06:05.860,0:06:09.460 Kula maos Guiness Book of World Records[br]lan buku Ripley's Believe it or Not. 0:06:09.460,0:06:13.080 Wonten kang nate maos Guinness[br]Book of World Records utawi Ripley's ? 0:06:13.100,0:06:14.390 Kula remen buku niku wau! 0:06:14.390,0:06:16.270 Kula ningali tiyang nyata nindakaké[br]barang nyata. 0:06:16.270,0:06:17.790 Kula péngin nindakaké punika. 0:06:17.790,0:06:19.330 Menawi perundung niku nglarang[br]kula 0:06:19.330,0:06:21.030 dolanan kaliyan dhèwèké, 0:06:21.030,0:06:23.335 kula péngin nindakaké sihir nyata,[br]barang nyata, 0:06:23.335,0:06:26.659 nindakaké samukawis kang linangkung,[br]perundung mboten saget tindakaken. 0:06:26.659,0:06:28.609 Kula péngin sumerep tujuan gesang kula, 0:06:28.609,0:06:30.729 menawi gesang kula gadhah jarwa, 0:06:30.729,0:06:33.320 kula péngin nindakaké samukawis kang[br]linangkung damel ngéwahi dunya; 0:06:33.320,0:06:36.960 kula péngin mbuktèkaken menawi kang[br]mustail niku mboten mustail. 0:06:38.340,0:06:40.240 10 taun saksampunipun - 0:06:40.240,0:06:42.706 Seminggu sakdèrèngé ambal warsa 21[br]kula. 0:06:42.819,0:06:46.799 Wonten kalih kedadosan ing sedinten kang[br]badhé ngéwahi gesang kula. 0:06:47.040,0:06:49.391 Wektu niku kula gesang ing Tamil Nadu,[br]India Kidul 0:06:49.540,0:06:51.020 Kula wektu niku misionaris, 0:06:51.020,0:06:53.090 lan mentor kula,[br]réncang kula tanglet, 0:06:53.090,0:06:54.720 "Sampéyan duwé Throme, Daniel?" 0:06:54.720,0:06:57.440 Kula tanglet, "Thromes?[br]Apa iku Thromes?" 0:06:57.440,0:07:00.490 Dhèwèké sanjang, "Thromes iku tujuan urip[br]sing gedhé. 0:07:00.490,0:07:04.630 kombinasi antara impèn lan tujuan,[br]yèn sampéyan iso 0:07:04.630,0:07:07.240 nglakoni apa waé, lunga[br]nyang endi waé, 0:07:07.240,0:07:08.479 dadi sapa waé sing kokpéngini, 0:07:08.479,0:07:10.356 arep lunga nyang endi sampéyan?[br]arep nglakoni apa sampéyan? 0:07:10.356,0:07:11.280 arep dadi sapa sampéyan? 0:07:11.280,0:07:14.500 Kula sanjang,"Aku ora iso! aku wediyan![br]Aku wedi karo apa waé!" 0:07:14.500,0:07:17.800 Ing dalu niku kula bekta gelaran kula[br]dateng atap bungalow, 0:07:17.810,0:07:19.259 lintang dados atapipun, 0:07:19.259,0:07:21.869 lan ningali lawa mangsa nyamuk. 0:07:21.869,0:07:26.200 Kula namung mikiraken thromes,[br]impèn lan tujuan kula, 0:07:26.200,0:07:28.360 lan para perundung kaliyan dodgeball. 0:07:28.760,0:07:30.730 Ing sawetara jam, lajeng kula tangi. 0:07:31.220,0:07:33.940 Manah kula dheg-dhegan,[br]jengku kula gemeter. 0:07:34.080,0:07:36.020 Tapi niki sanès amargi ajrih. 0:07:36.420,0:07:38.395 Badan kula kejang. 0:07:38.500,0:07:40.180 Ing gangsal dinten 0:07:40.330,0:07:44.199 kula bola-bali sadhar lan mboten, ing[br]ranjang kematian merjuangaken gesang kula. 0:07:44.199,0:07:48.239 Utek kula panas 40 derajat demam malaria. 0:07:48.390,0:07:51.600 Saben sadhar, kula namung mikiraken[br]thromes. 0:07:51.600,0:07:53.820 Ing manah kula,[br]"Apa sing takpéngini karo uripku?" 0:07:53.950,0:07:56.380 Akhiripun, sedalu sadèrèngé[br]ambal warsa 21 kula, 0:07:56.380,0:07:58.030 nalika sedanten gamblang, 0:07:58.030,0:07:59.639 kula sadhar: 0:07:59.639,0:08:02.100 kula sadhar menawi nyamuk alit niku, 0:08:02.620,0:08:05.020 Anopheles Stephensi, 0:08:05.280,0:08:06.610 nyamuk alit niku 0:08:06.610,0:08:08.390 kang antebipun kirang saking[br]5 mikrogram 0:08:08.390,0:08:09.810 kirang saking antebipun uyah, 0:08:09.810,0:08:12.780 menawi nyamuk menika saget ngalahaken[br]tiyang 170 pon, 80 kilo, 0:08:12.780,0:08:14.860 kula sadhar menika wau[br]séla kripton kula. 0:08:14.860,0:08:17.150 Lajeng kula sadhar,[br]sanès, sanès nyamuké, 0:08:17.150,0:08:19.480 tapi parasit alit ing dalem nyamukipun, 0:08:19.480,0:08:23.160 Plasmodium Falciparum, kang mejahi[br]langkung saking seyuta tiyang setaun. 0:08:23.509,0:08:25.999 Lajeng kula sadhar[br]Sanès niku, tapi langkung alit, 0:08:25.999,0:08:28.550 kula ngraos menika wau[br]langkung ageng. 0:08:28.550,0:08:29.640 Kula sadhar, 0:08:29.640,0:08:31.270 ajrih menika séla kripton kula, 0:08:31.270,0:08:32.140 parasit kula, 0:08:32.140,0:08:34.990 kang sampun nglumpuhaken kula[br]salebetipun gesang kula. 0:08:35.200,0:08:38.080 Baya lan ajrih niku bènten. 0:08:38.109,0:08:39.698 Baya menika nyata. 0:08:39.990,0:08:42.010 Ajrih menika pilihan. 0:08:42.080,0:08:44.309 Lan kula sadhar kula gadhah pilihan: 0:08:44.309,0:08:48.180 kula saget gesang ing ajrih,[br]lan séda ing kewurungan dalu niku, 0:08:49.070,0:08:52.080 utawi kula saget ngilangaken ajrih kula,[br]lan kula saget 0:08:52.080,0:08:56.060 mujudaken pangimpèn kula,[br]wantun nglampahi gesang kula. 0:08:56.680,0:08:59.560 Nalika panjenengan wonten ing[br]ranjang kematian 0:08:59.560,0:09:04.080 lan ngadhepi pejah, punika saget ndamel[br]panjenengan kersa nglampahi gesang. 0:09:04.180,0:09:07.140 Kula sadhar tiyang saget pejah,[br]mboten sedanten saget gesang saéstu. 0:09:08.040,0:09:09.890 Ing sekarat, kita saget gesang. 0:09:09.890,0:09:11.580 Nalika sinau damel pejah, 0:09:11.580,0:09:13.070 panjenengan sinau damel gesang. 0:09:13.070,0:09:15.140 Kula mutusaken menawi kula[br]badhé ngéwahi 0:09:15.140,0:09:16.420 cariyos kula dalu niku. 0:09:16.915,0:09:18.230 Kula mboten kersa pejah. 0:09:18.230,0:09:20.010 Dados kula ndonga, 0:09:20.010,0:09:22.230 "Gusti, menawi kula taksih gesang[br]ngantos ambal warsa 21, 0:09:22.230,0:09:24.544 kula mboten péngin ajrih ngatur[br]gesang kula malih. 0:09:24.670,0:09:26.520 Kula badhé ngilangaken ajrih, 0:09:26.520,0:09:29.530 kula badhé mujudaken pangimpèn kula, 0:09:29.530,0:09:31.270 kula kersa ngéwahi sikap kula, 0:09:31.270,0:09:33.540 nindakaken samubarang kang linangkung[br]ing gesang, 0:09:33.540,0:09:35.550 kula kersa nemoaken tujuan gesang kula, 0:09:35.550,0:09:38.632 lan mangertosi menawi kang mustail[br]niku mboten mustail." 0:09:38.780,0:09:42.820 Kula mboten badhé nyriosi menawi kula[br]slamet dalu niku, pados mangertos piyambak 0:09:42.850,0:09:43.978 (Ngguyu) 0:09:43.978,0:09:47.100 Nanging dalu punika kula ndamel daftar[br]10 Thromes awal kula: 0:09:47.100,0:09:50.210 Kula péngin nyambangi benua utama 0:09:50.210,0:09:51.820 nyambangi 7 Keajaiban Dunia 0:09:51.820,0:09:53.410 sinau kathah basa, 0:09:53.410,0:09:54.940 gesang ing pulau kang terpencil, 0:09:54.940,0:09:56.480 gesang ing kapal ing seganten, 0:09:56.480,0:09:58.650 gesang kaliyan suku Indian[br]ing Amazon, 0:09:58.650,0:10:01.210 minggah ngantos puncak gunung[br]paling inggil ing Swedia, 0:10:01.210,0:10:03.180 ningali Gunung Everest nalika[br]srengéngé mlethèk, 0:10:03.190,0:10:05.390 nyambut damel ing bisnis musik[br]ing Nashville, 0:10:05.400,0:10:07.060 kula péngin nyambut damel[br]kaliyan sirkus, 0:10:07.080,0:10:09.120 lan mlumpat saking pesawat. 0:10:09.120,0:10:12.380 Langkung saking kalih dasa tahun,[br]kula wujudaken throme kula. 0:10:12.410,0:10:14.650 Saben kula kasil nindakaken[br]setunggal throme, 0:10:14.650,0:10:18.190 kula tambahi 5 utawi 10 malih,[br]daftar kula tambah ageng. 0:10:18.800,0:10:23.280 Ing pitung taun saklajengipun, kula gesang[br]ing pulau alit ing Bahamas 0:10:23.320,0:10:25.360 ing pitung taun 0:10:25.370,0:10:27.274 ing gubuk, 0:10:29.480,0:10:33.820 numbak ulam hiu lan pari damel tedhan,[br]namung kula ing pulau punika, 0:10:33.820,0:10:36.249 nganggé cawat, 0:10:36.680,0:10:39.160 lan kula sinau nglangi kaliyan hiu. 0:10:39.160,0:10:40.980 Saking ngrika, kula pindhah dhateng Mexico, 0:10:40.980,0:10:45.000 lajeng dhateng basin Kali Amazon[br]ing Ekuador, 0:10:45.241,0:10:48.100 Pujo Pongo Ekuador,[br]gesang kaliyan suku ing ngrika, 0:10:48.100,0:10:52.180 sekedhik baka sekedhik kula dados[br]percaya dhiri amargi throme kula. 0:10:52.180,0:10:55.100 Kula pindhah dhateng bisnis musik[br]ing Nashville, lajeng Swedia, 0:10:55.110,0:10:57.870 pindhah dhateng Stockholm,[br]nyambut damel ing bisnis musik, 0:10:57.870,0:11:01.920 kula ugi minggah puncak redi Kebnekaise[br]tebih ing inggilé Lingkaran Arktik. 0:11:03.300,0:11:04.750 Kula sinau dados badhut, 0:11:04.750,0:11:05.860 lan sulap bola, 0:11:05.860,0:11:07.480 lan mlampah kaliyan égrang, 0:11:07.480,0:11:10.440 sepédhahan roda setunggal,[br]mangan geni lan beling. 0:11:10.450,0:11:13.620 Ing 1997 kula mireng namung wonten kirang[br]saking kalihwelas penelan pedhang 0:11:13.620,0:11:15.410 kula sanjang, "aku kudu iso[br]ngulu pedhang!" 0:11:15.420,0:11:18.290 Kula kepanggih penelan pedhang,[br]lan kula nedha tips. 0:11:18.290,0:11:20.190 Piyambaké sanjang, "Tak wènèhi 2 tips: 0:11:20.190,0:11:21.926 Nomer 1: Iki bahaya banget, 0:11:21.926,0:11:23.948 Akèh sing mati saka nglakoni iki. 0:11:23.948,0:11:24.953 Nomer 2: 0:11:24.953,0:11:26.206 Aja dicoba!" 0:11:26.206,0:11:27.520 (Ngguyu) 0:11:27.540,0:11:29.540 Dados kula tambahaken menika[br]ing daftar throme. 0:11:30.440,0:11:33.320 Kula latihan kaping 10 ngantos 12[br]sedinten, saben dinten 0:11:33.660,0:11:35.160 ing sekawan taun. 0:11:35.209,0:11:36.709 Saniki kula itung-itung... 0:11:36.709,0:11:40.020 4 x 365 [x 12] 0:11:40.020,0:11:42.660 kinten-kinten 13.000 cobèn kang gagal 0:11:42.660,0:11:45.420 sadèrèngé kasil ngulu pedhang[br]ing 2001. 0:11:46.002,0:11:47.630 Wektu niku kula ndamel[br]setunggal throme 0:11:47.630,0:11:50.940 supados dados ahli penelan pedhang[br]ing dunya. 0:11:50.970,0:11:53.820 Kula waos sedaya buku , majalah,[br]artikel koran, 0:11:53.820,0:11:57.670 sedaya laporan medis,[br]kula sinau fisiologi, anatomi, 0:11:57.676,0:11:59.719 kula diskusi kaliyan dokter lan suster, 0:11:59.719,0:12:01.760 ngempalaken sedaya penelan pedhang 0:12:01.760,0:12:04.250 ing dalem Sword Swallowers Association[br]International, 0:12:04.250,0:12:06.450 lan nindakaken 2 taun penelitian medis 0:12:06.450,0:12:08.580 ing Ngulu Pedhang lan Efek Sampingipun 0:12:08.580,0:12:10.980 kang diterbitaken ing[br]British Medical Journal. 0:12:10.980,0:12:11.840 (Ngguyu) 0:12:11.840,0:12:12.940 Matur suwun. 0:12:12.960,0:12:17.748 (Keplok) 0:12:18.200,0:12:21.570 Kula angsal sawetara kaweruh[br]babagan ngulu pedhang. 0:12:21.571,0:12:25.260 Kula yakin jenengan dèrèng naté pikiraken,[br]tapi pasti mikiraken samantun niki. 0:12:25.260,0:12:28.550 Kala wangsul mangké, lan ngiris steak[br]panjenengan kaliyan lading 0:12:28.550,0:12:31.759 utawi pedhang, utawi "bestek",[br]panjenengan badhé mikiraken niki... 0:12:34.257,0:12:36.589 Ngulu pedhang menika[br]diwiwiti ing India - 0:12:36.589,0:12:39.889 panggénan kula ningali ngulu pedhang[br]pertama kali kala kula 21 taun - 0:12:39.889,0:12:42.290 kinten-kinten 4000 tahun kepengker,[br]2000 SM. 0:12:42.290,0:12:45.580 Salebetipun langkung saking 150 taun,[br]penelan pedhang digunakaken 0:12:45.590,0:12:47.400 ing bidhang sains lan obat-obatan 0:12:47.480,0:12:51.160 kanggé mbiantu ngembangaken[br]endoskop kaku ing 1868 0:12:51.160,0:12:53.820 déning Dr. Adolf Kussmaul[br]ing Freiburg Germany. 0:12:53.880,0:12:56.639 Ing 1906, electrokardiogram ing Wales, 0:12:56.639,0:13:00.240 kanggé nyinauni penyakit babagan[br]ngulu lan pencernaan, 0:13:00.240,0:13:01.860 bronkoskop lan sajinisipun. 0:13:01.860,0:13:03.840 Tapi salebetipun langkung[br]saking 150 taun, 0:13:03.840,0:13:07.860 wonten atusan cidra lan[br]puluhan pejah... 0:13:07.880,0:13:14.560 Menika endoskop kaku kang dikembangaken[br]déning Dr. Adolf Kussmaul. 0:13:14.740,0:13:18.679 Nanging kita nemoaken menawa wonten[br]29 pejah ing salebetipun 150 taun niki 0:13:18.679,0:13:22.462 kalebet penelan pedhang ing London niki[br]kang nujleb manahipun kaliyan pedhang. 0:13:23.142,0:13:25.340 Ugi wonten 3 ngantos 8 0:13:25.340,0:13:27.780 cidro saking ngulu pedhang[br]kang serius saben taun. 0:13:27.780,0:13:29.880 Kula sumerep amargi kula ditelpon. 0:13:29.880,0:13:31.150 Kula nembé ditelpon ping kalih, 0:13:31.150,0:13:34.320 setunggal saking Swedia lan saking[br]Orlando minggu kepengker, 0:13:34.320,0:13:37.019 penelan pedhang kang opnam[br]ing omah sakit amargi cidro. 0:13:37.019,0:13:38.769 Dados niki bahaya sanget. 0:13:38.769,0:13:41.629 Perkawis lintuné kang kula pahami[br]menawi ngulu pedhang mbutuhaken 0:13:41.629,0:13:44.320 saking 2 ngantos 10 taun damel nyinauni[br]caranipun ngulu pedhang 0:13:44.320,0:13:45.610 damel kathah tiyang. 0:13:45.610,0:13:48.020 Tapi perkawis kang paling linangkung[br]nggéh menika 0:13:48.020,0:13:51.360 caranipun penelan pedhang nyobi[br]nindakaken perkawis kang mustail. 0:13:51.460,0:13:53.460 Kula badhé nyukani penjenengan[br]wados alit: 0:13:53.520,0:13:57.580 Ampun fokus kaliyan 99.9%[br]kang mustail. 0:13:57.580,0:14:02.030 Fokus kaliyan .1% kang mungkin, lan sinau[br]caranipun ndamel mungkin perkawis menika. 0:14:02.817,0:14:06.140 Kula badhé mbekta panjenengan ing dalem[br]manahipun penelan pedhang. 0:14:06.140,0:14:09.479 Supados saget ngulu pedhang, dibutuhaken[br]meditasi "pikiran atas materi", 0:14:09.479,0:14:12.270 konsentrasi tingkat inggil,[br]akurasi kang sampurna kanggé 0:14:12.270,0:14:15.670 ngasingaken organ badhan internal lan[br]ngilangaken refleks otomatis badhan 0:14:15.710,0:14:20.370 langkung sinopsis otak kang kiat,[br]langkung memori otot kang diulang-ulang 0:14:20.450,0:14:23.720 déning latian langkung saking[br]kaping 1.000. 0:14:24.020,0:14:28.090 Kula badhé mbekta panjenengan ing dalem[br]badhanipun penelan pedhang. 0:14:28.310,0:14:30.130 Supados saget ngulu pedhang, 0:14:30.130,0:14:32.250 kula kedah nyelipaken pedhang langkung[br]ilat kula, 0:14:32.250,0:14:34.780 nahan refleks mutah ing[br]kerongkongan serviks, 0:14:34.780,0:14:37.740 bélok 90 drajat mandhapi epiglotis, 0:14:38.240,0:14:41.040 langkung cricopharyngeal[br]sfingter esofagus inggil, 0:14:41.060,0:14:42.600 nahan refleks perystalsis, 0:14:42.600,0:14:44.380 nyelipaken pedhang dhateng[br]rongga dhadha 0:14:44.380,0:14:45.960 ing antawisipun paru-paru. 0:14:46.080,0:14:48.349 Ing titik niki, 0:14:48.399,0:14:50.389 kula kedah nekan dhateng samping[br]jantung kula. 0:14:50.389,0:14:51.720 Menawi ditingali kaliyan titi, 0:14:51.720,0:14:53.860 saged ditingali jantung kula berdenyut[br]kaliyan pedhang 0:14:53.860,0:14:55.859 amargi pedhangipun nyèndhèn jantung 0:14:55.859,0:14:58.809 dipisahaken kaliyan kinten-kinten wolung[br]inci jaringan esophageal. 0:14:58.809,0:15:00.580 Niki sanès perkawis kang saged[br]di damel-damel. 0:15:00.580,0:15:02.710 Langkung pedhangipun kedah diselipaken[br]langkung tosan dhadha, 0:15:02.710,0:15:05.540 langkung sfingter esofagus andhap,[br]mandhap dhateng lambung, 0:15:05.540,0:15:09.020 nahan refleks mutah ing lambung[br]ngantos duodenum. 0:15:09.020,0:15:09.750 Gampang. 0:15:09.750,0:15:10.930 (Ngguyu) 0:15:10.930,0:15:12.880 Menawi kula lanjutaken, 0:15:12.880,0:15:17.720 ngantos tuba falopi kula.[br](Basa Landa) Eileiders! 0:15:17.720,0:15:20.980 Mangké panjenengan saged tanglet[br]garwanipun piyambak... 0:15:22.160,0:15:23.900 Tiyang tanglet kula, 0:15:23.900,0:15:26.740 "Kedah kendel sanget supados saget[br]ngadhepi risiko ing gesang 0:15:26.740,0:15:28.800 nekan jantung, lan[br]ngulu pedhang..." 0:15:28.800,0:15:30.500 Mboten. Kang mbetahaken kekendelan 0:15:30.500,0:15:33.020 yaiku damel ajrih, lingsem, kera,[br]lan lemah niku 0:15:33.080,0:15:35.620 ngadhepi kegagalan lan penolakan, 0:15:35.620,0:15:37.040 mbikak manahipun, 0:15:37.040,0:15:38.240 lan ngulu egonipun 0:15:38.240,0:15:41.060 lan jumeneng ing mriki, ing ajengipun[br]tiyang asing 0:15:41.060,0:15:43.670 nyriosaken babagan ajrih[br]lan pangimpèn piyambakipun, 0:15:43.680,0:15:47.580 kaliyan risiko mutah,[br]ing artosan literal lan figuratif. 0:15:48.280,0:15:49.450 Matur suwun. 0:15:49.450,0:15:53.720 (Keplok) 0:15:53.850,0:15:56.250 Kang linangkung saèstu yaniku 0:15:56.250,0:15:58.650 kula tansah kersa nindakaken[br]perkawis kang linangkung 0:15:58.650,0:15:59.780 lan saniki kula saget. 0:15:59.780,0:16:02.880 Nanging perkawis kang linangkung saèstu[br]sanès saget ngulu 0:16:02.880,0:16:05.170 pedhang 21 ing setunggal wektu, 0:16:07.640,0:16:10.500 utawi 20 kaki ing lebet toya ing tangki[br]kebak 88 hiu lan iwak pari 0:16:10.500,0:16:12.307 damel Ripley's Believe It or Not, 0:16:13.840,0:16:17.600 utawi dipanasaken ngantos 1500 drajat[br]damel Stan Lee's Superhumans 0:16:17.610,0:16:19.470 dados "Manungsa Baja" 0:16:19.520,0:16:21.574 lan menika bentèr sanget! 0:16:22.460,0:16:24.920 Utawi narik montor kaliyan pedhang[br]damel Ripley's, 0:16:24.930,0:16:26.290 utawi Guinness, 0:16:26.290,0:16:28.760 utawi mlebet finalipun[br]America's Got Talent, 0:16:28.820,0:16:31.540 utawi menangaken Ig Nobel Prize[br]in Medicine 2007. 0:16:31.550,0:16:33.900 Sanès, menika sanès perkawis[br]kang linangkung saèstu. 0:16:33.900,0:16:36.350 Menika kang tiyang lintu manahaken.[br]Sanès. Sanès menika. 0:16:36.350,0:16:37.800 Perkawis kang linangkung saèstu 0:16:37.800,0:16:40.660 yaniku Tuhan saget mendhet laré ajrih,[br]lingsem, kera, lan lemah niku 0:16:40.660,0:16:42.200 kang ajrih kaliyan papan inggil, 0:16:42.200,0:16:43.890 kang ajrih kaliyan toya lan hiu, 0:16:43.890,0:16:46.370 lan dokter lan suster[br]lan dom lan barang kang landhep 0:16:46.370,0:16:47.640 lan criyos dhateng tiyang 0:16:47.640,0:16:49.800 lan saniki Tuhan ndamel kula miber[br]kliling dunya 0:16:49.800,0:16:51.320 kang inggilipun 30.000 kaki 0:16:51.320,0:16:53.900 ngulu barang kang landhep, ing lebetipun[br]toya ing tangki hiu, 0:16:53.900,0:16:57.430 lan criyos kaliyan dokter lan suster[br]lan hadirin kados panjenengan. 0:16:57.430,0:16:59.580 Punika perkawis kang linangkung saèstu[br]damel kula. 0:16:59.580,0:17:01.450 Kula tansah kersa nindakaken[br]perkawis kang mustail - 0:17:01.450,0:17:02.380 Matur suwun. 0:17:02.380,0:17:03.760 (Keplok) 0:17:03.760,0:17:05.220 Matur suwun. 0:17:05.660,0:17:09.040 (Keplok) 0:17:09.700,0:17:12.569 Kula tansah kersa nindakaken perkawis[br]mustail, saniki kula saged. 0:17:12.569,0:17:15.858 Kula kersa nindakaken perkawis linangkung[br]ing gesang lan ngéwahi dunya, 0:17:15.858,0:17:16.898 saniki kula saged. 0:17:16.898,0:17:19.819 Kula tansah kersa miber kliling dunya[br]mbiantu 0:17:19.819,0:17:21.378 lan nylametaken tiyang,[br]saniki kula saget. 0:17:21.378,0:17:22.720 Panjenengan sumerep? 0:17:22.720,0:17:25.569 Taksih wonten sisa pangimpènipun[br]laré alit menika 0:17:25.569,0:17:27.290 tebih ing lebet. 0:17:30.320,0:17:36.197 (Ngguyu) (Keplok) 0:17:37.000,0:17:40.240 Kula tansah kersa nemoaken[br]tujuan gesang kula, 0:17:40.270,0:17:41.530 lan saniki sampun kula temoaken. 0:17:41.540,0:17:42.920 Punapa menika? 0:17:42.920,0:17:46.230 Sanès kaliyan pedhang, sanès manahanipun[br]tiyang, utawi kekiyatan kula. 0:17:46.230,0:17:48.510 Nanging slaeresipun pangapesanipun kula,[br]tembung. 0:17:48.510,0:17:51.090 Tujuan gesang kula yaniku damel[br]ngéwahi dunya 0:17:51.090,0:17:52.390 déning ngilangaken ajrih, 0:17:52.390,0:17:54.910 setunggal pedhang ing sawekdal,[br]setunggal tembung ing sawekdal, 0:17:55.070,0:17:57.450 setunggal lading ing sawekdal,[br]setunggal gesang ing sawekdal, 0:17:57.540,0:17:59.700 damel nginspirasi tiyang dados[br]pahlawan super 0:17:59.700,0:18:01.860 lan nindakaken kang mustail[br]ing gesangipun. 0:18:02.060,0:18:04.680 Tujuan kula yaniku damel mbiantu[br]tiyang nemoaken tujuanipun. 0:18:04.680,0:18:05.680 Menawi panjenengan? 0:18:05.680,0:18:06.960 Napa tujuan panjenengan? 0:18:06.960,0:18:08.960 Konjuk punapa panjenengan diciptaaken? 0:18:09.260,0:18:11.590 Kula percados kita sedanten[br]pahlawan super. 0:18:12.160,0:18:14.260 Napa kekiyatan super panjenengan? 0:18:14.560,0:18:17.990 Saking kinten-kinten 7 miliar tiyang[br]ing dunya, 0:18:17.990,0:18:20.250 wonten kirang saking sawetara lusin[br]penelan pedhang 0:18:20.250,0:18:21.661 ing dunya saniki, 0:18:21.661,0:18:22.940 nanging namung wonten setunggal[br]panjenengan. 0:18:22.940,0:18:24.070 Panjenengan menika unik. 0:18:24.070,0:18:25.540 Punapa crita panjenengan? 0:18:25.540,0:18:27.760 Punapa kang ndamel panjenengan[br]bènten? 0:18:27.760,0:18:29.180 Mangga dicriosaken, 0:18:29.180,0:18:31.721 senaosa suwara panjenengan[br]lirih lan gemeter. 0:18:31.900,0:18:33.340 Punapa throme panjenengan? 0:18:33.340,0:18:35.850 Bilih saget nindakaken napa mawon, dados[br]sinten mawon, tindhak teng pundi mawon 0:18:35.850,0:18:37.430 Badhé nindakaken napa?[br]badhé tindhak teng pundi? 0:18:37.430,0:18:38.480 Badhé nindakaken napa? 0:18:38.480,0:18:40.340 Kersa nindakaken napa kaliyan[br]gesang panjennegan? 0:18:40.340,0:18:41.760 Napa pangimpèn ageng panjenengan? 0:18:41.760,0:18:44.450 Nalika taksih alit?[br]monggo dimanahaken. 0:18:44.450,0:18:46.240 Sanés niki, kan? 0:18:46.483,0:18:47.880 Napa pangimpèn paling liar 0:18:47.880,0:18:50.450 kang panjenengan pikir anèh[br]lan mbebayani? 0:18:50.450,0:18:54.040 Niki ndamel pangimpèn panjenengan[br]mboten anèh, kan? 0:18:55.370,0:18:57.050 Napa pedhang panjenengan? 0:18:57.050,0:18:58.650 Sedanten gadhah pedhang, 0:18:58.650,0:19:00.600 pedhang bertepi kalih,[br]ajrih lan pangimpèn. 0:19:00.600,0:19:03.520 Monggo diulu pedhangipun,[br]punapa mawon. 0:19:03.890,0:19:05.870 Monggo ditumuti pangimpènipun,[br]para hadhirin, 0:19:05.870,0:19:08.900 mboten naté telat dados sinten mawon[br]kang panjenengan kersani. 0:19:09.720,0:19:12.920 Damel perundung kaliyan dodgeball,[br]laré kang mikir 0:19:12.920,0:19:14.916 menawi kula mboten naté nindakaken[br]kang mustail, 0:19:15.060,0:19:17.645 Kula badhé matur: 0:19:17.645,0:19:18.841 Matur suwun. 0:19:18.940,0:19:22.220 Amargi tanpa tiyang awon,[br]mboten wonten pahlawan super. 0:19:23.020,0:19:27.237 Ing mriki kula kersa mbuktèkaken[br]kang mustail mboten mustail. 0:19:28.300,0:19:32.310 Niki sanget mbebayani,[br]lan saget mejahi kula. 0:19:32.340,0:19:33.720 Mangga disekécaaken. 0:19:33.720,0:19:35.260 (Ngguyu) 0:19:36.350,0:19:38.700 Kula badhé mbetahaken[br]bantuan panjenengan. 0:19:46.731,0:19:48.405 Hadhirin: Kalih, tiga. 0:19:48.405,0:19:52.100 Dan Meyer: Mboten. Kula mbetahaken[br]panjenengan damel ngétang, oke? 0:19:52.100,0:19:53.210 (Ngguyu) 0:19:53.210,0:19:55.840 Bilih sumerap tembungipun? Mangga[br]ngétang kalih kula. Siap? 0:19:55.870,0:19:56.964 Setunggal. 0:19:56.964,0:19:58.150 Kalih. 0:19:58.170,0:19:58.980 Tiga. 0:19:58.980,0:20:00.920 Sanès, niku 2, nanging panjenengan paham. 0:20:06.760,0:20:07.780 Hadhirin: Setunggal. 0:20:07.840,0:20:08.750 Kalih. 0:20:08.800,0:20:10.010 Tiga. 0:20:11.260,0:20:13.280 (Megap) 0:20:14.360,0:20:15.940 (Keplok) 0:20:16.251,0:20:17.450 DM: Inggih! 0:20:17.450,0:20:23.100 (Keplok) (Sorak) 0:20:23.100,0:20:24.820 Matur suwun sanget. 0:20:25.450,0:20:28.800 Matur suwun, matur suwun, matur suwun.[br]Saking lebetipun manah kula. 0:20:28.800,0:20:31.290 Saleresipun, matur suwun saking[br]lebetipun madharan kula. 0:20:31.880,0:20:35.020 Kula dugi mriki damel nindakaken[br]kang mustail, saniki kula sampun. 0:20:35.030,0:20:37.730 Nanging menika mboten mustail.[br]Kula nindakaken menika saben dinten. 0:20:37.800,0:20:42.800 Kang mustail yaniku damel laré ajrih,[br]lingsem, kera, lan lemah niku ngadhepi ajrih 0:20:42.840,0:20:44.600 damel jumeneng ing panggung TEDx mriki, 0:20:44.600,0:20:47.100 lan damel ngéwahi dunya,[br]satembung ing sawekdal, 0:20:47.100,0:20:49.080 sapedhang ing sawekdal,[br]sagesang ing sawekdal. 0:20:49.080,0:20:52.060 Bilih kula saget ndamel panjenengan[br]manah ing cara enggal lan percados 0:20:52.060,0:20:54.460 kang mustail mboten mustail, 0:20:54.460,0:20:57.960 ugi saget ndamel sadhar, bilih panjenengan[br]saget nindakaken kang mustail, 0:20:58.120,0:21:01.020 Pandamelan kula sampun mantun,[br]lan panjenengan nembé miwiti. 0:21:01.020,0:21:04.100 Mangga terus nyupéna,[br]Mangga terus percados. 0:21:04.820,0:21:06.350 Matur suwun sampun percados kula 0:21:06.350,0:21:08.250 lan dados bagéan pangimpèn kula. 0:21:08.250,0:21:09.550 Menika hadhiah kula: 0:21:09.550,0:21:11.486 Perkawis kang mustail mboten... 0:21:11.486,0:21:12.920 Hadhirin: Mustail. 0:21:12.920,0:21:14.920 Mlampah kang dangu bagéanipun hadhiah. 0:21:15.100,0:21:19.560 (Keplok) 0:21:19.560,0:21:21.020 Matur suwun. 0:21:21.060,0:21:25.360 (Keplok) 0:21:25.580,0:21:27.560 (Sorak) 0:21:27.780,0:21:30.240 Host: Matur suwun, Dan Meyer, wow!