Swara musik piano Hai Hey Sugeng enjing Halo, warga internet sing apik Dina iki, ketoke bakal nyenengno aku ngajak kowe bareng dina iki Saiki aku lagi dandan sing gampang mergo aku ana rapat dina iki tapi, kulitku bermasalah ki Kulitku sensitif, gampang jerawaten, tapi akhir-akhir iki tambah parah ning bathuk, ning pinggiran rambut, ning irung, janggut pinggir lambe, kaya Aku ra reti nek ana pori-pori ning kono. Aku mung nyoba gawe kulitku isa ambegan sithik. Aku ana ujian tengah semester dina iki Iki ujian kapisanku, lan aku rada gugup mergo Aku ngrasa durung siap, dadi aku bakal nglakoni SKS (sistem kejar sewengi) Nek kowe kenal aku, kowe bakal reti nek aku juarane ngende-ende saka kabeh tukang ngende-ende Ahaha, ngono lah. (swara cekrek kamera) (musik piano) Nah iki hasil akhir dandanku. Aku kaya emak-emak nggo klambi iki, tapi iki kweren. Oh iya, iki giwange sing takpilih (musik) Yok gawe sarapan. (swara cekrekan kamera) (cover jazz saka tembang 'Don't Know Why' Jesse Harris lan The Ferdinandos (1999) Mau iku rada kakehan (musike lanjut) (musike luntur) Aku duwe sekitar 1 setengah jam meneh sedurung ujian, dadi aku bakal NGEBUT SINAU! Ayok mulai. (musik jazz lanjut) (musik jazz bar) (tarik napas) Ahhh (swara cekrek kamera) akhire rampung! Woo! Aku rak reti kok isa rampung, tapi, iki luwih angel saka sing takpikir meski ujian terbuka. Tapi ya, aku seneng wis isa ngrampungke. Otakku kemebul iki. Wayahe madang! (swara cekrekan kamera) (musik jazz piano saka lofi) Lungguh! Bocah apik. (musik jazz piano saka lofi lanjut) Dadi aku duwe kerjaan sedurunge mlebu kelas, kira-kira rong jam ngkas, dadi ayok lanjut (swara cekrek kamera) (musik ukulele) (vokal nggabung karo ukulele) Ini regane mung se-dolar, oke? Ojo ngakimi aku. Ojo takon kenapa aku kudu tuku es kopi pas aku ngrasa tanganku wes kudu copot, sebab aku ora reti kudu njawab apa. Ora ana wong sing isa ucul saka kekuawatan promone McDonald's. Termasuk aku. (musik ukulele karo vokal lanjut) Iki lagi sepisan aku nyoba kopi saka McDonald's. Wow, jan legine. Iki mayan enak. Yeah, rada manis kanggoku. (musik jazz gitar alus) Dadi, aku akhire ora nduwe cukup wektu sing takpengeni nggo moto burgerku, nanging, saiki aku lagi melu kelas sing wes telat mlebu, dadi Ayo (musike lanjut) Helo Saiki aku ning omah, dadi aku ora isa ngomong nek aku kangen omah nanging, sedurunge pandemi COVID, aku kangen lunga ning kafe, yeah. (swara guru ning mburi) Trus dewe jek nduwe jutaan wong tanpa (ora jelas) Karir (suara cekrek kamera) Saiki jam 6:30, aku duwe rapat siji meneh Wes arep rampung. Aku ngrenda pas aku umur, sepuluh taun, nanging akhire aku mulai ngrenda meneh, merga TikTok, lan iku cara pas nggawe tanganku sibuk, merga aku biasane dolanan handphone pas tanganku lagi ora ngapa-ngapa. Yeah, dadi aku cuma lungguh ning kelas ngrenda kaya mbah putri. Aku mayan seneng. (cekikikan) (ngguyu) Ndekne pengen ati. Lungo lungo lungo Iki menu manganku, ojo watir, kamerane mati. (guru ning mburi) (murid takon, guru njawab) (guru ning mburi) (jazz gitar alus) (angop) Kowe angop kebangeten nganti kaya arep nangis (ngguyu) (ngendus) Akhire bar kabeh kerjaanku dina iki. Lan, saiki malah durung ana jam sewelas. Dina iki produktif banget. Aku ngrampungke akeh kerjaan. Aku bangga karo awakku Rasane rada ngelih, dadi ketoke aku bakal njupuk cemilan Tapi sing sepisan- (riff gitar) Aku biasane ngidam panganan manis apa meneh wayah wengi, dadi wingi mbengi aku mbekuke anggur-anggur iki lan aku madang iki daripada eskrim utawa sakjenise. Iku lumayan apik. (swara cekrekan kamera) Atise Kowe lagi ngapa, Teddy? Please! (swara jangkrik) (riff gitar lanjut) (musik gitar wes rampung) (musik gitar akustik lofi) Saiki wes wengi, lan aku arep ndang turu, tapi aku pengen matur nuwun wes nonton, lan semoga kowe bakal duwe esuk, awan wengi sing indah kapan wae kowe nonton iki lan aku bakal ketemu kowe mengko kapan-kapan. Bye!