1 00:00:08,380 --> 00:00:09,561 Matur suwun. 2 00:00:16,270 --> 00:00:21,200 Riyén wonten Maharaja ing India kang ndamel titah ing dinten ambal warsanipun 3 00:00:21,200 --> 00:00:24,200 yèn sekabèhé temenggung kedah mbekta hadhiah kanggé sang raja. 4 00:00:24,400 --> 00:00:28,330 Wonten kang mbekta sutra, wonten kang mbekta pedhang mewah, 5 00:00:28,330 --> 00:00:29,490 wonten kang mbekta emas. 6 00:00:29,490 --> 00:00:32,659 Ing pungkasanipun barisan wonten tiyang sepuh kang keriput sanget 7 00:00:32,659 --> 00:00:36,630 mlampah saking désanipun ing kathah dinten langkung segara. 8 00:00:36,630 --> 00:00:41,150 Nalika mlampah, putranipun raja tanglet, "Hadhiah apa sing sampéyan gawa?" 9 00:00:41,457 --> 00:00:44,750 Tiyang sepuh punika alon-alon mbukak tanganipun nuduhaken 10 00:00:44,750 --> 00:00:49,600 kerang kang bagus sanget, kaliyan lengkung ungu lan kuning, abang lan biru. 11 00:00:50,160 --> 00:00:51,380 Putranipun raja dhawuh, 12 00:00:51,460 --> 00:00:54,400 "Hadhiah iku ora cocok kanggo Raja! Hadhiah apa iku?" 13 00:00:54,600 --> 00:00:57,400 Tiyang sepuh punika ningali putranipun raja lan sanjang, 14 00:00:57,590 --> 00:01:00,750 "Mlampah kang dangu...bagéan saking hadhiah." 15 00:01:01,060 --> 00:01:02,560 (Ngguyu) 16 00:01:02,900 --> 00:01:05,970 Ing sadhéla, kula badhé nyukani panjenengan sekaliyan hadhiah, 17 00:01:05,970 --> 00:01:08,270 hadhiah kang kula percayani hadhiah kang manfaat. 18 00:01:08,290 --> 00:01:10,050 Nanging sadèrèngé, kula bekta panjenengan 19 00:01:10,050 --> 00:01:11,960 dhateng lampah kula. 20 00:01:12,160 --> 00:01:13,740 Kados penjenengan, 21 00:01:13,740 --> 00:01:15,320 kula lair minangka bocah cilik. 22 00:01:15,320 --> 00:01:17,460 Wonten pinten panjenengan kang lair minangka bocah cilik? 23 00:01:17,460 --> 00:01:18,510 Lair enom? 24 00:01:18,740 --> 00:01:20,500 Kira-kira setengahipun... Oke... 25 00:01:20,570 --> 00:01:21,590 (Ngguyu) 26 00:01:21,820 --> 00:01:24,910 Lan sisanipun napa? Lahir minangka diwasa? 27 00:01:25,060 --> 00:01:27,640 Kula kepéngin panggih ibu panjenengan! 28 00:01:27,820 --> 00:01:29,460 Niku mustail! 29 00:01:30,560 --> 00:01:34,740 Nalika cilik, kula kasengsem kalih nglakoni kang mustail. 30 00:01:35,620 --> 00:01:38,880 Dinten niki niku dinten ingkang kula tunggu-tunggu, 31 00:01:38,880 --> 00:01:41,000 krana dinten niki niku dinten kula badhé nyobi 32 00:01:41,020 --> 00:01:43,620 nindakaké kang mustail ing ngajengipun penjenengan, 33 00:01:43,620 --> 00:01:45,460 ing TEDxMaastricht mriki. 34 00:01:45,800 --> 00:01:48,160 Kula badhé mulai 35 00:01:48,760 --> 00:01:50,880 kalih nuduhaké pungkasanipun: 36 00:01:51,220 --> 00:01:52,640 kula badhé mbuktèkaken 37 00:01:52,640 --> 00:01:54,940 yèn ingkang mustail niku mboten mustail. 38 00:01:55,300 --> 00:01:58,210 Kula badhé mungkasi kaliyan nyukani panjenengan hadhiah kang manfaat: 39 00:01:58,210 --> 00:02:01,350 Kula badhé nuduhaké yèn panjenengan saget nglakoni kang mustail. 40 00:02:02,660 --> 00:02:05,420 Ing usaha kula nglakoni kang mustail, kula nemoaken yèn 41 00:02:05,420 --> 00:02:08,229 ana kalih perkara ingkang sami ing antarané manungsa sedaya. 42 00:02:08,229 --> 00:02:09,870 Manungsa sedaya gadhah ajrih, 43 00:02:09,870 --> 00:02:11,640 lan manungsa sedaya gadhah impèn. 44 00:02:12,900 --> 00:02:17,560 Ing usaha kula nglakoni kang mustail, kula nemoaken tigang perkawis 45 00:02:17,560 --> 00:02:20,100 kang sampun kula lakoni taunan ingkang nyebabaké 46 00:02:20,110 --> 00:02:23,290 kula nglakoni perkawis kang mustail: 47 00:02:24,200 --> 00:02:26,900 Dodgeball, utawi panjenengan arani "Trefbal", 48 00:02:27,290 --> 00:02:28,360 Superman, 49 00:02:28,460 --> 00:02:29,460 lan Nyamuk. 50 00:02:29,460 --> 00:02:30,810 Menika tiga tembung kunci. 51 00:02:30,810 --> 00:02:33,500 Saniki panjenengan ngertos alasan kula nglakoni kang mustail. 52 00:02:33,610 --> 00:02:36,220 Kula badhé mbekta panjenengan dhateng lelungan kula, 53 00:02:36,320 --> 00:02:38,680 saking ajrih marang impèn, 54 00:02:38,740 --> 00:02:40,980 saking tembung marang pedhang, 55 00:02:41,160 --> 00:02:42,740 saking Dodgeball 56 00:02:42,850 --> 00:02:44,020 marang Superman 57 00:02:44,020 --> 00:02:45,340 marang Nyamuk. 58 00:02:45,800 --> 00:02:47,360 Kula pèngin nuduhaken 59 00:02:47,360 --> 00:02:49,900 caranipun nindakaken ingkang mustail. 60 00:02:52,480 --> 00:02:54,934 4 Oktober 2007. 61 00:02:55,840 --> 00:02:58,120 Ati kula ndhredheg, jengku kula gemeter 62 00:02:58,120 --> 00:02:59,340 nalika minggah panggung 63 00:02:59,340 --> 00:03:00,930 ing Teater Sanders 64 00:03:01,040 --> 00:03:03,240 Universitas Harvard damel nampi 65 00:03:03,240 --> 00:03:06,160 Hadhiah Nobel Ig 2007 ing Obat-obatan 66 00:03:06,160 --> 00:03:08,660 kanggé riset medis ingkang kula tulis sareng 67 00:03:08,660 --> 00:03:10,270 kaléh judhul "Ngulu Pedhang... 68 00:03:10,420 --> 00:03:11,740 ... lan Efek Sampingipun". 69 00:03:11,870 --> 00:03:13,275 (Ngguyu) 70 00:03:13,840 --> 00:03:17,880 Menika diterbitaken ing jurnal alit, kula dhèreng naté waos sadèréngé, 71 00:03:18,460 --> 00:03:20,419 British Medical Journal. 72 00:03:21,360 --> 00:03:24,740 Damel kula, menika wau impèn mustail kang dados kasunyatan, 73 00:03:24,900 --> 00:03:28,120 kejutan kang mboten dinyana damel tiyang kados kula, 74 00:03:28,130 --> 00:03:31,459 pakurmatan kang mboten badhé kula supéaken. 75 00:03:31,459 --> 00:03:34,539 Tapi, menika wau sanès bagèan kang paling kula ilingi. 76 00:03:35,540 --> 00:03:37,640 4 Oktober 1967, 77 00:03:38,020 --> 00:03:40,260 laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niki 78 00:03:41,100 --> 00:03:43,120 ngalami ajrih ingkang sanget. 79 00:03:43,460 --> 00:03:45,579 Nalika dhèwèké nyiapaken minggah panggung, 80 00:03:45,579 --> 00:03:47,234 manahipun ndhredheg, 81 00:03:47,500 --> 00:03:49,162 jengkunipun gemeter. 82 00:03:49,780 --> 00:03:52,120 Dhèwèké badhé mbukak lambénipun, 83 00:03:56,490 --> 00:03:58,130 mboten wonten tembung ingkang medal. 84 00:03:58,130 --> 00:04:00,040 Dhèwèké gemeteran ing luh. 85 00:04:00,630 --> 00:04:02,360 Lumpuh ing panik, 86 00:04:02,360 --> 00:04:03,760 mbeku ing ajrih. 87 00:04:03,960 --> 00:04:06,130 Laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niki 88 00:04:06,130 --> 00:04:08,142 ngalami ajrih ingkang sanget. 89 00:04:08,649 --> 00:04:10,330 Dhèwèké ajrih marang peteng, 90 00:04:10,520 --> 00:04:11,640 ajrih marang panggèn inggil, 91 00:04:11,640 --> 00:04:13,040 ajrih marang laba-laba lan ula. 92 00:04:13,040 --> 00:04:15,140 Wonten kang ajrih kaliyan laba-laba lan ula? 93 00:04:15,280 --> 00:04:16,660 Nggih, wonten sawetara.. 94 00:04:16,660 --> 00:04:19,079 Dhèwèké ajrih marang toya lan hiu.. 95 00:04:19,079 --> 00:04:21,939 Ajrih marang dokter, suster lan dokter waja, 96 00:04:21,939 --> 00:04:24,680 lan dom lan bor lan barang kang cetha. 97 00:04:24,680 --> 00:04:27,380 Nanging dhèwèké paling ajrih marang 98 00:04:27,470 --> 00:04:28,470 tiyang. 99 00:04:29,380 --> 00:04:31,530 Laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niku 100 00:04:31,540 --> 00:04:32,570 kula. 101 00:04:33,320 --> 00:04:35,997 Kula ajrih marang kegagalan lan penolakan, 102 00:04:37,300 --> 00:04:39,520 mboten percaya diri, kompleks inferioritas, 103 00:04:39,520 --> 00:04:42,840 lan perkara ingkang wektu niku dèrèng dipuntepangi: 104 00:04:42,840 --> 00:04:44,660 gangguan kecemasan sosial. 105 00:04:44,955 --> 00:04:48,610 Amarga ajrih, perundung nggodha lan nggebagi kula. 106 00:04:48,610 --> 00:04:52,240 Sedaya nggujeng lan ngèjèk kula, mboten ngajak kula dolanan 107 00:04:52,300 --> 00:04:54,260 rusa kutub. 108 00:04:55,020 --> 00:04:58,056 Wonten setunggal dolanan ingkang kula diangsalaken tumut... 109 00:04:58,100 --> 00:04:59,427 Dodgeball - 110 00:04:59,500 --> 00:05:01,443 kula sanès pandolan kang saé. 111 00:05:01,760 --> 00:05:03,500 Perundung punika nimbali nami kula, 112 00:05:03,500 --> 00:05:05,970 nalika ndongak, wonten bal abrit 113 00:05:05,970 --> 00:05:08,200 nubruk wajah kula enggal pisan 114 00:05:08,210 --> 00:05:09,950 bam, bam, bam! 115 00:05:10,580 --> 00:05:13,220 kula émut ndinten-dinten mlampah wangsul saking sekolah, 116 00:05:13,300 --> 00:05:18,180 wajah kula abrit lan perih, kuping kula abrit lan mbrenginging. 117 00:05:18,180 --> 00:05:21,140 Paningal kula panas kaliyan luh, 118 00:05:21,180 --> 00:05:23,515 lan gunemané perundung punika mbakar kuping kula. 119 00:05:23,740 --> 00:05:25,000 Lan sintena kang criyos, 120 00:05:25,020 --> 00:05:28,660 "Tongkat lan watu saget nugelaken balung kula tapi guneman mboten saget natoni" 121 00:05:28,880 --> 00:05:30,131 Menika mboten leres. 122 00:05:30,310 --> 00:05:31,980 Guneman saget ngiris kados lading. 123 00:05:31,980 --> 00:05:34,030 Guneman saget nyuduk kados pedhang. 124 00:05:34,210 --> 00:05:36,040 Guneman saget natoni kang jero 125 00:05:36,040 --> 00:05:37,780 ngantos mboten saget dipriksani. 126 00:05:38,150 --> 00:05:41,070 Kula gadhah ajrih. Lan guneman niku musuh bebuyutan kula. 127 00:05:41,260 --> 00:05:42,491 Taksih. 128 00:05:43,355 --> 00:05:45,300 Tapi kula nggih gadhah impèn. 129 00:05:45,300 --> 00:05:47,980 Nalika dugi griya, kula slimuraken kaliyan komik Superman 130 00:05:47,980 --> 00:05:49,774 kula maos komik Superman 131 00:05:49,774 --> 00:05:53,440 ing awangan kula, kula péngén dados pahlawan super kados Superman. 132 00:05:53,480 --> 00:05:56,240 Kula péngén merjuangaken ingkang leres lan adhil, 133 00:05:56,240 --> 00:05:58,680 merangi tiyang ala lan séla kripton, 134 00:05:58,680 --> 00:06:02,895 miber keliling dunya mbiantu lan nlyametaken tiyang lintu. 135 00:06:03,400 --> 00:06:05,850 Kula ugi kesengsem kaliyan barang kang nyata. 136 00:06:05,860 --> 00:06:09,460 Kula maos Guiness Book of World Records lan buku Ripley's Believe it or Not. 137 00:06:09,460 --> 00:06:13,080 Wonten kang nate maos Guinness Book of World Records utawi Ripley's ? 138 00:06:13,100 --> 00:06:14,390 Kula remen buku niku wau! 139 00:06:14,390 --> 00:06:16,270 Kula ningali tiyang nyata nindakaké barang nyata. 140 00:06:16,270 --> 00:06:17,790 Kula péngin nindakaké punika. 141 00:06:17,790 --> 00:06:19,330 Menawi perundung niku nglarang kula 142 00:06:19,330 --> 00:06:21,030 dolanan kaliyan dhèwèké, 143 00:06:21,030 --> 00:06:23,335 kula péngin nindakaké sihir nyata, barang nyata, 144 00:06:23,335 --> 00:06:26,659 nindakaké samukawis kang linangkung, perundung mboten saget tindakaken. 145 00:06:26,659 --> 00:06:28,609 Kula péngin sumerep tujuan gesang kula, 146 00:06:28,609 --> 00:06:30,729 menawi gesang kula gadhah jarwa, 147 00:06:30,729 --> 00:06:33,320 kula péngin nindakaké samukawis kang linangkung damel ngéwahi dunya; 148 00:06:33,320 --> 00:06:36,960 kula péngin mbuktèkaken menawi kang mustail niku mboten mustail. 149 00:06:38,340 --> 00:06:40,240 10 taun saksampunipun - 150 00:06:40,240 --> 00:06:42,706 Seminggu sakdèrèngé ambal warsa 21 kula. 151 00:06:42,819 --> 00:06:46,799 Wonten kalih kedadosan ing sedinten kang badhé ngéwahi gesang kula. 152 00:06:47,040 --> 00:06:49,391 Wektu niku kula gesang ing Tamil Nadu, India Kidul 153 00:06:49,540 --> 00:06:51,020 Kula wektu niku misionaris, 154 00:06:51,020 --> 00:06:53,090 lan mentor kula, réncang kula tanglet, 155 00:06:53,090 --> 00:06:54,720 "Sampéyan duwé Throme, Daniel?" 156 00:06:54,720 --> 00:06:57,440 Kula tanglet, "Thromes? Apa iku Thromes?" 157 00:06:57,440 --> 00:07:00,490 Dhèwèké sanjang, "Thromes iku tujuan urip sing gedhé. 158 00:07:00,490 --> 00:07:04,630 kombinasi antara impèn lan tujuan, yèn sampéyan iso 159 00:07:04,630 --> 00:07:07,240 nglakoni apa waé, lunga nyang endi waé, 160 00:07:07,240 --> 00:07:08,479 dadi sapa waé sing kokpéngini, 161 00:07:08,479 --> 00:07:10,356 arep lunga nyang endi sampéyan? arep nglakoni apa sampéyan? 162 00:07:10,356 --> 00:07:11,280 arep dadi sapa sampéyan? 163 00:07:11,280 --> 00:07:14,500 Kula sanjang,"Aku ora iso! aku wediyan! Aku wedi karo apa waé!" 164 00:07:14,500 --> 00:07:17,800 Ing dalu niku kula bekta gelaran kula dateng atap bungalow, 165 00:07:17,810 --> 00:07:19,259 lintang dados atapipun, 166 00:07:19,259 --> 00:07:21,869 lan ningali lawa mangsa nyamuk. 167 00:07:21,869 --> 00:07:26,200 Kula namung mikiraken thromes, impèn lan tujuan kula, 168 00:07:26,200 --> 00:07:28,360 lan para perundung kaliyan dodgeball. 169 00:07:28,760 --> 00:07:30,730 Ing sawetara jam, lajeng kula tangi. 170 00:07:31,220 --> 00:07:33,940 Manah kula dheg-dhegan, jengku kula gemeter. 171 00:07:34,080 --> 00:07:36,020 Tapi niki sanès amargi ajrih. 172 00:07:36,420 --> 00:07:38,395 Badan kula kejang. 173 00:07:38,500 --> 00:07:40,180 Ing gangsal dinten 174 00:07:40,330 --> 00:07:44,199 kula bola-bali sadhar lan mboten, ing ranjang kematian merjuangaken gesang kula. 175 00:07:44,199 --> 00:07:48,239 Utek kula panas 40 derajat demam malaria. 176 00:07:48,390 --> 00:07:51,600 Saben sadhar, kula namung mikiraken thromes. 177 00:07:51,600 --> 00:07:53,820 Ing manah kula, "Apa sing takpéngini karo uripku?" 178 00:07:53,950 --> 00:07:56,380 Akhiripun, sedalu sadèrèngé ambal warsa 21 kula, 179 00:07:56,380 --> 00:07:58,030 nalika sedanten gamblang, 180 00:07:58,030 --> 00:07:59,639 kula sadhar: 181 00:07:59,639 --> 00:08:02,100 kula sadhar menawi nyamuk alit niku, 182 00:08:02,620 --> 00:08:05,020 Anopheles Stephensi, 183 00:08:05,280 --> 00:08:06,610 nyamuk alit niku 184 00:08:06,610 --> 00:08:08,390 kang antebipun kirang saking 5 mikrogram 185 00:08:08,390 --> 00:08:09,810 kirang saking antebipun uyah, 186 00:08:09,810 --> 00:08:12,780 menawi nyamuk menika saget ngalahaken tiyang 170 pon, 80 kilo, 187 00:08:12,780 --> 00:08:14,860 kula sadhar menika wau séla kripton kula. 188 00:08:14,860 --> 00:08:17,150 Lajeng kula sadhar, sanès, sanès nyamuké, 189 00:08:17,150 --> 00:08:19,480 tapi parasit alit ing dalem nyamukipun, 190 00:08:19,480 --> 00:08:23,160 Plasmodium Falciparum, kang mejahi langkung saking seyuta tiyang setaun. 191 00:08:23,509 --> 00:08:25,999 Lajeng kula sadhar Sanès niku, tapi langkung alit, 192 00:08:25,999 --> 00:08:28,550 kula ngraos menika wau langkung ageng. 193 00:08:28,550 --> 00:08:29,640 Kula sadhar, 194 00:08:29,640 --> 00:08:31,270 ajrih menika séla kripton kula, 195 00:08:31,270 --> 00:08:32,140 parasit kula, 196 00:08:32,140 --> 00:08:34,990 kang sampun nglumpuhaken kula salebetipun gesang kula. 197 00:08:35,200 --> 00:08:38,080 Baya lan ajrih niku bènten. 198 00:08:38,109 --> 00:08:39,698 Baya menika nyata. 199 00:08:39,990 --> 00:08:42,010 Ajrih menika pilihan. 200 00:08:42,080 --> 00:08:44,309 Lan kula sadhar kula gadhah pilihan: 201 00:08:44,309 --> 00:08:48,180 kula saget gesang ing ajrih, lan séda ing kewurungan dalu niku, 202 00:08:49,070 --> 00:08:52,080 utawi kula saget ngilangaken ajrih kula, lan kula saget 203 00:08:52,080 --> 00:08:56,060 mujudaken pangimpèn kula, wantun nglampahi gesang kula. 204 00:08:56,680 --> 00:08:59,560 Nalika panjenengan wonten ing ranjang kematian 205 00:08:59,560 --> 00:09:04,080 lan ngadhepi pejah, punika saget ndamel panjenengan kersa nglampahi gesang. 206 00:09:04,180 --> 00:09:07,140 Kula sadhar tiyang saget pejah, mboten sedanten saget gesang saéstu. 207 00:09:08,040 --> 00:09:09,890 Ing sekarat, kita saget gesang. 208 00:09:09,890 --> 00:09:11,580 Nalika sinau damel pejah, 209 00:09:11,580 --> 00:09:13,070 panjenengan sinau damel gesang. 210 00:09:13,070 --> 00:09:15,140 Kula mutusaken menawi kula badhé ngéwahi 211 00:09:15,140 --> 00:09:16,420 cariyos kula dalu niku. 212 00:09:16,915 --> 00:09:18,230 Kula mboten kersa pejah. 213 00:09:18,230 --> 00:09:20,010 Dados kula ndonga, 214 00:09:20,010 --> 00:09:22,230 "Gusti, menawi kula taksih gesang ngantos ambal warsa 21, 215 00:09:22,230 --> 00:09:24,544 kula mboten péngin ajrih ngatur gesang kula malih. 216 00:09:24,670 --> 00:09:26,520 Kula badhé ngilangaken ajrih, 217 00:09:26,520 --> 00:09:29,530 kula badhé mujudaken pangimpèn kula, 218 00:09:29,530 --> 00:09:31,270 kula kersa ngéwahi sikap kula, 219 00:09:31,270 --> 00:09:33,540 nindakaken samubarang kang linangkung ing gesang, 220 00:09:33,540 --> 00:09:35,550 kula kersa nemoaken tujuan gesang kula, 221 00:09:35,550 --> 00:09:38,632 lan mangertosi menawi kang mustail niku mboten mustail." 222 00:09:38,780 --> 00:09:42,820 Kula mboten badhé nyriosi menawi kula slamet dalu niku, pados mangertos piyambak 223 00:09:42,850 --> 00:09:43,978 (Ngguyu) 224 00:09:43,978 --> 00:09:47,100 Nanging dalu punika kula ndamel daftar 10 Thromes awal kula: 225 00:09:47,100 --> 00:09:50,210 Kula péngin nyambangi benua utama 226 00:09:50,210 --> 00:09:51,820 nyambangi 7 Keajaiban Dunia 227 00:09:51,820 --> 00:09:53,410 sinau kathah basa, 228 00:09:53,410 --> 00:09:54,940 gesang ing pulau kang terpencil, 229 00:09:54,940 --> 00:09:56,480 gesang ing kapal ing seganten, 230 00:09:56,480 --> 00:09:58,650 gesang kaliyan suku Indian ing Amazon, 231 00:09:58,650 --> 00:10:01,210 minggah ngantos puncak gunung paling inggil ing Swedia, 232 00:10:01,210 --> 00:10:03,180 ningali Gunung Everest nalika srengéngé mlethèk, 233 00:10:03,190 --> 00:10:05,390 nyambut damel ing bisnis musik ing Nashville, 234 00:10:05,400 --> 00:10:07,060 kula péngin nyambut damel kaliyan sirkus, 235 00:10:07,080 --> 00:10:09,120 lan mlumpat saking pesawat. 236 00:10:09,120 --> 00:10:12,380 Langkung saking kalih dasa tahun, kula wujudaken throme kula. 237 00:10:12,410 --> 00:10:14,650 Saben kula kasil nindakaken setunggal throme, 238 00:10:14,650 --> 00:10:18,190 kula tambahi 5 utawi 10 malih, daftar kula tambah ageng. 239 00:10:18,800 --> 00:10:23,280 Ing pitung taun saklajengipun, kula gesang ing pulau alit ing Bahamas 240 00:10:23,320 --> 00:10:25,360 ing pitung taun 241 00:10:25,370 --> 00:10:27,274 ing gubuk, 242 00:10:29,480 --> 00:10:33,820 numbak ulam hiu lan pari damel tedhan, namung kula ing pulau punika, 243 00:10:33,820 --> 00:10:36,249 nganggé cawat, 244 00:10:36,680 --> 00:10:39,160 lan kula sinau nglangi kaliyan hiu. 245 00:10:39,160 --> 00:10:40,980 Saking ngrika, kula pindhah dhateng Mexico, 246 00:10:40,980 --> 00:10:45,000 lajeng dhateng basin Kali Amazon ing Ekuador, 247 00:10:45,241 --> 00:10:48,100 Pujo Pongo Ekuador, gesang kaliyan suku ing ngrika, 248 00:10:48,100 --> 00:10:52,180 sekedhik baka sekedhik kula dados percaya dhiri amargi throme kula. 249 00:10:52,180 --> 00:10:55,100 Kula pindhah dhateng bisnis musik ing Nashville, lajeng Swedia, 250 00:10:55,110 --> 00:10:57,870 pindhah dhateng Stockholm, nyambut damel ing bisnis musik, 251 00:10:57,870 --> 00:11:01,920 kula ugi minggah puncak redi Kebnekaise tebih ing inggilé Lingkaran Arktik. 252 00:11:03,300 --> 00:11:04,750 Kula sinau dados badhut, 253 00:11:04,750 --> 00:11:05,860 lan sulap bola, 254 00:11:05,860 --> 00:11:07,480 lan mlampah kaliyan égrang, 255 00:11:07,480 --> 00:11:10,440 sepédhahan roda setunggal, mangan geni lan beling. 256 00:11:10,450 --> 00:11:13,620 Ing 1997 kula mireng namung wonten kirang saking kalihwelas penelan pedhang 257 00:11:13,620 --> 00:11:15,410 kula sanjang, "aku kudu iso ngulu pedhang!" 258 00:11:15,420 --> 00:11:18,290 Kula kepanggih penelan pedhang, lan kula nedha tips. 259 00:11:18,290 --> 00:11:20,190 Piyambaké sanjang, "Tak wènèhi 2 tips: 260 00:11:20,190 --> 00:11:21,926 Nomer 1: Iki bahaya banget, 261 00:11:21,926 --> 00:11:23,948 Akèh sing mati saka nglakoni iki. 262 00:11:23,948 --> 00:11:24,953 Nomer 2: 263 00:11:24,953 --> 00:11:26,206 Aja dicoba!" 264 00:11:26,206 --> 00:11:27,520 (Ngguyu) 265 00:11:27,540 --> 00:11:29,540 Dados kula tambahaken menika ing daftar throme. 266 00:11:30,440 --> 00:11:33,320 Kula latihan kaping 10 ngantos 12 sedinten, saben dinten 267 00:11:33,660 --> 00:11:35,160 ing sekawan taun. 268 00:11:35,209 --> 00:11:36,709 Saniki kula itung-itung... 269 00:11:36,709 --> 00:11:40,020 4 x 365 [x 12] 270 00:11:40,020 --> 00:11:42,660 kinten-kinten 13.000 cobèn kang gagal 271 00:11:42,660 --> 00:11:45,420 sadèrèngé kasil ngulu pedhang ing 2001. 272 00:11:46,002 --> 00:11:47,630 Wektu niku kula ndamel setunggal throme 273 00:11:47,630 --> 00:11:50,940 supados dados ahli penelan pedhang ing dunya. 274 00:11:50,970 --> 00:11:53,820 Kula waos sedaya buku , majalah, artikel koran, 275 00:11:53,820 --> 00:11:57,670 sedaya laporan medis, kula sinau fisiologi, anatomi, 276 00:11:57,676 --> 00:11:59,719 kula diskusi kaliyan dokter lan suster, 277 00:11:59,719 --> 00:12:01,760 ngempalaken sedaya penelan pedhang 278 00:12:01,760 --> 00:12:04,250 ing dalem Sword Swallowers Association International, 279 00:12:04,250 --> 00:12:06,450 lan nindakaken 2 taun penelitian medis 280 00:12:06,450 --> 00:12:08,580 ing Ngulu Pedhang lan Efek Sampingipun 281 00:12:08,580 --> 00:12:10,980 kang diterbitaken ing British Medical Journal. 282 00:12:10,980 --> 00:12:11,840 (Ngguyu) 283 00:12:11,840 --> 00:12:12,940 Matur suwun. 284 00:12:12,960 --> 00:12:17,748 (Keplok) 285 00:12:18,200 --> 00:12:21,570 Kula angsal sawetara kaweruh babagan ngulu pedhang. 286 00:12:21,571 --> 00:12:25,260 Kula yakin jenengan dèrèng naté pikiraken, tapi pasti mikiraken samantun niki. 287 00:12:25,260 --> 00:12:28,550 Kala wangsul mangké, lan ngiris steak panjenengan kaliyan lading 288 00:12:28,550 --> 00:12:31,759 utawi pedhang, utawi "bestek", panjenengan badhé mikiraken niki... 289 00:12:34,257 --> 00:12:36,589 Ngulu pedhang menika diwiwiti ing India - 290 00:12:36,589 --> 00:12:39,889 panggénan kula ningali ngulu pedhang pertama kali kala kula 21 taun - 291 00:12:39,889 --> 00:12:42,290 kinten-kinten 4000 tahun kepengker, 2000 SM. 292 00:12:42,290 --> 00:12:45,580 Salebetipun langkung saking 150 taun, penelan pedhang digunakaken 293 00:12:45,590 --> 00:12:47,400 ing bidhang sains lan obat-obatan 294 00:12:47,480 --> 00:12:51,160 kanggé mbiantu ngembangaken endoskop kaku ing 1868 295 00:12:51,160 --> 00:12:53,820 déning Dr. Adolf Kussmaul ing Freiburg Germany. 296 00:12:53,880 --> 00:12:56,639 Ing 1906, electrokardiogram ing Wales, 297 00:12:56,639 --> 00:13:00,240 kanggé nyinauni penyakit babagan ngulu lan pencernaan, 298 00:13:00,240 --> 00:13:01,860 bronkoskop lan sajinisipun. 299 00:13:01,860 --> 00:13:03,840 Tapi salebetipun langkung saking 150 taun, 300 00:13:03,840 --> 00:13:07,860 wonten atusan cidra lan puluhan pejah... 301 00:13:07,880 --> 00:13:14,560 Menika endoskop kaku kang dikembangaken déning Dr. Adolf Kussmaul. 302 00:13:14,740 --> 00:13:18,679 Nanging kita nemoaken menawa wonten 29 pejah ing salebetipun 150 taun niki 303 00:13:18,679 --> 00:13:22,462 kalebet penelan pedhang ing London niki kang nujleb manahipun kaliyan pedhang. 304 00:13:23,142 --> 00:13:25,340 Ugi wonten 3 ngantos 8 305 00:13:25,340 --> 00:13:27,780 cidro saking ngulu pedhang kang serius saben taun. 306 00:13:27,780 --> 00:13:29,880 Kula sumerep amargi kula ditelpon. 307 00:13:29,880 --> 00:13:31,150 Kula nembé ditelpon ping kalih, 308 00:13:31,150 --> 00:13:34,320 setunggal saking Swedia lan saking Orlando minggu kepengker, 309 00:13:34,320 --> 00:13:37,019 penelan pedhang kang opnam ing omah sakit amargi cidro. 310 00:13:37,019 --> 00:13:38,769 Dados niki bahaya sanget. 311 00:13:38,769 --> 00:13:41,629 Perkawis lintuné kang kula pahami menawi ngulu pedhang mbutuhaken 312 00:13:41,629 --> 00:13:44,320 saking 2 ngantos 10 taun damel nyinauni caranipun ngulu pedhang 313 00:13:44,320 --> 00:13:45,610 damel kathah tiyang. 314 00:13:45,610 --> 00:13:48,020 Tapi perkawis kang paling linangkung nggéh menika 315 00:13:48,020 --> 00:13:51,360 caranipun penelan pedhang nyobi nindakaken perkawis kang mustail. 316 00:13:51,460 --> 00:13:53,460 Kula badhé nyukani penjenengan wados alit: 317 00:13:53,520 --> 00:13:57,580 Ampun fokus kaliyan 99.9% kang mustail. 318 00:13:57,580 --> 00:14:02,030 Fokus kaliyan .1% kang mungkin, lan sinau caranipun ndamel mungkin perkawis menika. 319 00:14:02,817 --> 00:14:06,140 Kula badhé mbekta panjenengan ing dalem manahipun penelan pedhang. 320 00:14:06,140 --> 00:14:09,479 Supados saget ngulu pedhang, dibutuhaken meditasi "pikiran atas materi", 321 00:14:09,479 --> 00:14:12,270 konsentrasi tingkat inggil, akurasi kang sampurna kanggé 322 00:14:12,270 --> 00:14:15,670 ngasingaken organ badhan internal lan ngilangaken refleks otomatis badhan 323 00:14:15,710 --> 00:14:20,370 langkung sinopsis otak kang kiat, langkung memori otot kang diulang-ulang 324 00:14:20,450 --> 00:14:23,720 déning latian langkung saking kaping 1.000. 325 00:14:24,020 --> 00:14:28,090 Kula badhé mbekta panjenengan ing dalem badhanipun penelan pedhang. 326 00:14:28,310 --> 00:14:30,130 Supados saget ngulu pedhang, 327 00:14:30,130 --> 00:14:32,250 kula kedah nyelipaken pedhang langkung ilat kula, 328 00:14:32,250 --> 00:14:34,780 nahan refleks mutah ing kerongkongan serviks, 329 00:14:34,780 --> 00:14:37,740 bélok 90 drajat mandhapi epiglotis, 330 00:14:38,240 --> 00:14:41,040 langkung cricopharyngeal sfingter esofagus inggil, 331 00:14:41,060 --> 00:14:42,600 nahan refleks perystalsis, 332 00:14:42,600 --> 00:14:44,380 nyelipaken pedhang dhateng rongga dhadha 333 00:14:44,380 --> 00:14:45,960 ing antawisipun paru-paru. 334 00:14:46,080 --> 00:14:48,349 Ing titik niki, 335 00:14:48,399 --> 00:14:50,389 kula kedah nekan dhateng samping jantung kula. 336 00:14:50,389 --> 00:14:51,720 Menawi ditingali kaliyan titi, 337 00:14:51,720 --> 00:14:53,860 saged ditingali jantung kula berdenyut kaliyan pedhang 338 00:14:53,860 --> 00:14:55,859 amargi pedhangipun nyèndhèn jantung 339 00:14:55,859 --> 00:14:58,809 dipisahaken kaliyan kinten-kinten wolung inci jaringan esophageal. 340 00:14:58,809 --> 00:15:00,580 Niki sanès perkawis kang saged di damel-damel. 341 00:15:00,580 --> 00:15:02,710 Langkung pedhangipun kedah diselipaken langkung tosan dhadha, 342 00:15:02,710 --> 00:15:05,540 langkung sfingter esofagus andhap, mandhap dhateng lambung, 343 00:15:05,540 --> 00:15:09,020 nahan refleks mutah ing lambung ngantos duodenum. 344 00:15:09,020 --> 00:15:09,750 Gampang. 345 00:15:09,750 --> 00:15:10,930 (Ngguyu) 346 00:15:10,930 --> 00:15:12,880 Menawi kula lanjutaken, 347 00:15:12,880 --> 00:15:17,720 ngantos tuba falopi kula. (Basa Landa) Eileiders! 348 00:15:17,720 --> 00:15:20,980 Mangké panjenengan saged tanglet garwanipun piyambak... 349 00:15:22,160 --> 00:15:23,900 Tiyang tanglet kula, 350 00:15:23,900 --> 00:15:26,740 "Kedah kendel sanget supados saget ngadhepi risiko ing gesang 351 00:15:26,740 --> 00:15:28,800 nekan jantung, lan ngulu pedhang..." 352 00:15:28,800 --> 00:15:30,500 Mboten. Kang mbetahaken kekendelan 353 00:15:30,500 --> 00:15:33,020 yaiku damel ajrih, lingsem, kera, lan lemah niku 354 00:15:33,080 --> 00:15:35,620 ngadhepi kegagalan lan penolakan, 355 00:15:35,620 --> 00:15:37,040 mbikak manahipun, 356 00:15:37,040 --> 00:15:38,240 lan ngulu egonipun 357 00:15:38,240 --> 00:15:41,060 lan jumeneng ing mriki, ing ajengipun tiyang asing 358 00:15:41,060 --> 00:15:43,670 nyriosaken babagan ajrih lan pangimpèn piyambakipun, 359 00:15:43,680 --> 00:15:47,580 kaliyan risiko mutah, ing artosan literal lan figuratif. 360 00:15:48,280 --> 00:15:49,450 Matur suwun. 361 00:15:49,450 --> 00:15:53,720 (Keplok) 362 00:15:53,850 --> 00:15:56,250 Kang linangkung saèstu yaniku 363 00:15:56,250 --> 00:15:58,650 kula tansah kersa nindakaken perkawis kang linangkung 364 00:15:58,650 --> 00:15:59,780 lan saniki kula saget. 365 00:15:59,780 --> 00:16:02,880 Nanging perkawis kang linangkung saèstu sanès saget ngulu 366 00:16:02,880 --> 00:16:05,170 pedhang 21 ing setunggal wektu, 367 00:16:07,640 --> 00:16:10,500 utawi 20 kaki ing lebet toya ing tangki kebak 88 hiu lan iwak pari 368 00:16:10,500 --> 00:16:12,307 damel Ripley's Believe It or Not, 369 00:16:13,840 --> 00:16:17,600 utawi dipanasaken ngantos 1500 drajat damel Stan Lee's Superhumans 370 00:16:17,610 --> 00:16:19,470 dados "Manungsa Baja" 371 00:16:19,520 --> 00:16:21,574 lan menika bentèr sanget! 372 00:16:22,460 --> 00:16:24,920 Utawi narik montor kaliyan pedhang damel Ripley's, 373 00:16:24,930 --> 00:16:26,290 utawi Guinness, 374 00:16:26,290 --> 00:16:28,760 utawi mlebet finalipun America's Got Talent, 375 00:16:28,820 --> 00:16:31,540 utawi menangaken Ig Nobel Prize in Medicine 2007. 376 00:16:31,550 --> 00:16:33,900 Sanès, menika sanès perkawis kang linangkung saèstu. 377 00:16:33,900 --> 00:16:36,350 Menika kang tiyang lintu manahaken. Sanès. Sanès menika. 378 00:16:36,350 --> 00:16:37,800 Perkawis kang linangkung saèstu 379 00:16:37,800 --> 00:16:40,660 yaniku Tuhan saget mendhet laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niku 380 00:16:40,660 --> 00:16:42,200 kang ajrih kaliyan papan inggil, 381 00:16:42,200 --> 00:16:43,890 kang ajrih kaliyan toya lan hiu, 382 00:16:43,890 --> 00:16:46,370 lan dokter lan suster lan dom lan barang kang landhep 383 00:16:46,370 --> 00:16:47,640 lan criyos dhateng tiyang 384 00:16:47,640 --> 00:16:49,800 lan saniki Tuhan ndamel kula miber kliling dunya 385 00:16:49,800 --> 00:16:51,320 kang inggilipun 30.000 kaki 386 00:16:51,320 --> 00:16:53,900 ngulu barang kang landhep, ing lebetipun toya ing tangki hiu, 387 00:16:53,900 --> 00:16:57,430 lan criyos kaliyan dokter lan suster lan hadirin kados panjenengan. 388 00:16:57,430 --> 00:16:59,580 Punika perkawis kang linangkung saèstu damel kula. 389 00:16:59,580 --> 00:17:01,450 Kula tansah kersa nindakaken perkawis kang mustail - 390 00:17:01,450 --> 00:17:02,380 Matur suwun. 391 00:17:02,380 --> 00:17:03,760 (Keplok) 392 00:17:03,760 --> 00:17:05,220 Matur suwun. 393 00:17:05,660 --> 00:17:09,040 (Keplok) 394 00:17:09,700 --> 00:17:12,569 Kula tansah kersa nindakaken perkawis mustail, saniki kula saged. 395 00:17:12,569 --> 00:17:15,858 Kula kersa nindakaken perkawis linangkung ing gesang lan ngéwahi dunya, 396 00:17:15,858 --> 00:17:16,898 saniki kula saged. 397 00:17:16,898 --> 00:17:19,819 Kula tansah kersa miber kliling dunya mbiantu 398 00:17:19,819 --> 00:17:21,378 lan nylametaken tiyang, saniki kula saget. 399 00:17:21,378 --> 00:17:22,720 Panjenengan sumerep? 400 00:17:22,720 --> 00:17:25,569 Taksih wonten sisa pangimpènipun laré alit menika 401 00:17:25,569 --> 00:17:27,290 tebih ing lebet. 402 00:17:30,320 --> 00:17:36,197 (Ngguyu) (Keplok) 403 00:17:37,000 --> 00:17:40,240 Kula tansah kersa nemoaken tujuan gesang kula, 404 00:17:40,270 --> 00:17:41,530 lan saniki sampun kula temoaken. 405 00:17:41,540 --> 00:17:42,920 Punapa menika? 406 00:17:42,920 --> 00:17:46,230 Sanès kaliyan pedhang, sanès manahanipun tiyang, utawi kekiyatan kula. 407 00:17:46,230 --> 00:17:48,510 Nanging slaeresipun pangapesanipun kula, tembung. 408 00:17:48,510 --> 00:17:51,090 Tujuan gesang kula yaniku damel ngéwahi dunya 409 00:17:51,090 --> 00:17:52,390 déning ngilangaken ajrih, 410 00:17:52,390 --> 00:17:54,910 setunggal pedhang ing sawekdal, setunggal tembung ing sawekdal, 411 00:17:55,070 --> 00:17:57,450 setunggal lading ing sawekdal, setunggal gesang ing sawekdal, 412 00:17:57,540 --> 00:17:59,700 damel nginspirasi tiyang dados pahlawan super 413 00:17:59,700 --> 00:18:01,860 lan nindakaken kang mustail ing gesangipun. 414 00:18:02,060 --> 00:18:04,680 Tujuan kula yaniku damel mbiantu tiyang nemoaken tujuanipun. 415 00:18:04,680 --> 00:18:05,680 Menawi panjenengan? 416 00:18:05,680 --> 00:18:06,960 Napa tujuan panjenengan? 417 00:18:06,960 --> 00:18:08,960 Konjuk punapa panjenengan diciptaaken? 418 00:18:09,260 --> 00:18:11,590 Kula percados kita sedanten pahlawan super. 419 00:18:12,160 --> 00:18:14,260 Napa kekiyatan super panjenengan? 420 00:18:14,560 --> 00:18:17,990 Saking kinten-kinten 7 miliar tiyang ing dunya, 421 00:18:17,990 --> 00:18:20,250 wonten kirang saking sawetara lusin penelan pedhang 422 00:18:20,250 --> 00:18:21,661 ing dunya saniki, 423 00:18:21,661 --> 00:18:22,940 nanging namung wonten setunggal panjenengan. 424 00:18:22,940 --> 00:18:24,070 Panjenengan menika unik. 425 00:18:24,070 --> 00:18:25,540 Punapa crita panjenengan? 426 00:18:25,540 --> 00:18:27,760 Punapa kang ndamel panjenengan bènten? 427 00:18:27,760 --> 00:18:29,180 Mangga dicriosaken, 428 00:18:29,180 --> 00:18:31,721 senaosa suwara panjenengan lirih lan gemeter. 429 00:18:31,900 --> 00:18:33,340 Punapa throme panjenengan? 430 00:18:33,340 --> 00:18:35,850 Bilih saget nindakaken napa mawon, dados sinten mawon, tindhak teng pundi mawon 431 00:18:35,850 --> 00:18:37,430 Badhé nindakaken napa? badhé tindhak teng pundi? 432 00:18:37,430 --> 00:18:38,480 Badhé nindakaken napa? 433 00:18:38,480 --> 00:18:40,340 Kersa nindakaken napa kaliyan gesang panjennegan? 434 00:18:40,340 --> 00:18:41,760 Napa pangimpèn ageng panjenengan? 435 00:18:41,760 --> 00:18:44,450 Nalika taksih alit? monggo dimanahaken. 436 00:18:44,450 --> 00:18:46,240 Sanés niki, kan? 437 00:18:46,483 --> 00:18:47,880 Napa pangimpèn paling liar 438 00:18:47,880 --> 00:18:50,450 kang panjenengan pikir anèh lan mbebayani? 439 00:18:50,450 --> 00:18:54,040 Niki ndamel pangimpèn panjenengan mboten anèh, kan? 440 00:18:55,370 --> 00:18:57,050 Napa pedhang panjenengan? 441 00:18:57,050 --> 00:18:58,650 Sedanten gadhah pedhang, 442 00:18:58,650 --> 00:19:00,600 pedhang bertepi kalih, ajrih lan pangimpèn. 443 00:19:00,600 --> 00:19:03,520 Monggo diulu pedhangipun, punapa mawon. 444 00:19:03,890 --> 00:19:05,870 Monggo ditumuti pangimpènipun, para hadhirin, 445 00:19:05,870 --> 00:19:08,900 mboten naté telat dados sinten mawon kang panjenengan kersani. 446 00:19:09,720 --> 00:19:12,920 Damel perundung kaliyan dodgeball, laré kang mikir 447 00:19:12,920 --> 00:19:14,916 menawi kula mboten naté nindakaken kang mustail, 448 00:19:15,060 --> 00:19:17,645 Kula badhé matur: 449 00:19:17,645 --> 00:19:18,841 Matur suwun. 450 00:19:18,940 --> 00:19:22,220 Amargi tanpa tiyang awon, mboten wonten pahlawan super. 451 00:19:23,020 --> 00:19:27,237 Ing mriki kula kersa mbuktèkaken kang mustail mboten mustail. 452 00:19:28,300 --> 00:19:32,310 Niki sanget mbebayani, lan saget mejahi kula. 453 00:19:32,340 --> 00:19:33,720 Mangga disekécaaken. 454 00:19:33,720 --> 00:19:35,260 (Ngguyu) 455 00:19:36,350 --> 00:19:38,700 Kula badhé mbetahaken bantuan panjenengan. 456 00:19:46,731 --> 00:19:48,405 Hadhirin: Kalih, tiga. 457 00:19:48,405 --> 00:19:52,100 Dan Meyer: Mboten. Kula mbetahaken panjenengan damel ngétang, oke? 458 00:19:52,100 --> 00:19:53,210 (Ngguyu) 459 00:19:53,210 --> 00:19:55,840 Bilih sumerap tembungipun? Mangga ngétang kalih kula. Siap? 460 00:19:55,870 --> 00:19:56,964 Setunggal. 461 00:19:56,964 --> 00:19:58,150 Kalih. 462 00:19:58,170 --> 00:19:58,980 Tiga. 463 00:19:58,980 --> 00:20:00,920 Sanès, niku 2, nanging panjenengan paham. 464 00:20:06,760 --> 00:20:07,780 Hadhirin: Setunggal. 465 00:20:07,840 --> 00:20:08,750 Kalih. 466 00:20:08,800 --> 00:20:10,010 Tiga. 467 00:20:11,260 --> 00:20:13,280 (Megap) 468 00:20:14,360 --> 00:20:15,940 (Keplok) 469 00:20:16,251 --> 00:20:17,450 DM: Inggih! 470 00:20:17,450 --> 00:20:23,100 (Keplok) (Sorak) 471 00:20:23,100 --> 00:20:24,820 Matur suwun sanget. 472 00:20:25,450 --> 00:20:28,800 Matur suwun, matur suwun, matur suwun. Saking lebetipun manah kula. 473 00:20:28,800 --> 00:20:31,290 Saleresipun, matur suwun saking lebetipun madharan kula. 474 00:20:31,880 --> 00:20:35,020 Kula dugi mriki damel nindakaken kang mustail, saniki kula sampun. 475 00:20:35,030 --> 00:20:37,730 Nanging menika mboten mustail. Kula nindakaken menika saben dinten. 476 00:20:37,800 --> 00:20:42,800 Kang mustail yaniku damel laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niku ngadhepi ajrih 477 00:20:42,840 --> 00:20:44,600 damel jumeneng ing panggung TEDx mriki, 478 00:20:44,600 --> 00:20:47,100 lan damel ngéwahi dunya, satembung ing sawekdal, 479 00:20:47,100 --> 00:20:49,080 sapedhang ing sawekdal, sagesang ing sawekdal. 480 00:20:49,080 --> 00:20:52,060 Bilih kula saget ndamel panjenengan manah ing cara enggal lan percados 481 00:20:52,060 --> 00:20:54,460 kang mustail mboten mustail, 482 00:20:54,460 --> 00:20:57,960 ugi saget ndamel sadhar, bilih panjenengan saget nindakaken kang mustail, 483 00:20:58,120 --> 00:21:01,020 Pandamelan kula sampun mantun, lan panjenengan nembé miwiti. 484 00:21:01,020 --> 00:21:04,100 Mangga terus nyupéna, Mangga terus percados. 485 00:21:04,820 --> 00:21:06,350 Matur suwun sampun percados kula 486 00:21:06,350 --> 00:21:08,250 lan dados bagéan pangimpèn kula. 487 00:21:08,250 --> 00:21:09,550 Menika hadhiah kula: 488 00:21:09,550 --> 00:21:11,486 Perkawis kang mustail mboten... 489 00:21:11,486 --> 00:21:12,920 Hadhirin: Mustail. 490 00:21:12,920 --> 00:21:14,920 Mlampah kang dangu bagéanipun hadhiah. 491 00:21:15,100 --> 00:21:19,560 (Keplok) 492 00:21:19,560 --> 00:21:21,020 Matur suwun. 493 00:21:21,060 --> 00:21:25,360 (Keplok) 494 00:21:25,580 --> 00:21:27,560 (Sorak) 495 00:21:27,780 --> 00:21:30,240 Host: Matur suwun, Dan Meyer, wow!