Matur suwun.
Riyén wonten Maharaja ing India kang
ndamel titah ing dinten ambal warsanipun
yèn sekabèhé temenggung kedah mbekta
hadhiah kanggé sang raja.
Wonten kang mbekta sutra,
wonten kang mbekta pedhang mewah,
wonten kang mbekta emas.
Ing pungkasanipun barisan wonten
tiyang sepuh kang keriput sanget
mlampah saking désanipun ing kathah dinten
langkung segara.
Nalika mlampah, putranipun raja tanglet,
"Hadhiah apa sing sampéyan gawa?"
Tiyang sepuh punika alon-alon mbukak
tanganipun nuduhaken
kerang kang bagus sanget, kaliyan
lengkung ungu lan kuning, abang lan biru.
Putranipun raja dhawuh,
"Hadhiah iku ora cocok kanggo Raja!
Hadhiah apa iku?"
Tiyang sepuh punika ningali
putranipun raja lan sanjang,
"Mlampah kang dangu...bagéan
saking hadhiah."
(Ngguyu)
Ing sadhéla, kula badhé nyukani
panjenengan sekaliyan hadhiah,
hadhiah kang kula percayani
hadhiah kang manfaat.
Nanging sadèrèngé, kula bekta panjenengan
dhateng lampah kula.
Kados penjenengan,
kula lair minangka bocah cilik.
Wonten pinten panjenengan kang lair
minangka bocah cilik?
Lair enom?
Kira-kira setengahipun... Oke...
(Ngguyu)
Lan sisanipun napa?
Lahir minangka diwasa?
Kula kepéngin panggih ibu panjenengan!
Niku mustail!
Nalika cilik, kula kasengsem kalih
nglakoni kang mustail.
Dinten niki niku dinten ingkang kula
tunggu-tunggu,
krana dinten niki niku dinten
kula badhé nyobi
nindakaké kang mustail ing ngajengipun
penjenengan,
ing TEDxMaastricht mriki.
Kula badhé mulai
kalih nuduhaké pungkasanipun:
kula badhé mbuktèkaken
yèn ingkang mustail niku
mboten mustail.
Kula badhé mungkasi kaliyan nyukani
panjenengan hadhiah kang manfaat:
Kula badhé nuduhaké yèn panjenengan saget
nglakoni kang mustail.
Ing usaha kula nglakoni kang mustail,
kula nemoaken yèn
ana kalih perkara ingkang sami
ing antarané manungsa sedaya.
Manungsa sedaya gadhah ajrih,
lan manungsa sedaya gadhah impèn.
Ing usaha kula nglakoni kang mustail,
kula nemoaken tigang perkawis
kang sampun kula lakoni taunan
ingkang nyebabaké
kula nglakoni perkawis kang mustail:
Dodgeball, utawi panjenengan
arani "Trefbal",
Superman,
lan Nyamuk.
Menika tiga tembung kunci.
Saniki panjenengan ngertos alasan
kula nglakoni kang mustail.
Kula badhé mbekta panjenengan dhateng
lelungan kula,
saking ajrih marang impèn,
saking tembung marang pedhang,
saking Dodgeball
marang Superman
marang Nyamuk.
Kula pèngin nuduhaken
caranipun nindakaken ingkang mustail.
4 Oktober 2007.
Ati kula ndhredheg,
jengku kula gemeter
nalika minggah panggung
ing Teater Sanders
Universitas Harvard damel nampi
Hadhiah Nobel Ig 2007 ing Obat-obatan
kanggé riset medis ingkang kula
tulis sareng
kaléh judhul "Ngulu Pedhang...
... lan Efek Sampingipun".
(Ngguyu)
Menika diterbitaken ing jurnal alit,
kula dhèreng naté waos sadèréngé,
British Medical Journal.
Damel kula, menika wau impèn mustail
kang dados kasunyatan,
kejutan kang mboten dinyana damel
tiyang kados kula,
pakurmatan kang mboten badhé
kula supéaken.
Tapi, menika wau sanès bagèan kang
paling kula ilingi.
4 Oktober 1967,
laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niki
ngalami ajrih ingkang sanget.
Nalika dhèwèké nyiapaken
minggah panggung,
manahipun ndhredheg,
jengkunipun gemeter.
Dhèwèké badhé mbukak lambénipun,
mboten wonten tembung ingkang medal.
Dhèwèké gemeteran ing luh.
Lumpuh ing panik,
mbeku ing ajrih.
Laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niki
ngalami ajrih ingkang sanget.
Dhèwèké ajrih marang peteng,
ajrih marang panggèn inggil,
ajrih marang laba-laba lan ula.
Wonten kang ajrih kaliyan laba-laba
lan ula?
Nggih, wonten sawetara..
Dhèwèké ajrih marang toya lan hiu..
Ajrih marang dokter, suster lan
dokter waja,
lan dom lan bor lan barang kang cetha.
Nanging dhèwèké paling ajrih
marang
tiyang.
Laré ajrih, lingsem, kera, lan lemah niku
kula.
Kula ajrih marang kegagalan lan penolakan,
mboten percaya diri,
kompleks inferioritas,
lan perkara ingkang wektu niku dèrèng
dipuntepangi:
gangguan kecemasan sosial.
Amarga ajrih, perundung nggodha
lan nggebagi kula.
Sedaya nggujeng lan ngèjèk kula,
mboten ngajak kula dolanan
rusa kutub.
Wonten setunggal dolanan ingkang kula
diangsalaken tumut...
Dodgeball -
kula sanès pandolan kang saé.
Perundung punika nimbali nami kula,
nalika ndongak, wonten bal abrit
nubruk wajah kula enggal pisan
bam, bam, bam!
kula émut ndinten-dinten mlampah
wangsul saking sekolah,
wajah kula abrit lan perih,
kuping kula abrit lan mbrenginging.
Paningal kula panas kaliyan luh,
lan gunemané perundung punika
mbakar kuping kula.
Lan sintena kang criyos,
"Tongkat lan watu saget nugelaken balung
kula tapi guneman mboten saget natoni"
Menika mboten leres.
Guneman saget ngiris kados lading.
Guneman saget nyuduk kados pedhang.
Guneman saget natoni kang jero
ngantos mboten saget dipriksani.
Kula gadhah ajrih.
Lan guneman niku musuh bebuyutan kula.
Taksih.
Tapi kula nggih gadhah impèn.
Nalika dugi griya,
kula slimuraken kaliyan komik Superman
kula maos komik Superman
ing awangan kula, kula péngén dados
pahlawan super kados Superman.
Kula péngén merjuangaken
ingkang leres lan adhil,
merangi tiyang ala lan séla kripton,
miber keliling dunya mbiantu lan
nlyametaken tiyang lintu.
Kula ugi kesengsem kaliyan barang
kang nyata.
Kula maos Guiness Book of World Records
lan buku Ripley's Believe it or Not.
Wonten kang nate maos Guinness
Book of World Records utawi Ripley's ?
Kula remen buku niku wau!
Kula ningali tiyang nyata nindakaké
barang nyata.
Kula péngin nindakaké punika.
Menawi perundung niku nglarang
kula
dolanan kaliyan dhèwèké,
kula péngin nindakaké sihir nyata,
barang nyata,
nindakaké samukawis kang linangkung,
perundung mboten saget tindakaken.
Kula péngin sumerep tujuan gesang kula,
menawi gesang kula gadhah jarwa,
kula péngin nindakaké samukawis kang
linangkung damel ngéwahi dunya;
kula péngin mbuktèkaken menawi kang
mustail niku mboten mustail.
10 taun saksampunipun -
Seminggu sakdèrèngé ambal warsa 21
kula.
Wonten kalih kedadosan ing sedinten kang
badhé ngéwahi gesang kula.
Wektu niku kula gesang ing Tamil Nadu,
India Kidul
Kula wektu niku misionaris,
lan mentor kula,
réncang kula tanglet,
"Sampéyan duwé Throme, Daniel?"
Kula tanglet, "Thromes?
Apa iku Thromes?"
Dhèwèké sanjang, "Thromes iku tujuan urip
sing gedhé.
kombinasi antara impèn lan tujuan,
yèn sampéyan iso
nglakoni apa waé, lunga
nyang endi waé,
dadi sapa waé sing kokpéngini,
arep lunga nyang endi sampéyan?
arep nglakoni apa sampéyan?
arep dadi sapa sampéyan?
Kula sanjang,"Aku ora iso! aku wediyan!
Aku wedi karo apa waé!"
Ing dalu niku kula bekta gelaran kula
dateng atap bungalow,
lintang dados atapipun,
lan ningali lawa mangsa nyamuk.
Kula namung mikiraken thromes,
impèn lan tujuan kula,
lan para perundung kaliyan dodgeball.
Ing sawetara jam, lajeng kula tangi.
Manah kula dheg-dhegan,
jengku kula gemeter.
Tapi niki sanès amargi ajrih.
Badan kula kejang.
Ing gangsal dinten
kula bola-bali sadhar lan mboten, ing
ranjang kematian merjuangaken gesang kula.
Utek kula panas 40 derajat demam malaria.
Saben sadhar, kula namung mikiraken
thromes.
Ing manah kula,
"Apa sing takpéngini karo uripku?"
Akhiripun, sedalu sadèrèngé
ambal warsa 21 kula,
nalika sedanten gamblang,
kula sadhar:
kula sadhar menawi nyamuk alit niku,
Anopheles Stephensi,
nyamuk alit niku
kang antebipun kirang saking
5 mikrogram
kirang saking antebipun uyah,
menawi nyamuk menika saget ngalahaken
tiyang 170 pon, 80 kilo,
kula sadhar menika wau
séla kripton kula.
Lajeng kula sadhar,
sanès, sanès nyamuké,
tapi parasit alit ing dalem nyamukipun,
Plasmodium Falciparum, kang mejahi
langkung saking seyuta tiyang setaun.
Lajeng kula sadhar
Sanès niku, tapi langkung alit,
kula ngraos menika wau
langkung ageng.
Kula sadhar,
ajrih menika séla kripton kula,
parasit kula,
kang sampun nglumpuhaken kula
salebetipun gesang kula.
Baya lan ajrih niku bènten.
Baya menika nyata.
Ajrih menika pilihan.
Lan kula sadhar kula gadhah pilihan:
kula saget gesang ing ajrih,
lan séda ing kewurungan dalu niku,
utawi kula saget ngilangaken ajrih kula,
lan kula saget
mujudaken pangimpèn kula,
wantun nglampahi gesang kula.
Nalika panjenengan wonten ing
ranjang kematian
lan ngadhepi pejah, punika saget ndamel
panjenengan kersa nglampahi gesang.
Kula sadhar tiyang saget pejah,
mboten sedanten saget gesang saéstu.
Ing sekarat, kita saget gesang.
Nalika sinau damel pejah,
panjenengan sinau damel gesang.
Kula mutusaken menawi kula
badhé ngéwahi
cariyos kula dalu niku.
Kula mboten kersa pejah.
Dados kula ndonga,
"Gusti, menawi kula taksih gesang
ngantos ambal warsa 21,
kula mboten péngin ajrih ngatur
gesang kula malih.
Kula badhé ngilangaken ajrih,
kula badhé mujudaken pangimpèn kula,
kula kersa ngéwahi sikap kula,
nindakaken samubarang kang linangkung
ing gesang,
kula kersa nemoaken tujuan gesang kula,
lan mangertosi menawi kang mustail
niku mboten mustail."
Kula mboten badhé nyriosi menawi kula
slamet dalu niku, pados mangertos piyambak
(Ngguyu)
Nanging dalu punika kula ndamel daftar
10 Thromes awal kula:
Kula péngin nyambangi benua utama
nyambangi 7 Keajaiban Dunia
sinau kathah basa,
gesang ing pulau kang terpencil,
gesang ing kapal ing seganten,
gesang kaliyan suku Indian
ing Amazon,
minggah ngantos puncak gunung
paling inggil ing Swedia,
ningali Gunung Everest nalika
srengéngé mlethèk,
nyambut damel ing bisnis musik
ing Nashville,
kula péngin nyambut damel
kaliyan sirkus,
lan mlumpat saking pesawat.
Langkung saking kalih dasa tahun,
kula wujudaken throme kula.
Saben kula kasil nindakaken
setunggal throme,
kula tambahi 5 utawi 10 malih,
daftar kula tambah ageng.
Ing pitung taun saklajengipun, kula gesang
ing pulau alit ing Bahamas
ing pitung taun
ing gubuk,
numbak ulam hiu lan pari damel tedhan,
namung kula ing pulau punika,
nganggé cawat,
lan kula sinau nglangi kaliyan hiu.
Saking ngrika, kula pindhah dhateng Mexico,
lajeng dhateng basin Kali Amazon
ing Ekuador,
Pujo Pongo Ekuador,
gesang kaliyan suku ing ngrika,
sekedhik baka sekedhik kula dados
percaya dhiri amargi throme kula.
Kula pindhah dhateng bisnis musik
ing Nashville, lajeng Swedia,
pindhah dhateng Stockholm,
nyambut damel ing bisnis musik,
kula ugi minggah puncak redi Kebnekaise
tebih ing inggilé Lingkaran Arktik.
Kula sinau dados badhut,
lan sulap bola,
lan mlampah kaliyan égrang,
sepédhahan roda setunggal,
mangan geni lan beling.
Ing 1997 kula mireng namung wonten kirang
saking kalihwelas penelan pedhang
kula sanjang, "aku kudu iso
ngulu pedhang!"
Kula kepanggih penelan pedhang,
lan kula nedha tips.
Piyambaké sanjang, "Tak wènèhi 2 tips:
Nomer 1: Iki bahaya banget,
Akèh sing mati saka nglakoni iki.
Nomer 2:
Aja dicoba!"
(Ngguyu)
Dados kula tambahaken menika
ing daftar throme.
Kula latihan kaping 10 ngantos 12
sedinten, saben dinten
ing sekawan taun.
Saniki kula itung-itung...
4 x 365 [x 12]
kinten-kinten 13.000 cobèn kang gagal
sadèrèngé kasil ngulu pedhang
ing 2001.
Wektu niku kula ndamel
setunggal throme
supados dados ahli penelan pedhang
ing dunya.
Kula waos sedaya buku , majalah,
artikel koran,
sedaya laporan medis,
kula sinau fisiologi, anatomi,
kula diskusi kaliyan dokter lan suster,
ngempalaken sedaya penelan pedhang
ing dalem Sword Swallowers Association
International,
lan nindakaken 2 taun penelitian medis
ing Ngulu Pedhang lan Efek Sampingipun
kang diterbitaken ing
British Medical Journal.
(Ngguyu)
Matur suwun.
(Keplok)
Kula angsal sawetara kaweruh
babagan ngulu pedhang.
Kula yakin jenengan dèrèng naté pikiraken,
tapi pasti mikiraken samantun niki.
Kala wangsul mangké, lan ngiris steak
panjenengan kaliyan lading
utawi pedhang, utawi "bestek",
panjenengan badhé mikiraken niki...
Ngulu pedhang menika
diwiwiti ing India -
panggénan kula ningali ngulu pedhang
pertama kali kala kula 21 taun -
kinten-kinten 4000 tahun kepengker,
2000 SM.
Salebetipun langkung saking 150 taun,
penelan pedhang digunakaken
ing bidhang sains lan obat-obatan
kanggé mbiantu ngembangaken
endoskop kaku ing 1868
déning Dr. Adolf Kussmaul
ing Freiburg Germany.
Ing 1906, electrokardiogram ing Wales,
kanggé nyinauni penyakit babagan
ngulu lan pencernaan,
bronkoskop lan sajinisipun.
Tapi salebetipun langkung
saking 150 taun,
wonten atusan cidra lan
puluhan pejah...
Menika endoskop kaku kang dikembangaken
déning Dr. Adolf Kussmaul.
Nanging kita nemoaken menawa wonten
29 pejah ing salebetipun 150 taun niki
kalebet penelan pedhang ing London niki
kang nujleb manahipun kaliyan pedhang.
Ugi wonten 3 ngantos 8
cidro saking ngulu pedhang
kang serius saben taun.
Kula sumerep amargi kula ditelpon.
Kula nembé ditelpon ping kalih,
setunggal saking Swedia lan saking
Orlando minggu kepengker,
penelan pedhang kang opnam
ing omah sakit amargi cidro.
Dados niki bahaya sanget.
Perkawis lintuné kang kula pahami
menawi ngulu pedhang mbutuhaken
saking 2 ngantos 10 taun damel nyinauni
caranipun ngulu pedhang
damel kathah tiyang.
Tapi perkawis kang paling linangkung
nggéh menika
caranipun penelan pedhang nyobi
nindakaken perkawis kang mustail.
Kula badhé nyukani penjenengan
wados alit:
Ampun fokus kaliyan 99.9%
kang mustail.
Fokus kaliyan .1% kang mungkin, lan sinau
caranipun ndamel mungkin perkawis menika.
Kula badhé mbekta panjenengan ing dalem
manahipun penelan pedhang.
Supados saget ngulu pedhang, dibutuhaken
meditasi "pikiran atas materi",
konsentrasi tingkat inggil,
akurasi kang sampurna kanggé
ngasingaken organ badhan internal lan
ngilangaken refleks otomatis badhan
langkung sinopsis otak kang kiat,
langkung memori otot kang diulang-ulang
déning latian langkung saking
kaping 1.000.
Kula badhé mbekta panjenengan ing dalem
badhanipun penelan pedhang.
Supados saget ngulu pedhang,
kula kedah nyelipaken pedhang langkung
ilat kula,
nahan refleks mutah ing
kerongkongan serviks,
bélok 90 drajat mandhapi epiglotis,
langkung cricopharyngeal
sfingter esofagus inggil,
nahan refleks perystalsis,
nyelipaken pedhang dhateng
rongga dhadha
ing antawisipun paru-paru.
Ing titik niki,
kula kedah nekan dhateng samping
jantung kula.
Menawi ditingali kaliyan titi,
saged ditingali jantung kula berdenyut
kaliyan pedhang
amargi pedhangipun nyèndhèn jantung
dipisahaken kaliyan kinten-kinten wolung
inci jaringan esophageal.
Niki sanès perkawis kang saged
di damel-damel.
Langkung pedhangipun kedah diselipaken
langkung tosan dhadha,
langkung sfingter esofagus andhap,
mandhap dhateng lambung,
nahan refleks mutah ing lambung
ngantos duodenum.
Gampang.
(Ngguyu)
Menawi kula lanjutaken,
ngantos tuba falopi kula.
(Basa Landa) Eileiders!
Mangké panjenengan saged tanglet
garwanipun piyambak...
Tiyang tanglet kula,
"Kedah kendel sanget supados saget
ngadhepi risiko ing gesang
nekan jantung, lan
ngulu pedhang..."
Mboten. Kang mbetahaken kekendelan
yaiku damel ajrih, lingsem, kera,
lan lemah niku
ngadhepi kegagalan lan penolakan,
mbikak manahipun,
lan ngulu egonipun
lan jumeneng ing mriki, ing ajengipun
tiyang asing
nyriosaken babagan ajrih
lan pangimpèn piyambakipun,
kaliyan risiko mutah,
ing artosan literal lan figuratif.
Matur suwun.
(Keplok)
Kang linangkung saèstu yaniku
kula tansah kersa nindakaken
perkawis kang linangkung
lan saniki kula saget.
Nanging perkawis kang linangkung saèstu
sanès saget ngulu
pedhang 21 ing setunggal wektu,
utawi 20 kaki ing lebet toya ing tangki
kebak 88 hiu lan iwak pari
damel Ripley's Believe It or Not,
utawi dipanasaken ngantos 1500 drajat
damel Stan Lee's Superhumans
dados "Manungsa Baja"
lan menika bentèr sanget!
Utawi narik montor kaliyan pedhang
damel Ripley's,
utawi Guinness,
utawi mlebet finalipun
America's Got Talent,
utawi menangaken Ig Nobel Prize
in Medicine 2007.
Sanès, menika sanès perkawis
kang linangkung saèstu.
Menika kang tiyang lintu manahaken.
Sanès. Sanès menika.
Perkawis kang linangkung saèstu
yaniku Tuhan saget mendhet laré ajrih,
lingsem, kera, lan lemah niku
kang ajrih kaliyan papan inggil,
kang ajrih kaliyan toya lan hiu,
lan dokter lan suster
lan dom lan barang kang landhep
lan criyos dhateng tiyang
lan saniki Tuhan ndamel kula miber
kliling dunya
kang inggilipun 30.000 kaki
ngulu barang kang landhep, ing lebetipun
toya ing tangki hiu,
lan criyos kaliyan dokter lan suster
lan hadirin kados panjenengan.
Punika perkawis kang linangkung saèstu
damel kula.
Kula tansah kersa nindakaken
perkawis kang mustail -
Matur suwun.
(Keplok)
Matur suwun.
(Keplok)
Kula tansah kersa nindakaken perkawis
mustail, saniki kula saged.
Kula kersa nindakaken perkawis linangkung
ing gesang lan ngéwahi dunya,
saniki kula saged.
Kula tansah kersa miber kliling dunya
mbiantu
lan nylametaken tiyang,
saniki kula saget.
Panjenengan sumerep?
Taksih wonten sisa pangimpènipun
laré alit menika
tebih ing lebet.
(Ngguyu) (Keplok)
Kula tansah kersa nemoaken
tujuan gesang kula,
lan saniki sampun kula temoaken.
Punapa menika?
Sanès kaliyan pedhang, sanès manahanipun
tiyang, utawi kekiyatan kula.
Nanging slaeresipun pangapesanipun kula,
tembung.
Tujuan gesang kula yaniku damel
ngéwahi dunya
déning ngilangaken ajrih,
setunggal pedhang ing sawekdal,
setunggal tembung ing sawekdal,
setunggal lading ing sawekdal,
setunggal gesang ing sawekdal,
damel nginspirasi tiyang dados
pahlawan super
lan nindakaken kang mustail
ing gesangipun.
Tujuan kula yaniku damel mbiantu
tiyang nemoaken tujuanipun.
Menawi panjenengan?
Napa tujuan panjenengan?
Konjuk punapa panjenengan diciptaaken?
Kula percados kita sedanten
pahlawan super.
Napa kekiyatan super panjenengan?
Saking kinten-kinten 7 miliar tiyang
ing dunya,
wonten kirang saking sawetara lusin
penelan pedhang
ing dunya saniki,
nanging namung wonten setunggal
panjenengan.
Panjenengan menika unik.
Punapa crita panjenengan?
Punapa kang ndamel panjenengan
bènten?
Mangga dicriosaken,
senaosa suwara panjenengan
lirih lan gemeter.
Punapa throme panjenengan?
Bilih saget nindakaken napa mawon, dados
sinten mawon, tindhak teng pundi mawon
Badhé nindakaken napa?
badhé tindhak teng pundi?
Badhé nindakaken napa?
Kersa nindakaken napa kaliyan
gesang panjennegan?
Napa pangimpèn ageng panjenengan?
Nalika taksih alit?
monggo dimanahaken.
Sanés niki, kan?
Napa pangimpèn paling liar
kang panjenengan pikir anèh
lan mbebayani?
Niki ndamel pangimpèn panjenengan
mboten anèh, kan?
Napa pedhang panjenengan?
Sedanten gadhah pedhang,
pedhang bertepi kalih,
ajrih lan pangimpèn.
Monggo diulu pedhangipun,
punapa mawon.
Monggo ditumuti pangimpènipun,
para hadhirin,
mboten naté telat dados sinten mawon
kang panjenengan kersani.
Damel perundung kaliyan dodgeball,
laré kang mikir
menawi kula mboten naté nindakaken
kang mustail,
Kula badhé matur:
Matur suwun.
Amargi tanpa tiyang awon,
mboten wonten pahlawan super.
Ing mriki kula kersa mbuktèkaken
kang mustail mboten mustail.
Niki sanget mbebayani,
lan saget mejahi kula.
Mangga disekécaaken.
(Ngguyu)
Kula badhé mbetahaken
bantuan panjenengan.
Hadhirin: Kalih, tiga.
Dan Meyer: Mboten. Kula mbetahaken
panjenengan damel ngétang, oke?
(Ngguyu)
Bilih sumerap tembungipun? Mangga
ngétang kalih kula. Siap?
Setunggal.
Kalih.
Tiga.
Sanès, niku 2, nanging panjenengan paham.
Hadhirin: Setunggal.
Kalih.
Tiga.
(Megap)
(Keplok)
DM: Inggih!
(Keplok) (Sorak)
Matur suwun sanget.
Matur suwun, matur suwun, matur suwun.
Saking lebetipun manah kula.
Saleresipun, matur suwun saking
lebetipun madharan kula.
Kula dugi mriki damel nindakaken
kang mustail, saniki kula sampun.
Nanging menika mboten mustail.
Kula nindakaken menika saben dinten.
Kang mustail yaniku damel laré ajrih,
lingsem, kera, lan lemah niku ngadhepi ajrih
damel jumeneng ing panggung TEDx mriki,
lan damel ngéwahi dunya,
satembung ing sawekdal,
sapedhang ing sawekdal,
sagesang ing sawekdal.
Bilih kula saget ndamel panjenengan
manah ing cara enggal lan percados
kang mustail mboten mustail,
ugi saget ndamel sadhar, bilih panjenengan
saget nindakaken kang mustail,
Pandamelan kula sampun mantun,
lan panjenengan nembé miwiti.
Mangga terus nyupéna,
Mangga terus percados.
Matur suwun sampun percados kula
lan dados bagéan pangimpèn kula.
Menika hadhiah kula:
Perkawis kang mustail mboten...
Hadhirin: Mustail.
Mlampah kang dangu bagéanipun hadhiah.
(Keplok)
Matur suwun.
(Keplok)
(Sorak)
Host: Matur suwun, Dan Meyer, wow!